PASEMON KABECIKAN
kapacak uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2060641137548346&id=1684548218490975
Lamun kita nedya arep nangkep pitik, *aja dioyak-oyak*, bisa-bisa kita kekeselan lan pitike sangsaya ngadoh. Wenehana beras lan pakan liyane, mengko rak teka marani karepe dhewe.
Lamun kita nedya arep nangkep pitik, *aja dioyak-oyak*, bisa-bisa kita kekeselan lan pitike sangsaya ngadoh. Wenehana beras lan pakan liyane, mengko rak teka marani karepe dhewe.
Ya mangkono iku uga rejeki, njangkaha klawan bener lan becik, aja kekencengen olehmu ngoyak karo ngotot, malah bisa-bisa kita nora oleh asil. Sisihna lan wetokna pisungsung/sedhekah mengko rejeki bakal sumilir yen wus wancine (kanthi muji sokur dene kabeh mau pinangkane saka Gusti piyambak).
Yen kepengin ngingu kupu, aja kok oyak karo ngincup kupu-kupu iku lha malah bisa mabur.
Coba nenandura taneman kembang
maneka warna, ora let suwe kupu-kupu mau rak padha nyedhak
njur ngegrakake swiwine kang endah.
Malah ora mung kupu-kupu sing padha neka, nanging sawernane kewan liyane uga padha nyedhak : tawon, kinjeng lan liya-liyane nambah asrining warna-warni kang mencutake.
Samono uga sajroning urip ing ngalam donya iki, nalika kita nduweni sedya pepenginan kaarsayan lan kabegjan,
*sebaren* winih kabecikan-kabecikan
, kajujuran-kajujuran lan samubarang tumindak kang migunani tumraping sapepadha.
Temahan kaarsayan lan kabegjan bakal rumentah sumilir kadya iline banyu udan kang pinangkane iya saka kanugrahan kang kaparingake dening Gusti Allah.
Kanthi mangkono samengko kita maksih pinaringan urip, payo kita padha yasa petamanan tinandur kekembangan, krana winih-winih kembang kabecikan lan kajujuran.
Gusti amberkahi!
JM, sirep jalma, 15318
dening eNPe
Kajarwa lan kapethik saka unggahan ing WA grup taun 2018 :
*P E S A N A L A M*
Kalau ingin menangkap ayam, *jangan dikejar*, nanti kita akan lelah dan ayam pun makin menjauh. Berikanlah ia beras dan makanan, nanti dengan mudah ia datang dengan rela.
Begitulah Rejeki, *melangkahlah dengan baik, jangan terlalu kencang mengejar, ngotot memburu,* nanti kita akan lelah tanpa hasil. *Keluarkanlah sedekah, nanti rezeki akan datang menghampiri tepat waktu.*
Kalau ingin *memelihara* kupu-kupu,
Jangan tangkap *kupu-kupunya,*
pasti ia akan terbang.
Tetapi *tanamlah* bunga.
Maka *kupu-kupu*
akan datang sendiri
dan *membentangkan* sayap-sayapnya yang *indah.*
Bahkan *bukan hanya* kupu-kupu yang datang,
*tetapi kawanan* yang lain juga datang :
*lebah,*
*capung.*
*dan lainnya*,
*juga akan datang*
*menambah* warna warni keindahan.
Sama halnya dalam *kehidupan* di dunia ini.
Ketika kita menginginkan
*Kebahagiaan* dan *Keberuntungan,*
Tanamkan *kebaikan* demi *kebaikan,* *kejujuran* demi *kejujuran,*
*Maka kebahagiaan dan keberuntungan akan datang karena dianugerahkan oleh Allah.*
Oleh karena itu,
selagi kita masih *diberi* hidup,
mari kita membangun *taman-taman bunga kita,*
bunga kebajikan dan bunga kejujuran.
Sehat dan sukses selalu. GBU all🙏🏻😊
Komentar
Posting Komentar