LAGU2 DOLANAN KUNA


Sinten ingkang taksih kemutan lagu-lagu dolanan jaman alitan... mangga katuran ngemut-emut.

1. OTOK  OTOK.

Otok otok unine tekek
Cino klontong dioyak singkek
Mlayu mlayu kepleset telek
Tiba ndhodhok kathoke suwek.

2. IBU KULA

Ibu kula nyuwun arta
Ing jawi wonten kere
Kere lumpuh tuwin wuta
Sambat ngelak lan luwe

Enya iki wenehana
Sega  iwak lan banyu
Lan kerene kandhanana
Kon mrene saben minggu

3. PAMAN.

Pamanku ing paprangan
Amimpin pra wadya
Wadya bala dharatan
Pujiku slameta
Pujiku slameta

Lha kae ana upas teka
Semune ngwatiri
Anggawa layang kabar
Yen paman wis mati
Yen paman wis mati .

4. APA KOWE

Apa kowe ra kelingan
Nalika isih bayi
Yen nangis ngower ngower
Yen turu mesti ngompol

Saikine uwis gedhe
Uwis ora tahu ngompol
Uwis dadi bocah pinter
Suk gedhe dadi dokter.

Saikine  uwis gedhe
Uwis dadi bocah pinter
Tumpakane montor mabur
Wis padhà dadi insinyur

5. SRENGENGE NYUNAR

Srengenge nyunar kanthi mulya
Angine midid klawan rena.

Manuke ngoceh ana ing wit-witan
Kewane nyenggut ana ing pasuketan.

Ayo padha muji Allah kang mulya
Ayo padha muji Allah kang mulya.

JM, jawah sonten, 17318
        - eNPe -
-saged pun inguk ugi ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2061564360789357&id=1684548218490975

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN