ANDHAP-ASOR & LEMBAH MANAH
* Mung sakecap tembung kang nylekit bisa gawe serik lan lara ati kang ora bisa kalalekake.
* Swasana suka rena lan bagya sanalika bisa kesaput lan kasirep krana tembung nyerikake ati mau.
* Yen ana wong sing pitakon Kena apa? sliramu mangsuli : "Tembung-tembunge banget olehe nyerikake ati."
* Apa ya bener yen tetembungan mau banget nyerikake?
* Utawa atimu sing gampang serikan?
.... Ora! ngono kira-kira wangsulanmu.
* Sliramu ora serikan lan tetembungan nylekit iku ora ana apa-apane.
* Sejatine prakarane iku Atimu sing kaku lan gumunggung (tinggi hati bs. Ind).
* Ati Gumunggung njalari gegedhen rumangsa, gumedhe ati, kaku ati, ora lembah-manah, cumepak kanepsone lsp.
* Ati gumunggung agawe sliramu tansah rumangsa kajen, rumangsa mulya, rumangsa bener dhewe, pinter dhewe ora gelem disaruwe/diwaoni.
* Tandang tanduk kaya mangkono iku sing njalari sliramu gampang diububi atimu, kacenthok ati, serikan ati, duwe panduga ala lan nyepelekake mring liyan.
* Jujur bae sejatine gumunggunge ati mujudake upaya kanggo nutupi kekurangane dhewe, jiwa kita kang ora kukuh gampang diombang ambingake rasa sing kropos mau.
* Lamun sliramu kepengin kukuh, ing sawayah-wayah udinen asipat lembah-manah(sabar) lan andhap-asor(ora gumedhe).
* Mbok arepa ana tetembungan sing banget nylekit lan nyerikake iku ora ana apa-apane.
" ANDHAP-ASOR & LEMBAH-MANAH njalari solah bawamu edhum, kalem, katon tentrem ananging kukuh kadya
ombak ing dhasare samudra.
* Ora kudu muntab-muntab kaya ombak-ombak cilik ing salumahe segara.
* Lembah-manah ya andhap-asor iku agawe kita plong bebas rasane ati;
Lembah-manah mujudake sumber kekuatan lan suka rena.
JM, sirep bocah, 8318
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar