RUKUN AGAWE SANTOSA CRAH AGAWE BUBRAH
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2263305683948556&id=1684548218490975
He para kadang kinasih, pigatekna semut iku,
lakune titenana lan dadia pinter. Sanadyan semut iku ora ana kang mimpin,
ora ana kang ngatur lan ora ana kang manggedheni,
iya padha keklumpuk rejeki ing mangsa panas, lan tandho pangan ing mangsa panen.
Endahneya lamun uriping manungsa kadya tumindake semut,
guyub rukun bebarengan ngayahi pakarti ngudi gegayuhan kang kaesthi, sayuk-sayuk rukun bebarengan karo kancane gotong royong kanggo katentreman lan kamulyaning bangsa.
Tanpa piguna lan nistha wong kang urip kalawan cangkem kang cidra,
kang atine ngangen-angen kaculikan,
kang tansah ngrantam-rantam piala, lan kang njalari tukar padu.
Padha dieling : "Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah!"
JM, lingsir sore, 180517
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar