DUMUNUNGE URIP
Dumadine manungsa iku pinangkane saka ing kersane Gusti Allah samono uga saisining jagad raya tinitahake dening Pangeran Gusti kang Murbeng Gesang.
Dene urip iku dumununge ana ngendi? Sejatine ya ana ing nala iki! Wiwit jabang bayi mula uriping manungsa kadya kertas kosong putih suwe ning suwe kaisenan sawernaning tatanan samubarang laku kang nora nate kandheg.
Iya kaya mangkono iku kertas datan kebak lan tansah bisa katulis, kaya banyu mili ing kalenan saben dinane.
Sumurupa dene srengenge mlethek, srengenge angslup, banjur enggal-enggal bali maneh ing panggonan kang bakal mletheke.
Angin sumilir midid mangidul, banjur mbalik mangalor terus-terusan mubeng-mubeng, lan sajrone mubang-mubeng iku angin mau tumuli bali maneh.
Sakehing banyu kali iku padha mili menyang ing sagara, ewasamono sagara ora banjur dadi kebak, panggonan anjoge ilining kali iku tetep dadi dhoking iline kali.
Samubarang kabeh iku anggone gawe sayah nganti ora kena kacaritakake dening manungsa; mripat ora wareg-wareg anggone ndeleng, kuping ora wareg-wareg anggone ngrungokake.
Apa kang tau ana, bakal ana maneh; lan apa kang tau dilakoni, bakal dilakoni maneh; ora ana barang kang anyar ing sangisoring langit.
Mula aja kuwatir bab uripmu Gusti Allah wus nyawisake kabutuhanmu kadya manuk mabur kang nora nate nyebar winih iya nora kaliren, ewa samono manungsa kudu ngupaya kabeh apa kang wus sumadhiya kanthi temen miturut angger-anggering Gusti Allah, aja nerak tatanan kang murang tata srakah andarbeki kanggo awake dhewe, iki kang dadi cikal bakale tumindak ngunthetake dudu darbeke kang kondhang aran "korupsi".
JM, lingsir wengi, 03318
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar