PRIHATIN

  He para sadulur sadarum dikaya anggon kita padha sumurup bab lelakoning urip kang sumaji saben dinane. Iba mrihatinake!... tansah kaprungu tumindak blasar para abdi nagara iya kang wus kapiji dadi panguwasa apadene masarakat liyane kang nembe arep maju ing tandhing pamilihan.

  Marga saka iku kita kudu luwih titi anggon kita nggatekake apa kang wus kita rungu, supaya kita ora kentir katut ombak lan ilining banyu.

  Akeh wong padha mung mikir marang awake dhewe lan karem bandha, padha gumunggung, lan mamerake dhiri pribadi, bakal dadi tukang mitenah, bakal wani karo wong tuwa sarta ora duwe panarima, ora mreduli marang pranatane agama,

  Padha dieling manawa alam jembar iki pinangkane amarga katitahake dening sabdane Gusti Allah, temahan samubarang kang kita deleng iku wus tumitah saka kang ora bisa kita deleng. Mula ayo kita peperti bebarengan amrih bisoa murakabi tumrap uriping manungsa titahe Pangeran Gusti Kang Maha Agung.

JM, parak esuk, 170218
       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN