RINOBAN BERKAHING GUSTI

Kula tansah nenuwun lan nyadhong berkahing Pangeran,
menggahing gesang kekadangan mugya tansah rinoban karaharjan.

Kula rinoban ing begja rinten dalu datan kendhat,
ing lelampahan prasaja dalah srana mukjijad.

Kula rinimat ing Gusti dalah sagunging titah,
mangsa kang silih gumanti tumujweng pinanggih sarwa endah.

Kula pikantuk pemimpin kang darmalaksana,
anggenira tumindak adil mring kawulaning nagara.

Kula nggih binerkahan lantaran mitra kadang sesarengan,
sumanaking sesrawungan datan wonten memengsahan.


JM, parak enjing, 260218
             eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN