BELA-RASA
Bela-rasa yaiku melu ngrasakake / nepakake mring apa kang dirasakake liyan lumrahe sinebut tepa-slira.
Bela-rasa awujud sumarah dhiri mring liyan. Bela-rasa yaiku awujud asih. Nora ana asih datanpa pasrahing dhiri mring kang diasihi.
Wong kang prigel sumarah dhiri iku wong kang sumadhiya nampa kakurangan, nampa kasusahan lan aweh pangorbanan mring liyan.
Wani angasihi ateges wani nampa kasusahan, ora nengenake kabutuhan lan kepenake dhewe bae, nanging bisa ngrasakake susah lan kasedhihan mrangguli kasusahane wong liya.
Samangsa kita andadekake sumbering karusakan tumrap sabarang titah dadi lan cuthesing panguripan, ngancem panguripaning sapepadha utawa gawe crah lan bubrahe patunggilan lan paseduluran, iku mratandhani yen jiwa kita nora sehat.
Mulane bela-rasa iku kaprelokake ana ing sawernaning pasrawungan temah bisa agawe rukun. Sabanjure rukun agawe santosa mengkono suwalike crah agawe bubrah.
JM, grimis esuk, 19217
- eNPe -

Komentar
Posting Komentar