UBENGING JAGAD

Cahyaning Sasadara ya sang rembulan kang kesaput mendhung ngendhani petenging ratri
Nggremet lakune ing brang kulon.

Alon-alon......
jagading nuswantara kawiyak sunare sang Raditya
Sakesuk pra jalma anggone macaki dalan.

Kumleyang gambaran lelakon kang wus kalampahan
Pra umat lelumban gegancangan andon gawe.

Cemruwit swara bocah-bocah tumujweng pawiyatan
Angudi elmu kanggo sanguning urip tembe buri.

Ing antarane gegodhongan manuk mabur-menclok nambah asrining swasana
Warna-warnining puspa katon endah sumorot sunare sang Bagaskara.

JM, lingsir wetan,120617
         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU