REREPÈN WANCI WENGI

Nalika kita nyipati lintang kang abyor ing wengi kang sepi;
Iba rasaning wardaya dennya memuji kaagungannya Gusti;
Ya Gusti kang nitahake kabeh saisining bumi;
Dalah pra umatnya kang Gusti tresnani.

Nanging ya gene pra umat tansah tumindak blasar;
Nora ngugemi dhawuhe Pangeran liwat dalan nyasar;
Tumindak lan polah kang bisa njalari ambyar;
Payo kita enggala samya oncat sing tumindak kasar.

Puji puji Gusti ...
mugya Paduka paring pangauban
mring kawula sadarum;
umat setya tuhu dhumateng Gusti
tan badhe nilar kawula umat kagungan Paduka.

JM, sirep jalma, 250218
         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN