DALANING URIP

(kapacak uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2058937647718695&id=1684548218490975

Uriping manungsa nalika kalairake kadya lembaran kertas putih kang tanpa cacat.... dene yen kertas mau kabur kanginan kang ora ener njur kecemplung jogangan peceren ya bilai tenan kertas iku dadi lan glaprut regedan. Mangkono uga manungsa yen mlaku ngambah dalan kang ora ener lan ora becik bisa ketularan ora becik lan tumindak kang ora prayoga bisa tumekane duraka.

Mula he para kadang udinen lan upayanen anggon kita nglakoni urip iki dipadha ngati-ati aja nganti kajeglong, kabujuk pepenginan lan samubarang iming-iming kadonyan. Ngambah lan mlakua ing dalan kang bener.

Ana pitutur mengkene : (Mat 7:13,14)
Padha lumebua liwat lawang sing ciyut, awit lawang sing amba lan dalan sing jembar kuwi anjog ing bilai! Kamangka akeh wong sing padha milih dalan mau.
Kosokbaline lawang sing ciyut lan dalan sing rumpil kuwi tumuju marang urip rahayu, lan mung sethithik cacahe wong sing milih dalan kuwi.

Racake dalan sing katone jembar iku nengsemake sarwa kepenak, nanging ora ngertia yen ora ngati2 bisa kecelik akeh godhane tumuju karusakan / bilai.
Dene dalan sing ciut lan rumpil bokmenawa akeh rekasane kudu mlaku miring kareben ora kebaret tembok nanging sejatine tumuju ing karahayon.

JM, lingsir wengi, 13318
       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN