LELABUHAN URIP

Sangganing urip tan kena kapenggak;
maju mundure kawula myang pakarti;
kinubeng sesrawutan angayuh padayantra;
tumreceping ganda asep montor agawe seseking dhadha.

Menyang isuk mulih surup;
tan nate ketemu sumoroting radite;
sadalan-dalan peteng kang tinemu;
kadikaya sumpeking nala kang sulaya.

Ya amung lelabuhane wajibing urip;
ya darmaning kulawarga den ayahi;
anyadhong berkahing Gusti;
mugya kasembadan kang kaesthi.

JM, parak esuk, 090517
           eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊