ANGANTU GUSTI PANGERAN
Iba batos kula ngantu-antu karawuhan Gusti Pangeran,
kawula kaluwarana sing tyang remen memengsahan,
sestu katedahna margi kayekten Paduka,
namung Paduka pribadya sumbering tentrem raharja.
Margining kawilujengan sampun Paduka cawisna,
nanging umat Paduka nedya nyelaki datan guna,
"He wong dosa dhasar dalanira jembar bungah yen dilakonana,
nging sira tan nduga kang rekasa yeku kang anjog mring nagri baka."
Tan wonten pangauban sestu namung Paduka,
etuking pitulungan tumrap tyang kang nalangsa,
yen kegunturan sedhih miwah nandhang sangsara,
sinten kang nglipur malih inggih namung Paduka.
JM, ndungkap enjing, 9318
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar