GUMANTI MANGSA

Mangsa datan langgeng salaminya..
mangsa udan gumanti mangsa ketiga..
kadya rodha pedhati tan kendhat ubengira..
mangsa urip mulya samangkya bisa rekasa.

Mangsa silih gumanti, wanci peteng ganti padhange awan..
mangsa tetandur gumanti panenan..
kasusahan gantya kabungahan..
swau kita tetunggilan samangkya kita pepisahan.

JM, ebun esuk, 020717
      dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN