Postingan

Menampilkan postingan dari 2022

SIANG, RATRI, MÅNGSÅ, WARSÅ

    kapacak uga ing  https://fb.watch/hL8-3lqs4B/     Siang, ratri, mångså, warså gilir-gumanti sumingkir; saklébat wêwayangan, tan ånå kang owah-gingsir.     Tumapaking urip kitå sairing saubêngé bumi; dumadining tanggung jawab datan biså dèn sélaki.          Siang, ratri, mångså, warså, nadyan wus sumingkir; jroning sukå lan duhkitå Sih-rahmaté Gusti tan kêndhat kadyå sumilir.     Ing jangkahku anêpaki jaman, Astå-Nyå tansah anganthi; pungkasané aku tansah ånå ing pamêngkuné Gusti.     Payo prå kåncå ing tumapaké warså anyar; sarwå sigrå ngudi yå m9êrsudi ing laku anyar.     Singkur dalah singkirånå samudåyå laku kang mblasar; klawan panyuwun mugyå bêrkahing Gusti linubèr mring urip sarwa énggar.         SUGÊNG_WARSÅ_ÉNGGAL JM, põg-põgan warså, 311222              ✍️ eNPe ✍️             [^__^]  [^__^]  ...

PANGREKÅ DÅYÅ MÅNGSÅ JAWAH NGGÊGIRISI

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0qNTqsmfgNb49KG5sPURDHFboansqTWQTWCZiAQ9SJgKFZXoo7JHKvJAPCQ7wHxydl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Pamarentah DKI Jakarta kangge nanggulangi kawõntênan mångså jawah nggêgirisi (cuaca ekstrem, Ind) kanthi nyêbar/nyawur sarêm ing akåså/langit.  Upadõs ingkang dipun angkah kanthi nyawurakên sarêm kangge damêl ambyar ngrêmbakaning mêndhung supadõs jawah ingkang nggêgirisi sagêd puncêgah wurung mbõtên kadadõsan. Rancangan wau dipun adani dintên Rêbo, 28 Desèmbêr 2022. Kitå wargå Jakarta lan sakupêngipun klêbêt Jabodetabek ngraõsakên pigunanipun, jawah agêng ingkang sampun punèngêtakên dening BMKG ing wêkdal pintên dintên kapêngkêr èstunipun bõtên kadadõsan. Pangupadõs kålåwau mujudakên pangrekå dåyå sacårå tèhnik ingkang punsêngkuyung sêsarêngan dening Wings Udara 1 Skuadron 2 TNI AU, Badan Riset dan Inovasi Nasional (BRIN) lan Badan Nasional Penanggulangan Bencana (BNPB). Kitå minångkå warga...

RANCANGAN /PANGANGÊN-ANGÊN

    kaunggah ugå ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0cJ7CoyWU6UyECecoyYQp9sndvoGyip4nLWAZykF1CozCEEGycHv9GQVBfxSgkZtQl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Adate sabên murwani ing warså anyar kitå duwèni rancangan /pangangên-angên åpå kang bakal kitå tindakake sajroning sêtahun. Ananging, asring åpå kang wus kitå gadhang-gadhang ing pangangên mau mandhêg ing têngah dalan alias ambyar mlèsèt såkå kang dènsèdyå.  Upamane, ing taun ngarêp pengin duwe omah banjur omah-omah, duwe môntõr, dagangane tambah ngrêmbåkå lsp lsp.. eee... datan kinirå katrajang jumêdhule si Corona Covid kabèh kang wus karancang ambyar ora ånå sing klakõn. Iyå kåyå mangkono iku rancangane manungså ora biså dipêsthèkake. Ewå samono, lamun rancangan kang cundhuk mring kêrsane Gusti Allah bakal kêlakõn. Lamun Panjênêngane kang angrancang, mokal yèn ora kêdadean. Samubarang kang wus dadi rancangane Gusti iku bisa kaaran takdhir utåwå pêpêsthèn kang wus ginarisake bakal dumadi,...

ANÈNG AYUNANE GUSTI

    kapacak ugå ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0VtgWiXTTWgqcU1vKR6fUGy3eG4FDksBAkjEV1UhFFaVmwmLsfRAf5YjEPdmkGyHwl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Anêng ayunane Gusti, tansah têtelå luputku, mung kêbak lamis uripku. Anèng ayunane Gusti, rumångså ringkih lan sêmplah, rêribêd lan nyåwå lungkrah. Anéng ayunane Gusti, rinasaknå gunging sihNyå, yå lubêring katrêsnanNyå. Ing têngah ratri kang sidhêm lintang gumêbyar pêpadhanging ati ing ari NATAL kang suci Sang Pamartå tumêdhak ing bumi. JM, malêm Natal rongèwu rolikur               ✍️ eNPe ✍             [^__^]  [^__^]

NGABÊKTI MRING ALLAH JRONING PAKARYAN

    kapacak ugå ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0f1NEZwD8EF6sAdKKhZ6hJRy71B377nQ7UKZ6wzHQUXuYPqrhNwyi4BZYdAnogBnHl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Åpå kitå biså ngabêkti mring Allah jroning pakaryan kitå?  Pårå panguwåså kang amung nêngênake hake bae, malah kanthi ngaji-pumpung migunakake pangwasane kanggo anyênyugih dhiri, iku tumindak kang ora pinuji. Minångkå sawijining pandheganing /pamõng pråjå /pêmimpin tingkatan endhèk têkan ing dhuwur dhewe ing sawijine pakumpulan ing dhaerah åpå dene ing pamarentahan pusat ing ibukuthå nagårå kudune ora nêngênake mung njupuk hake bae, nanging prayogå kudu wasis lan wicaksånå ngorbanake kanggo kêmakmurane rakyat kang dadi pangrèhe. Åjå amung ing 'kampanye' ngumbar pangarêp-arêpan lamis (Pemberi Harapan Palsu - PHP 🤪), janji-janji manis, mburi-mburine dilêpèh (habis manis sepah dibuang). Wêdi asih mring Gusti iku mujudake patrap landhêsaning urip umating wõng pracåyå. Åpa bae pakaryan kitå, in...

PRÅ KADANG TANI, GYÅ SUMYAKÅ

    kapacak ugå ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0R6X6MykUZGz6ktiNrhJqukW9Wah4KArvbaPNVmeaLN3EVK3p4bWYsQj5nPFfHncel&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz He.., prå kadang tani, gyå sumyakå tumujwå sawahirå. Kêkidungan sato pêksi saut-sautan, mêmayu ing brang-wetan èsême sang diwangkårå. Sanyåtå panène wus gumêlar, mung sêthithik kang pådhå ndêrêpi. O.., prå kåncå, mårå dèn kanthi bingar, enggal pådhå rumagang ngênèni. Gya tumandangå andêrêpi, kangèlane dadi kabêgjane. Gya rumagangå angênèni, emane sithik kang nindakake. Dongaku,  kariå rahayu kang tinêmu. Bagas waras kang linaras.      Amin Amin... 🙏🙏 Gusti ambêrkahi. JM, gagat bangun, 171222              ✍ eNPe ️✍️            [^__^]  [^__^]

MENDAH SANGÊT AJINING NYÅWÅ

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0H6p66ysD2CsByST6itSbfPnHV5e86YwrcjvyTC9Jbxro66ZSPQjfoR4cHcXxq14Hl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Nyåwå, jiwå, rohing umat manungså punikå nugrahå paringipun Allah kang sangêt ajinipun. Tanpå nyåwå botên wõntên umating Gusti sagêd ambêkan lan ngraõsakên nikmating gêsang. Ananging emanipun, botên sadåyå tiyang sagêd angajèni nyåwå kanthi sae, asring kitå pirêng tumindak brangasan anyulikani ngantõs dumugèng pêjah tiyang sanès. Wõntên kemawõn tiyang namung mikirakên dhiri pribadi botên prêduli mring jiwanipun ngasanès, kamångkå jiwå mênikå kagunganipun Gusti kang kaparingakên dhatêng umat titahipun. Kadõs sinêrat ing Purwaning Dumadi 2:7, "nalikå samånå Sang Yehuwah Allah tumuli akaryå manungså, kang kinaryå lêbuning bumi, iku ing bõlõnganing irunge disêbuli ambêkaning urip; mangkono manungså dadi titah kang urip." Salah satunggaling bab kang wigatõs inggih mênikå wõntên pamanggih lan dadõs ka...

GÊSANG KÊBAK KÊKÊRAN -KPJ 108-

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0hWPiH2BXBtULS2A9wREgQzVSanFDuTjDW5e1tdiKYVz7Wxqdyy2BjDM8uLUysry9l&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz  1: Gêsang kêbak kêkêran, angèl dènjajagi.     Dhatênging kasangsaran trus gilirgumanti.     Namung Padukå Gusti, mirså samukawisnyå.     Kulå pasrah, sumarah pangrèh Padukå.  2: Gêsang kêbak kêkêran, angèl dènjajagi.     Rêribêd, kasisahan, silih andhathêngi.     Anèng astane Gusti, manah kulå tan sêmplah,     tansah pasrah, sumarah pangrèhing Allah.  3: Gêsang kêbak kêkêran, angèl dènjajagi.     Panggodhå wah pacoban mung mêmiris ati.     Wit pitulunge Allah, kulå mantêp pracåyå.     Kulå pasrah, sumarah pangrèhing Allah. Wêrdinipun ngêmu pratelan bilih, Ing salêbêting gêsanging manungså sarwå wõntên ing prakawis winadi, wingit kêbak kêkêran (Ind.penuh teka-teki), mbõtên sagêd lan mbõtên ga...

SANDIWÅRÅ DENING DURATMÅKÅ

  kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02U27jAgH6owkH9Q9i3uKuk24SYhCLsvgSrpzSfTMgAjzJjE9XyWhC3EXJuHB4hDMal&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Pårå durjånå iyå pårå duratmåkå kang nelakake såpå bae kang tumindak nêrak paugêran lan tåtå sopan urip bêbrayan ing têngahing masarakat. Durjånå kang duwèni dåsånåmå sinêbut ugå duratmåkå, durlaksånå, durbålå, brama-corah, yåiku wõng-wõng kang sarwå tumindak piålå. Manungså kang wus klêbu jirêting tumindak piålå, alam pikire dikuwasani dening sarwå ora blåkå /gõrõh sêpisan, satêruse kasusul gõrõh kanggo nutupi gõrõh-gõrõh sadurunge. Sing såpå wus mlêbu kahanan kåyå mêngkono iku adade adõh såkå kajujuran datan /ora biså ujar blåkå.  Eman bangêt wõng kang maune bêcik-bêcik bae urip kang sarwå mapan ing papan tåtå sõpan nanging jalaran kagåwå ombaking kahanan kang ora biså diselaki kapêkså tumindak ora jujur kêpårå gõrõh. Luwih-luwih amargå kagèndèng /kagèrèt swasånå rupêging nålå butarêpan (cêmbur...

CRITÅ RAKYAT, MASINIS & BAKUL PÊCÊL -ala nganggur tinimbang nglamun- 😄😀🤏

    kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02PzjRWAa7qyGc8A5Jgx2YoyqK4WzpGN29z8WspzqDnPrNw4n88RJcksPFkd1DdN1wl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Jaman biyèn sêpur ora kåyå jaman saiki, lokone isih loko kluthuk ndhas-dhasane ireng. Tênagane nganggo uap banyu sing digõdhõg ing kètèl gêdhe ing lokone gêgênène nganggo kayu bakar... mlakune jès èjès ... jès èjèss... thuit thuit swarane klayan ngêtõke kêluk irêng.  Ing sapinggiring palang sêpur pênyabrangan dalan ing kuthå cilik ånå bakul dõdõlan lôntõng pêcêl. Bakule pêcêl iku nganggo lêmbar kain cêlêmèk panutup bangkèkan mêngisor, warnane abang. Dene wus awan lan dõdõlane wus êntèk nêdyå arêp tutup banjur cêlêmèke dicopot lan dikêbut-kêbutke. Wêktu iku ugå sêpure tekå lan masinise såkå kadõhan wêruh åna uwõng ngêbut-ngêbutke kain abang ngirå ånå bêbåyå, masinis njur ngêrim sêpure lan mandhêg pêrsis cêdhake bakul pêcêl iku. Sang masinis nglõngõke sirahe lan takõn, "Ontên nåpå mawõn yu?...

PILIH NJÊJÊGAKE /NGÊNÊRAKE HAM (HAK ASASI MANUSIA) ÅPÅ AKLAK ANAK KITÅ BÊJAD

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02nLj8wX6KHkt71tPPzJzTd2GLy7fuQEwN2xtBeoTZ2RWm3d59dWhnUTNsEtGCPuUTl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz HAM ora nate tumindak åpå-åpå nalikå aklak bocah rusak /bêjad, nanging nalikå bocah dijiwit gurune kanggo budidåyå patuh mring panêtêpan (disiplin), HAM lagi ngõmõng sêru /bêngõk. Iku kang kadadean ing jagating pawiyatan /pamulangan /pendhidhikan ing jaman saiki. Ibå bangêt gawe girising ati nalikå kitå krungu pawårtå ånå guru dilaporake pulisi jalaran njiwit, napuk utawa nabok muride sing nakal sênêng gawe ribut ing kêlas, wus dielikake guru isih bae dibolan-balèni mênèh. Ånå sawijining kêdadean sing ngagètake, sang hakim kang lagi ngadili ing prakaran kang kadakwå (terdakwa), ora kanyånå-nyånå ngadêg ninggalake kursi nuli mudhun nyêdhaki kang kadakwå njur nyalami karo ngêsun tangane. Sing kadakwå minångkå jêjêring guru SD ugå kagèt lan gumun tumindake sang hakim. Sadurunge kêbacut-bacut anggõ...

TIMBANGAN DHARMMAYUKTI (Kaadilan) ABOT SÊSISIH

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0AucLBXYwdAZvArhor4pojupYUCjfmU5CGzHdrtTLFojRbFPm28zbqLX5E8saiJfal&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Solah tingkahe sing padhadene prêkaran ing pangadilan katitik ånå bae saperangan gêgõlõngane pårå kadang sing duwe patrap kang kêkêh ora matõn. Kadyå pêpeling sing asring digiyarake, yaiku : Ora prayogå mbênêraké wõng salah lan nyalahake sing bênêr ånå ing pangadilan. Sing kajibah ngajõkake pandakwå prayogane sing waspådå åjå nganti nyimpang såkå paugêran. Dene wõng sing kadakwå lan luwih dhisik olèhe ngandharake prêkarane ånå ing pangadilan, kuwi kåyå-kåyå sing bênêr dhewe lan kêkêh kêpårå ngèyèl, nganti lawan sing prêkaran ngajokake pitakonan kanggo niti prêkarane. Sing såpå ngucapake pasêksi gõrõh ånå ing pangadilan bakal nåmpå paukuman; wõng mau bakal ora biså nyelaki /uwal. Iku wus ånå paugêrane, mulane kudu disumpah. Hakim sing melikan gêlêm nampa bêsêl (sogokan), supåyå ndhõyõngake /ngeng...

PAMRAYOGÅ NINDAKAKE KABÊCIKAN & KAWICAKSANAN

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0ZyyjakYo7g2PBtYD8yonVvugrCxkxrYxreeNJZ5EJEnt9eJEH4HPRv2VdfWNVQfPl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Åjå nyandhêt gawe kabêcikan marang wõng kang wênang nampani, mångkå kitå sêjatine biså tumindak mangkono. Kitå åjå nyêmõni sapêpadha: “Lungåå!, lan baliå mênèh!, sesuk bakal dakwènèhi,” mångkå nyatane kitå duwe åpå kang dibutuhake. Têtêmbungan ing ukårå iku wêrdine, kitå prayogå ora ngêndhe-êndhe tumindak kabêcikan marang sapêpådhå, sabisane, saduwene, sakuwate kitå kaconggah nglakõni iku têmtu gawè pigunå marang kang butuhake. Åjå nganti nundhung klawan ora sumanak åpå manèh karo ngrèmèhake sajak ngece lan sêmêngit /nylêkit. Åjå ngrancang gawe piålå marang sapêpådhå, kamångkå anggõne têtunggalan karo kitå tanpå sulåyå lan sånggå-runggi (curiga. Ind.) Åjå padudõn karo wõng datan sabab; manåwå ora nandukake/gawe piålå marang kitå. Ing ukårå kasêbut ngêmu tulådhå, åjå tansah duwèni pandakwå ålå ma...

PUJI SOKUR lan PUJÅ ASTÅWÅ -dongå pangataging driyå-

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0yBmxpM5n8Gurj3mfaw4jjRHaKSyvCkMVpJrEMBro3Yfjw7EGLtrovdUu173GPoyl&id=100053518547586 Sih Tuwan dhuh Allah kulå kang amêngku sajagad rat Pêparing Tuwan matumpå-tumpå siyang ratri  Sawarnining titah Tuwan linubèr kanugrahan Mratandhani kasampurnan ing sih Tuwan tan jajag. Sih kang murbå ing buwånå Sih kang nitahkên prå jalmå Manci umuring prå ambå klayan sapatitisnyå Sih kang ngrèh salampah kulå tinakdir sapinanggih Klayan mirmå kang pinujå kraharjan kang sinuprih. dhuh Allah Gusti kawulå.., Mugyå dirgå ing yuswå lan basuki, sagung rêribêd tinêbihnå samyå pinanggyå raharjå Pangataging driya mugya sêsakitnyå kausådå ing AståNyå Kasarasan pulih hamung krånå Sih kawlasantå Atur konjuk dhuh Gusti pujå aståwå awit Sih Palimirmå Padukå. JM, tatas rahina, 201122           ✍️ eNPe ✍️           [^__^]   [^__^]

PAGÊLARAN SÊNI LAN BUDÅYÅ ING G-20 GWK

Gambar
    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02avMpxsUHmxAjJqVQ2FmzcaVDF62BmZgYTPhNARxaSntyy7tBSnmv4M1yfqSS8zuRl&id=100053518547586 Presiden RI Jokowi ing dinå Selåså bêngi 15Nop'22 sumêdyå atur pambagyå pårå tamu agung pandheganing nêgåri KTT G-20 ing adicårå Gala Diner. Pamarèntah Indonesia nyawisake bujånå dhaharan dalu kang pratyekå (istimewa) såhå pagêlaran sêni lan budåyå nuswantårå ing Garuda Wisnu Kencana (GWK) Bali. Ing gêlar pasugatan budåyå mau mendah nêngsêmake pårå pamirså iyå pårå tamu undhangan agung arupå tari-tarian kairing musik dhaerah såkå Sabang tumêkaning Merauke. Kabèh iku ciptå riptaning pårå sêniman dhaerah kondhang kang kaanggit lan rinacik klawan elõk. Tarian Garuda Paksi, Kecak lan Bujang Ganong katõntõnake ing wêwêngan kawitan klawan ngusung kêkitir 'Challenge' tantangan. Banjur kasambung lagu 'Damai' nggambarake katêntrêman kang kairing måwå tarian Kijang, Pecak, Kupu-kupu lan Enggang. Tarian kasêbut ngusung...

GURIT SACANDHAKE

    kapacak uga ing   https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0WYmrh2bZrYDDSSmo2wmmqoF5x24pAtQbTBL5q9nkStQXiMrJ2Zn6i2UBT2yrZWc1l&id=100053518547586 Yågene kaanane pråjå sangsåyå kisruh; pêndhak byar tan nate têntrêm; Samångså prå jalmå dhå umyêk; ngayahi darmaning ngaurip; Ombyaking kadurakan lan kamungkaran; tan kêndhat såkå ing paripolahnyå. Kaanane wõng iku kadyå uwit; kang tinandur sapinggiring kali; Kang mêtõkake wõh ing kålå mångså; gõdhõnge tan nate alum gõgrõg; Ingambåhå rêribêd ngrepõti; tansah lêstari kang dèn lampahi. Tan mêngkono mungguh wõng duråkå; nanging lir mrambut kabur ing angin; Nora biså tulus ing pangadilan; lan ing pasamuwane pårå mursid; Wõng mursid rinêkså ing Pangèran; wõng ålå tumibèng karusakan. JM, lingsir wêngi, 151122               ✍️ eNPe ✍️             [^__^]   [^__^]

PANYÊBARAN WARTÅ PALSU (CACÅYÅ)

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02RSV6oVpe5YMmWZNqJv3KWNsB4nTei2LuFB7Yw66DqL9vLVJrVZk4YpLRpzFu9Gtvl&id=100053518547586 Kamajuan 'informasi tehnoligi (IT)' rikat bangêt ing wêkasan iki. 'Media sosial' (medsos) mujudake sarånå kang digandrungi dening masarakat. Yèn kitå tlisik /titi-prikså medsos biså mujudake sarånå kang asipat migunani lan ugå ngapitunani. Asipat migunani cêthå bangêt lan kitå akõni dene medsos biså ndadèkake sarånå kang sarwå rikat kanggo kirim pêsên åpå bae, luwih-luwih nalikå manungså lagi kêtaman pagêblug Covid-19.  Asipat ngapitunani yåiku medsos akèh kang migunakake kanggo nyêbar wartå apus-apus, cacåyå, palsu (hoak), pitênah lan nyêbar sêsêngitan sartå agawe wirang antaraning wargå medsos utåwå masarakat. Akèh masarakat kang gampang anggêr bae nåmpå wartå-wartå cacåyå, apus-apus, palsu (hoak) sing nyêbarake ujar kabêncian nggugah (mancing) rasaning ati (emosi) bab SARA. Saperangan masarakat lumrahe ang...

PANGUPÅYÅ KEPAHLAWANAN KAMANUNGSAN

Gambar
    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0EKi2TED14DSzC8hR4t88PSawoEsPmGimWB5XCEJByAvYpqqfvLWQD4u1kSF38wiyl&id=100053518547586 Ing kampung Prawiran ånå kanõman têlu Sarju, Bejo lan Diman nêdyå budhal mênyang kuthå. Srånå ngê-pit (nyêpedha) têtêlune iring-iringan ing dalan kampung sing biasane sêpi margå pagêblug Covid-19, nanging kõk ånå rame-rame yå, ånå på iki? ngono batine tētêlune. Enggalan kanõman-kanõman iku mudhun såkå pit-e njur nyêdhaki salah sijine sing lagi ngumpul, si Bejo takõn : "Èntên nåpå pak kõk rame sangêt?" "Oh.., niku èntên bocah nêmbe bêngõk-bêngõk, dukå niku nêmbe sakit nåpå nggih?", wangsulane salah sijine wõng ing kono. Têtêlune, banjur mbrõbõs mlêbu omah lan ditemõni ånå bocah umure kirå-kirå 6,5 taun gumlethak ing jogan karo gêro-gêro ora ånå sing ngancani.  Si Bejo sing duwe pengalaman PPPK ing pêlajaran Pramuka, enggal nèmplèkke tangane ing bathuke si bocah, wahh panas bangêt kih. Si Bejo karo bêngõk : ...

PAEDAHE BÊRAS KÊTAN PUTIH

    kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02Be5gBVthBKFP5pGxzqSfF7T6Ar5ZWgVuRjz2wD3ECksrBCeB8wKabpTun9cQdnkel&id=100053518547586 Sing arane bêras kêtan putih dening masarakat wus dudu barang långkå mênèh. Dening masarakat umume diolah dadi maneka warnå nyamikan arupå jadah/uli, lupis lan liya-liyane. Ananging bokmênåwå isih akèh sing ora migatèkake paedahe tumraping kasehatan kitå. Kadudud såkå saperangan sumbêr, salah sijine laman https://mediakom.kemkes.go.id,  bêras kêtan putih duwèni paedah tumraping kasehatan badan kitå, kurang luwih : ☆Nyandhêt lêlårå 'kronis' /mbêbayani. Kandhutan vitamin/nutrisi ing kêtan putih kåyåtå selenium duwèni sipat antioksidan sing biså ngêrim/ngêndhalèni såkå ing kêtaman maneka warnå larå kronis. Sabab antioksidan dening O2 (Oksigen) biså ngêdhunke kandhutan mêtal/logam (stres oksidatif) sing biså andadèkake rusaking kasehatan peranganing badan sacårå kimia. ☆Nyandhêt lêlårå diabetes. Ing panêlitian "...

SIMBAH ÕMPÕNG lan MUKIDI

    kaunggah ugå ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0aHYyCyMCGnj6DghjCDusXfcA51wf1X2Aps7gVUBEfrWkXDvuWMH4X6YNXVYZ626il&id=100053518547586   😎"Kojahe kadõs pundi mbah..? Kulå Mukidi tanggi sisih kilèn ngriki..." 👴"Oh.., iyå..rene lungguhå.." ngendikane simbah.. Pas bangêt nalikå ngõbrõl ing mejå ånå kacang mete satõplès.. 😎"Mbah, kulå nyuwun kacang metene nggih ..?" ujare Mukidi. 👴"Iyå, iyååå, jupukên kånå..", saute êmbah. Saking enake ngõbrõl, ora kråså Mukidi wus telap-tèlêp ngêntèke kacang mete satoplès.. 😎"Wah Mbah, kacang metene kulå têlaske ngapuntên nggih.." 👴"Ora åpå2... Simbah wus ora biså mangan kõk, ora têdhas... untuku wus õmpõng, ora biså mamah... Sokur yèn biså êntèk... Wus suwe Simbah nglumpuke kacang mete iku.." 😎"Ooo... ngastå piyambak tå mbah..?" 👴"Ora le.., iku såkå Coklat *Silver Queen* Simbah êmut Nganti êntèk Coklate, kari kacang metene Simbah klumpuke nganti k...

SANG ALFA lan SANG OMEGA

    kaunggah ugå ing   https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0gM6h28CcrUYYzSht11dZZKoHsKPFr245Y1trGrFAevbf6jiFyvuKmANYbGXNyFS5l&id=100053518547586 Ing titi wanci pungkasaning jaman, bakal dumadine langit lan bumi anyar, awit langit lan bumi kang kapisan (lawas) wus sirnå, lan segårå ugå wus ora ånå manèh. Donyå kang lawas kang kêbak dening doså lan samubarang kadurakan bakal kaanyarake. Nalikå Gusti Allah manunggal karo manungså ing alam kêlanggêngan; "Panjênêngane bakal ngusapi sakèhing luh såkå mripat umate lan bakal ora ånå pati manèh, kasusahan lan pasambat åpådene karubêdan iyå wus ora ånå manèh, amargå samubarang kang lawas wus kapungkur." (Why21:4) Iku mahanani/nyasmitani sumbêr panglipuring tumrap umate Gusti kang pracåyå yaiku Urip Langgêng ånå ing ayunane Gusti. Bab iku bakal kêlakõn jalaran Allah iku SANG ALFA lan SANG OMEGA, kang Murwani (miwiti) lan kang Mungkasi. Alfa lan Omega kadyå åpå kang wus kitå kawuningani yåiku såkå aksårå kapisan lan ...

SAMÅNGSÅ URIPKU SAMUN LAN ANGLANGUT

    kapacak uga ing    https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid038DRanDHt1DypMJwUjJ9k2E5ocASkRTWYeAT5zdZEt3MHAtyuh9qPjNqZwCh7F1eel&id=100053518547586 Samångså uripku samun lan anglangut, mitrå sinåråwèdi kang dakgêgadhang, Sabdaning Gusti dakrungu, "Sun angiring sirå, aywå gumêtêr, aywå kuwur, pracåyåå!" Aku datan kêpêncil, datan nate! daksumarah ing nålå konjuk Gustiku, sirnå luhku, ilang råså was sumêlangku, aku datan kijènan mênèh, datan nate! Lamun sirå kingkin mitrå rumakêt, hamung Gusti kang mangantyå, umarêkå, sumungkêmå marang Panjênêngane, kang datan kêndhat sumadhiyå pisowanmu. JM, lingsir wêngi, 031022             ✍️ eNPe ✍️           [^__^]   [^__^]

PANGADILAN PUNGKASANING JAMAN

    kapacak ugå ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0qk47AnrJYK1XVebvVtnHSKmE6w4qxXz97eW2mFWBa5xU7yzRpywQT4a29w7FAKW4l&id=100053518547586 Ing kitab Wahyu 20:12 tinulis,   "Aku tumuli wêruh wõng mati, gêdhe cilik, pådhå ånå ing ngarêp dhampar, banjur ånå kitab-kitab kang pådhå kabukak. Lan ånå kitab liyane manèh kang kabukak, yåiku Kitabing Kauripan. Wõng-wõng mati mau tumuli pådhå diadili miturut panggawene adhêdhasar åpå kang katulis ing kitab-kitab mau." Ing kene nelakake /mratelakake Pangadilan Pungkasaning Jaman (kiamat) sawuse donyå kasirnå såkå ing pangayunane Gusti Allah. Rawuhe Gusti ibå ngebat-ebati nganti langit lan bumi sirnå. Sajroning pangadilan iku samubarang wus kacathêt. Ora ånå timbangan kanggo ngetung åpå uwõng iku luwih akèh kadurakane utåwå luwih akèh kabêcikane. Ånå ing Pangadilan Pungkasaning Jaman ya Pangadilane Gusti Allah ora nyritakake pandakwane jêkså, panglimbange pokrul (pengacara) lan panêtêpane hakim. Nanging ...

NGURMATI PANDHEGÅ (PANGUWÅSÅ)

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0MMvpR3AwsTaSxu7xabKoozVD4UZ9sZTpQSJqEipSD6hb8D8aGzXtJgsKb2vLHoySl&id=100053518547586 Sing jênênge pandhegå, pamõng, pangarêp, panggêdhe, panguwasa (pemimpin. Ind) duwèni tanggung jawab jêjibahan sing ora ènthèng jroning urip bêbrayan ing masarakat. Pamõng kang ambêk siyå (awatak ålå) biså njalari bêncånå, bêbåyå, piålå. Kõsõk baline panguwåså kang ambêk darmå luhur bêbudène, adil, wicaksånå biså anggawe bêrkah kanggo wõng akèh andhahane kang kapandhegani. Pangarêp, pamõng, pandhegå, panguwåså sawijining kumpulan åpå bae wiwit såkå kang êndhèk tatarane nganti tlatah kang åmbå/dhuwur/gêdhe/nêgårå, kapilih lan katêtêpake dening kang wênang miturut undhang-undhang sing dadi paugêran. Mulå mangkono kang kajibah nêmtõkake tåtåcårå pamilihan lan panêtêpan prayogå kudu duwe kajujuran lan kawicaksanan. Ing sawijine pakumpulan utåwå nagårå tumrap panêtêpan kang wus ditêmtõkake, dening anggota masarakate ora ...

HEE.., TILINGNÅ ANAKKU

    kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0331LuHaNxDt1oBnfB113ncGuRsWvE5yu2e2WMrfhmkHmbeKdwMv88czVgYjk9EPYHl&id=100053518547586 Hee.., tilingnå anakku pitutur kang kaparingke wõng tuwamu, cikbèn dåwå umurmu sarwå têntrêm rahayu kang tinêmu. Aywå nganti asih lan kasêtyanmu sartå kaluhuran uwal såkå sliramu, ukirên ing jroning atimu sartå kalungnå ing gulumu. Pracayåå mring Gustimu aywå sumendhe marang pangrêtènmu, ngakõnånå, ngabêktiå Panjênêngane ing uripmu têmah kalêncêngake lakumu. Kawucalnå mring pangawåså Gustimu sukåpirênå dalah duhkitå kang kinêsdu, panggahå nyadhõng pitulungan Gustimu têmah saliring durbålå siningkirnå èstu. JM, parak esuk, 251022           ✍️ eNP ✍️         [^__^]  [^__^]

LINGGIH PÅDHÅDENE ÊNDHÈK, NGADÊG PÅDHÅDENE DHUWURE

           #pangangên esuk     kapacak uga ing   https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02zisWWWFEGYccVp7yifA8VKQ9zJ6Sih5H8tmpQpqNJw3BbtxY4whvLugboSNR743zl&id=100053518547586 *Linggih pådhådene êndhèk, ngadêg pådhådene dhuwure* yåiku patrap ngrênggani urip kang pinuji lan mulyå. Yèn salah siji linggih lan liyane ngadêg, carane nyawang kahanan ugå bakal bedå. Ing ngarsane Gusti saliring manungså pådhå drajate, awit Panjenengane kang nitahake manungså miturut gambar lan pasemõn-Ne. Ing ngarêpe anggêr-anggêr /paugêran nagari saliring wargå bångså pådhådene hak lan kuwajibane, ora ambedakake siji lan sijine. Ngucapå jroning atimu, "Aku kinajènan ing PamirsaNe". Luwih bêcik kajèn ing Ngarsane Gusti tinimbang ing pandêlênge manungså, jalaran pangajine manungså asipat sawêtårå wêktu, nanging Makuthå Kauripan kang wus Gusti cawisake mring kitå asipat langgêng salawase. Mulå mangkono, sayogyå sliramu åjå ngêgungake utåwå ngasõrake dhiri ...

BÅLÅDEWÅ ILANG GAPITE

    kapacak ugå ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0NU2mCtSkGTMBCsn5inxfxjuth3LWeLsF4kEcZez5kSqrMXwL5vau4jbCKkQNeUFCl&id=100053518547586 Saliring pamõng, panguwåså, pêmimpin, pandheganing pråjå duwèni kawênangan kang luwih tumrap pårå andhahane utåwå masarakat kang winêngku ing rèhrèhane. Kawênangan, pangawåså sêjatine mujudake jêjibahan kang kudu sinånggå dening pårå pamõng, panguwåså. Wus dadi wajibing kang nyandhang pêmimpin anggõne ngayahi darmaning kapracayan kang sinandhang, bêcik yèn kajujuran iku kang utåmå kadhisikake. Ora prayogå yèn banjur tumindak sawênang-wênang aji mumpung klawan pangawasane lan kakuwatane nindhês malah tegå patine mring andhahane. Nindhês biså wêrnå-wêrnå wujude, kåyåtå nyigêg/munggêl utåwå matèni sumbêr panguripan/rêjêkine wõng liyå nganti kang kasigêg kangèlan/ora biså nindakake gaweane mênèh. Tumindak sawênang-wênang racake linandhêsan kesrakahan lan råså irèn, sêngit ugå råså butarêpan (mèri) njalari kanêpsõn duwè...

KINGKIN MRING PANGAUBANNYÅ

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02vyegwDszYVy84FYBb9q41M96QHv1HUddZ4pxoXAnqSwSZx5Pezs2KnC5U17XbGu6l&id=100053518547586 Kingkin mring pangaubanNyå, dununge têntrêm-ayêm samyå, ing kånå tansah sukå piŕênå lan bagyå. Ing pangaubanNyå nêdyå usådå kuwur lan uwasing nålå, mrånå, mrånåå.. ibå dahat kangênnyå, kang wus kawuryan dening pårå pujånggå. Ing pangaubanNyå tinêmu katêntrêman sanyåtå, datan ånå ing marcåpådå, sinubyå kêkidungan dening p'rå jåwåtå lan dwijå. Dalah p'rå satriyå wicaksånå pujå angaståwå, mrånå, mrånåå.. ibå dahat kangênnyå, sumadyå dening Kang Murbå Wiseså. JM, grimis esuk, 201022             ✍️ eNPe ✍️           [^__^]   [^__^]

SAMPUN NGÊNDHE-ÊNDHE

  kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02MKxJDwB2chNiEN33fMgsHyhytmPqLVQSeUvmDA4ShFYPfzrPam25FqAzwXJBYpnMl&id=100053518547586 Pårå kadang sutrêsnå PBJ, bokmanåwi kitå nate mirêng têtêmbungan, "LAMUN SABARANG SIRÅ BISA ANGLAKÕNI, BÊCIK ENGGAL TUMINDAKNÅ!". Têtêmbungan ingkang ngêmu pitutur punikå anggadhahi têgês ingkang lêbêt lan ombèr. Tuladhanipun kintên-kintên makatên, ampun/sampun(aja) sêpisanå ngêndhe-êndhe damêlan, awit wêwêngan (kesempatan) punika dèrèng kantênan sagêd punambali/winêngå malih. Pramilå mapagi/nêmahi samukawis kang sampun(uwis) wontên ing ngajêng kitå, mênawi pancèn kitå kaconggah ngrampungaken, prayogi enggal kitå tandangi sampun(åjå) ngantõs... kosak-kosik ahh... sagêd-sagêd karumiyini dening ngasanès. Tumuntên kitå namung sagêd nggêgêt driji bõtên pikolèh mênåpå-mênåpå aliyas ngaplo. Sanepan kasêbat utaminipun kaêtrapakên ing têtandhingan punåpå kemawõn ing gêsang puniki, kadõstå bab dagang dõl-tinuku (bisnis), wêwênga...

KABUTUHAN URIP MANUNGSÅ

  kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02uwN3ahnhD6Gumq275UArMTFWbtdVqdHhvjNcFVkak5ezKtWXm6Yg1F6Mse8zKBbrl&id=100053518547586 KItå manungså duwèni manekå warnå kabutuhan urip.  Kabutuhan-kabutuhan iku biså kitå gõlõngake miturut bangêt prêlune utåwå kapêntingane. Kadyå kang kadudud såkå buku-buku èlmu adhigåmå (pengetahuan), kabutuhan kaperang dadi têlung gõlõngan yaiku : - kabutuhan utåmå/põkõk (Primèr), contone pangan, sandhang lan papan - kabutuhan kapindho/tambahan (Sèkundhèr), contone parabõtan, piranti têtunggangan lan pendhidhikan - kabutuhan panguwat/pangukuh (Tèrsièr). contone plêsiran, pêrhiasan lsp. Tuladhane bab kabutuhan mau kitå wus pådhådene nyumurupi kabèh.  Kabutuhan utåmå (primèr) mujudake kabutuhaning manungså kang kudu disaranani/dicukupi, lamun nganti ora, biså andadèkake gorèhing urip sabanjure biså-biså tumêkane pati, kåyåta pangan yèn ora kacukupan mangane biså dadi kalirên, mangkono uga kurang sandhang lan pap...

B Ê B Ê N D U

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02bsGm4m3CHZ4ech8cdMQdgVLCmmg8s1Syafs6bPDzQwT2ZfftQ6EB86FKU7qmbpJjl&id=100053518547586 Nyumurupi ing wêktu-wêktu wêkasan iki akèh kêdadean alam awujud patåkå, bilai kang nggêgirisi. Ngarêpake gumantine mångså akèh kasêngsaran kang tumibå durbålå, iyå banjir ing ngêndi-êndi agawe rusake samubarang, gunung mblêdhõs awune ambyar têkan ing plataraning nagari iki.  Mulad-mulading bêbêndu kang wus kadhawahake dening Pengeran awit iyå såkå polah tingkahing manungså kang mblasar såkå Dhawuhe Gusti. Gumlêgêrê swårå kaprungu mawantu-wantu. Anggêgirisi ing madyå ratri kang sêpi. Sêpining jalmå manungså kang wus pådhå kasilêp ing alam impèn. Glêgêrrr!… krosak!… gembrõjõg têkaning tirtå tan kanyånå-nyånå nggêgirisi. Anrajang nasak-nasak gubug dalah nglêlêpi sesawahan kang lagi ngarêpake mångså panèn. Ambyar sanalikå kêprungu jêriting båpå-biyung lan tangising bocah-bocah samya. Sawêrnaning ubårampe amblas k...

ASIH NGANDHUT ALUS ING BUDI

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid0B6HYiorcYz5QsWevHoR4PiXY4m2PpdMuDTfjZNTqaKk5uFxPqfZUpfweqe9C6iLbl/ Asih ngandhut alus ing budi, lubèr pangaksami, ombèr ing ati. Sih-katrêsnan Padukå dhuh Gusti, sèstu alus ing budi, kêbak pangaksami,  såhå sarwi lomå miwah suci. Kawucalåkên kawulå trêsnå-tinrêsnan, dhuh Gusti, kawucalåkên kawulå aksåmå-ingaksåmå mring sasami. Karumêntahåkên kawulå Sih-katrêsnan Padukå dhuh Gusti, trêsnå Padukå Kang Agung datan winatês lan suci. JM, lingsir dalu, 101022           ✍️ eNPe ✍️         [^__^]   [^__^]

SI KUCING KÊTULÅ-TULÅ -dongèngipun bu guru-

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0276RupP6WqKNiuAHmxih2RSA9sdoLFMGrBrgoxgy5PfGQcetz71TZbMi6UssnJaQxl&id=100053518547586     Ing sawijining kithå agêng, wõntên lare alit naminipun Joni gadhah kucing lucu ingkang dipuningah wiwit alit. Joni gêmatõs lan opèn sangêt dhatêng kucingipun kang punsukani têtêngêr si Meõng. Ing sawijining dintên båpå-ibunipun Joni tindakan dhatêng njawi kithå. Sadèrèngipun nglajêngakên tindakipun, båpå-ibunipun mampir ing toko dolanan, lan mundhut 'vidio game' nuntên wêling kaliyan pramusaji toko supådõs ngintunakên dhatêng alamat griyå kangge Joni putrå kinasih. Joni bingah sangêt, mila nuntên sadintên muput nggêthu, kêtungkul dolanan vidio game ngantõs nglirwakakên wajibing nyukani têdhå kucingipun dadõsakên kalirên. Èstunipun si Meõng kesah nglimpe nilarakên griyå bõtên kauningan dening Joni. Sasampunipun sawêtåwis jam, Joni nêmbe kèmutan nginguk kawontênanipun si Meõng, piyambake kagè...

BUDÅYÅ PAKULINAN URIP RÊSIKAN -sawijine tulådhå-

    kapacak ugå ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02Hj2dTMRi7LM4xMNZtvQENbjrB8H2B8NyKMW7SsXSpYPK72XeAxiGkSjg1qVAJrtl&id=100053518547586 Jêpang salah sijining nêgårå kang digandrungi dening masarakat nêgårå liyå jalaran akèh kaelõkan kang mligi, budåyå, panganan sêdhêp enak-enak sartå tlatah sakupênge asri lan rêsik bangêt. Bab karêsikan, iku winujud awit wõng-wõng Jêpang duwèni råså darbèni mring papan sakupênge (lingkungan) lan tumåtå kamapanan kanthi têrtib. Pakulinan åpå bae kang kaêtrapake wõng Jêpang nganti nêgarane dadi rêsik bangêt? *️⃣Prêduli mring papan sakupênge. Budåyå anjågå karêsikan wõng Jêpang pancèn wus digulåwênthah, diwulangake wiwit ing bangku sekolah rakyat. Pårå murid diajari lan wajib rêsik-rêsik kêlas dadi pakulinane. Ugå diwajibake ngrêsiki tilas ubårampe sing kaanggo bêbarêngan (asah-asahan piring, toilet umum lsp. lsp.) kaangkah supåyå såpå bae sing nganggo sawuse iku bakal ngrasakake nyaman amargå wus rêsik ora ånå tipak ...

PAYO TÊTÊPÅ ANGUDIDÅYÅ!

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02dm2KZcsVDpgFQGmm5LmbTLg2i45oxtqn6saBmWz9iTSJ8HmXSu1YmzrYiFT3wHPsl&id=100053518547586 Hee p'rå tarunå, donyå anantangmu, aywa nglokro, enggalå têtêp ngudidåyå! Datan bapang! Mesthi sumimpang! Sirå ngudidåyå mêsthi mênang! Payo tarunå, enggalå sigrak, anggayuh kawijayan! Åpå nora kokpigatèkake tangis, jêrit pêrih duhkita sinandhang? payo têtêpå angudidåyå! Datan bapang! Mêsthi sumimpang! Sirå ngudidåyå mêsthi mênang! Payo tarunå, enggalå sigrak, anggayuh kawijayan! Sawangên inciman tumanduk mring kawulå alit lan tanpå dayå, kasangsaran têtelå, kadurakan ngåmbrå-åmbrå, payo têtêpå angudidåyå! Datan bapang! Mêsthi sumimpang! Sirå ngudidåyå mêsthi mênang! Payo tarunå, enggalå sigrak, anggayuh kawijayan! Lumawanå, kang siningkur dènsumurupånå, kang tanpå dåyå dènbelanånå, payo têtêpå angudidåyå! Datan bapang! Mêsthi sumimpang! Sirå ngudidåyå mêsthi mênang! Payo tarunå, enggalå sigrak, anggayuh kawijayan...

🚴‍♂️ PAEDAHE NGÊPIT 🚴

Gambar
    kapaccak uga ng  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid08N2zP5vsRyKeKoy6QkCFrDUj25PvJKzCu6NXqBt7r5HPyhKf48wM8Q119KSAnZg5l&id=100053518547586 Salah sijining jinis ulahrågå sing lagi digandrungi dening masarakat yåiku ngêpit, nyêpedha (gowès). Jinis ulahrågå iki digandrungi luwih-luwih nalikå pagêblug Covid-19 lagi anrajang saindênging bawånå. Ngêpit sanyåtå biså buwang/ngõbõng kalõri sartå nyêngkakake pangulahe jat-jat pangan kanggo tenågå (metabolisme) badan. Ngêpit klêbu salah sijining jinis ulahrågå 'kardio' kanggo njågå kasehatan jantung, paru-paru dalah nglarapake ilèning rah, gêtih /ludirå kanthi gangsar. Klawan ngêpit sacårå ajêg (ora kålå-kålå bae), amõting gajih (lêmak) ing jroning gêtih biså mudhun saora-orane biså dikêndhalèni têmahan nyêgah dhuwure pangêtoge ilèning gêtih pêndhak dhêtik (tekanan dharah tinggi). Akèh paedahe ngêpit mligine ing wanci esuk kanggo kêsehatan badan, kåyåtå : *️⃣Nyantosakake õtõt sikil. Madal/ngonthèl pêdhal pådåyån...