MENDAH SANGÊT AJINING NYÅWÅ

   kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0H6p66ysD2CsByST6itSbfPnHV5e86YwrcjvyTC9Jbxro66ZSPQjfoR4cHcXxq14Hl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz


Nyåwå, jiwå, rohing umat manungså punikå nugrahå paringipun Allah kang sangêt ajinipun. Tanpå nyåwå botên wõntên umating Gusti sagêd ambêkan lan ngraõsakên nikmating gêsang. Ananging emanipun, botên sadåyå tiyang sagêd angajèni nyåwå kanthi sae, asring kitå pirêng tumindak brangasan anyulikani ngantõs dumugèng pêjah tiyang sanès. Wõntên kemawõn tiyang namung mikirakên dhiri pribadi botên prêduli mring jiwanipun ngasanès, kamångkå jiwå mênikå kagunganipun Gusti kang kaparingakên dhatêng umat titahipun. Kadõs sinêrat ing Purwaning Dumadi 2:7, "nalikå samånå Sang Yehuwah Allah tumuli akaryå manungså, kang kinaryå lêbuning bumi, iku ing bõlõnganing irunge disêbuli ambêkaning urip; mangkono manungså dadi titah kang urip."


Salah satunggaling bab kang wigatõs inggih mênikå wõntên pamanggih lan dadõs katêmtuan kang botên sinêrat, dene tiyang ingkang botên njarag /botên nêdyå kapêkså ngicalakên nyawanipun tiyang sanès, sagêd ngènthèngakên utawi uwal saking utang nyåwå, jalaran tiyang mênikå boten gadhah niat/sêdyå nglampahi tumindak kaculikan lan ugi botên gadhah raõs kabêncian (nadyan prêlu dipun uji sacårå kajiwan lan kasunyatan)

Bab mênika nelakakên mendah prêlunipun sawijining upadõs njagi supadõs botên anjalari malês angincim (Ind. balas dendam) kang botên prêlu. Ugi kangge njagi tiyang ingkang botên njarag nglampahi kalêpatan nuntên kaukum (Ind. dihakimi) sawênang-wênang dening pehak sanès.


Gêgandhèngan kaliyan kulåwargå kang tinilar nêmbe kêtaman kadadõsan kecalan kulåwarganipun datan kanyånå-nyånå klawan cårå kang botên ginambarakên têmtunipun botên gampil anggènipun ngêsupènakên. Pramilå makatên, prêlu wontêning panglipur lan kakiyatan saha katabahan mring kulåwargå kang tinilar sagêd arupi kawigatõsan lan panjurung dongå dening pårå mitrå kadang.


Puji sokur dene kitå datan kêndhat kaemutakên iba prêlunipun lan ajining jiwå /nyåwå umat manungsa kang katata ing samukawis paugêraning gêsang kang botên sinêrat utawi kang sinêrat klêbêt KUHP (Kitab Undang2 Hukum Pidana).

Pramila, sumånggå kitå wujudakên patrap ngurmati /ngajèni klawan nêngênakên lan ngêcakakên raõs asih mring sasami, bõtên gampil kêbrõngõt hardaning nala (nêpsu), botên sawênang-wênang ngumbar muntabing kanêpsõn.


JM, angsluping diwangkårå, 141222

                ✍️ eNPe ✍️

               [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN