RANCANGAN /PANGANGÊN-ANGÊN

   kaunggah ugå ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0cJ7CoyWU6UyECecoyYQp9sndvoGyip4nLWAZykF1CozCEEGycHv9GQVBfxSgkZtQl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz


Adate sabên murwani ing warså anyar kitå duwèni rancangan /pangangên-angên åpå kang bakal kitå tindakake sajroning sêtahun. Ananging, asring åpå kang wus kitå gadhang-gadhang ing pangangên mau mandhêg ing têngah dalan alias ambyar mlèsèt såkå kang dènsèdyå. 

Upamane, ing taun ngarêp pengin duwe omah banjur omah-omah, duwe môntõr, dagangane tambah ngrêmbåkå lsp lsp.. eee... datan kinirå katrajang jumêdhule si Corona Covid kabèh kang wus karancang ambyar ora ånå sing klakõn.

Iyå kåyå mangkono iku rancangane manungså ora biså dipêsthèkake. Ewå samono, lamun rancangan kang cundhuk mring kêrsane Gusti Allah bakal kêlakõn. Lamun Panjênêngane kang angrancang, mokal yèn ora kêdadean.


Samubarang kang wus dadi rancangane Gusti iku bisa kaaran takdhir utåwå pêpêsthèn kang wus ginarisake bakal dumadi, mung bae manungså ora biså nyumurupi sadurunge. Prayogå manungså nyuwunake panuntune Gusti åpå-åpå kang bakal kitå tindakake hamung såkå kêparênge Gusti piyambak. Klawan iman kapracayan kitå, dene åpå kang karancang dening Gusti bakal dumadi.

Kitå prayogane kanthi sabar lan sêtyå nunggu dene rancangane Gusti kababar (diwujudkan, dinyatakan) tumraping urip kitå nadyan sacårå kamanungsan kitå ora biså mêsthèkake kapan plêthèke rancangan kasêbut.


Nyumanggakakên...👏 Gusti ambêrkahi... Amin Amin 🙏🙏


JM, plêthèking diwangkårå, 281222

                ✍ eNPe ️✍️

               [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN