PRÅ KADANG TANI, GYÅ SUMYAKÅ
He.., prå kadang tani, gyå sumyakå tumujwå sawahirå.
Kêkidungan sato pêksi saut-sautan, mêmayu ing brang-wetan èsême sang diwangkårå.
Sanyåtå panène wus gumêlar, mung sêthithik kang pådhå ndêrêpi.
O.., prå kåncå, mårå dèn kanthi bingar, enggal pådhå rumagang ngênèni.
Gya tumandangå andêrêpi, kangèlane dadi kabêgjane.
Gya rumagangå angênèni, emane sithik kang nindakake.
Dongaku, kariå rahayu kang tinêmu.
Bagas waras kang linaras.
Amin Amin... 🙏🙏 Gusti ambêrkahi.
JM, gagat bangun, 171222
✍ eNPe ️✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar