SANDIWÅRÅ DENING DURATMÅKÅ

  kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02U27jAgH6owkH9Q9i3uKuk24SYhCLsvgSrpzSfTMgAjzJjE9XyWhC3EXJuHB4hDMal&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz


Pårå durjånå iyå pårå duratmåkå kang nelakake såpå bae kang tumindak nêrak paugêran lan tåtå sopan urip bêbrayan ing têngahing masarakat.

Durjånå kang duwèni dåsånåmå sinêbut ugå duratmåkå, durlaksånå, durbålå, brama-corah, yåiku wõng-wõng kang sarwå tumindak piålå.


Manungså kang wus klêbu jirêting tumindak piålå, alam pikire dikuwasani dening sarwå ora blåkå /gõrõh sêpisan, satêruse kasusul gõrõh kanggo nutupi gõrõh-gõrõh sadurunge. Sing såpå wus mlêbu kahanan kåyå mêngkono iku adade adõh såkå kajujuran datan /ora biså ujar blåkå. 


Eman bangêt wõng kang maune bêcik-bêcik bae urip kang sarwå mapan ing papan tåtå sõpan nanging jalaran kagåwå ombaking kahanan kang ora biså diselaki kapêkså tumindak ora jujur kêpårå gõrõh. Luwih-luwih amargå kagèndèng /kagèrèt swasånå rupêging nålå butarêpan (cêmburu) nganti ora nggêgêgi /ngugêmi kabênêran klawan gawe SANDIWÅRÅ, critå rancangan gõrõh gawe pandakwå nêdyå nyilakani mring liyan. Lambene cidrå ilate ngandharake kaculikan, tundhõne sing diadhêpi kudu urusan ing pangadilan.


JM, wayah jago kluruk, 071222

            ✍️ eNPe ✍️

           [^__^]  [^__^]

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN