ANÈNG AYUNANE GUSTI

   kapacak ugå ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0VtgWiXTTWgqcU1vKR6fUGy3eG4FDksBAkjEV1UhFFaVmwmLsfRAf5YjEPdmkGyHwl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz


Anêng ayunane Gusti,

tansah têtelå luputku,

mung kêbak lamis uripku.


Anèng ayunane Gusti,

rumångså ringkih lan sêmplah,

rêribêd lan nyåwå lungkrah.


Anéng ayunane Gusti,

rinasaknå gunging sihNyå,

yå lubêring katrêsnanNyå.


Ing têngah ratri kang sidhêm

lintang gumêbyar pêpadhanging ati

ing ari NATAL kang suci

Sang Pamartå tumêdhak ing bumi.


JM, malêm Natal rongèwu rolikur

              ✍️ eNPe ✍

            [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU