NGABÊKTI MRING ALLAH JRONING PAKARYAN
Åpå kitå biså ngabêkti mring Allah jroning pakaryan kitå?
Pårå panguwåså kang amung nêngênake hake bae, malah kanthi ngaji-pumpung migunakake pangwasane kanggo anyênyugih dhiri, iku tumindak kang ora pinuji. Minångkå sawijining pandheganing /pamõng pråjå /pêmimpin tingkatan endhèk têkan ing dhuwur dhewe ing sawijine pakumpulan ing dhaerah åpå dene ing pamarentahan pusat ing ibukuthå nagårå kudune ora nêngênake mung njupuk hake bae, nanging prayogå kudu wasis lan wicaksånå ngorbanake kanggo kêmakmurane rakyat kang dadi pangrèhe. Åjå amung ing 'kampanye' ngumbar pangarêp-arêpan lamis (Pemberi Harapan Palsu - PHP 🤪), janji-janji manis, mburi-mburine dilêpèh (habis manis sepah dibuang).
Wêdi asih mring Gusti iku mujudake patrap landhêsaning urip umating wõng pracåyå. Åpa bae pakaryan kitå, ing ngêndi bae papan dununge, kitå ora biså ngarani yèn tumindak ngunthêtake båndhå kasugihan dhiri (korupsi) iku amung dumadi ing pårå kang kajibah dadi pêmimpin bae. Malah, tumraping tukang utåwå kang jêjibahane dol-tinuku /dêdagangan biså duwèni cårå nylinthut lan ngrekani wõng liyå nganti ngapitunani /gawe rugine wõng liyå, lan ngêruk kasugihan kanggo awake dhewe. Mangkono ugå bocah sêkolah yèn ngulinakake jiplak cathêtan jroning ujian iku cikal-bakal /wiwitane pakulinan ngunthêtake åpå kang dudu hake.
Ora sêthithik ing tataran among kaprajan (dunia pelayanan publik) kêdadean mangkono wus ora biså diselaki kadyå jamur sing ngåmbrå-åmbrå, pangunthêtan, apus-apus lan sadhengah rekå dåyå kanggo kapêntingane dhewe iyå gêdhe-cilik gumêlar ing panyawang kitå.
Patrap kita wêdi asih marang Gusti iku njalari kitå bênêr-bênêr gumatèni pakaryan kitå klawan têmên-têmên lan jujur. Sumånggå kitå angayahi jêjibahan lan tanggung jawab kitå klawan patrap wêdi asih marang Gusti. Gawean kang kita duwèni mujudake wêwêngan (kesempatan) kanggo ngabêkti pujå aståwå katur Gusti Allah kang wus sinung nugråhå pakaryan iku, arupå sandhang pangan kang kacukupan, rêjêki sumilir anyukupi kabutuhan sabên dinane, sarwå têntrêm rahayu kang pinanggyå.... Amin Amin 🙏🙏
JM, sirêp jalmå, 211222
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar