CRITÅ RAKYAT, MASINIS & BAKUL PÊCÊL -ala nganggur tinimbang nglamun- 😄😀🤏
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02PzjRWAa7qyGc8A5Jgx2YoyqK4WzpGN29z8WspzqDnPrNw4n88RJcksPFkd1DdN1wl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz
Jaman biyèn sêpur ora kåyå jaman saiki, lokone isih loko kluthuk ndhas-dhasane ireng. Tênagane nganggo uap banyu sing digõdhõg ing kètèl gêdhe ing lokone gêgênène nganggo kayu bakar... mlakune jès èjès ... jès èjèss... thuit thuit swarane klayan ngêtõke kêluk irêng.
Ing sapinggiring palang sêpur pênyabrangan dalan ing kuthå cilik ånå bakul dõdõlan lôntõng pêcêl. Bakule pêcêl iku nganggo lêmbar kain cêlêmèk panutup bangkèkan mêngisor, warnane abang.
Dene wus awan lan dõdõlane wus êntèk nêdyå arêp tutup banjur cêlêmèke dicopot lan dikêbut-kêbutke.
Wêktu iku ugå sêpure tekå lan masinise såkå kadõhan wêruh åna uwõng ngêbut-ngêbutke kain abang ngirå ånå bêbåyå, masinis njur ngêrim sêpure lan mandhêg pêrsis cêdhake bakul pêcêl iku.
Sang masinis nglõngõke sirahe lan takõn, "Ontên nåpå mawõn yu?"
Bakul pêcêl awèh wangsulan, "Kantun lõnthõng mawõn pak, sayurane pun têlas.. niki wau dibõrõng ibu-ibu arisan" 🙂
"Trèmbèlane!... tak kirå ånå kêdadean sing nguwatiri, tiwas takêrim dadakan", grêmêngane sang masinis.
"Nggih pun yu, kulå tumbas lõnthõnge mawõn, kênging kangge ngganjêl sêpur... ehh ngganjêl wêtêng... kêlêrêsan dèrèng sarapan niki wau.. he he hee" 🤪😆😆
JM, loro desèmbêr rõngèwu rõlikur
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar