SIANG, RATRI, MÅNGSÅ, WARSÅ

   kapacak uga ing https://fb.watch/hL8-3lqs4B/


    Siang, ratri, mångså, warså gilir-gumanti sumingkir;

saklébat wêwayangan, tan ånå kang owah-gingsir.

    Tumapaking urip kitå sairing saubêngé bumi;

dumadining tanggung jawab datan biså dèn sélaki.

    

    Siang, ratri, mångså, warså, nadyan wus sumingkir;

jroning sukå lan duhkitå Sih-rahmaté Gusti tan kêndhat kadyå sumilir.

    Ing jangkahku anêpaki jaman, Astå-Nyå tansah anganthi;

pungkasané aku tansah ånå ing pamêngkuné Gusti.


    Payo prå kåncå ing tumapaké warså anyar;

sarwå sigrå ngudi yå m9êrsudi ing laku anyar.

    Singkur dalah singkirånå samudåyå laku kang mblasar;

klawan panyuwun mugyå bêrkahing Gusti linubèr mring urip sarwa énggar.


        SUGÊNG_WARSÅ_ÉNGGAL


JM, põg-põgan warså, 311222

             ✍️ eNPe ✍️

            [^__^]  [^__^]

      


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN