PANGREKÅ DÅYÅ MÅNGSÅ JAWAH NGGÊGIRISI
Pamarentah DKI Jakarta kangge nanggulangi kawõntênan mångså jawah nggêgirisi (cuaca ekstrem, Ind) kanthi nyêbar/nyawur sarêm ing akåså/langit.
Upadõs ingkang dipun angkah kanthi nyawurakên sarêm kangge damêl ambyar ngrêmbakaning mêndhung supadõs jawah ingkang nggêgirisi sagêd puncêgah wurung mbõtên kadadõsan. Rancangan wau dipun adani dintên Rêbo, 28 Desèmbêr 2022. Kitå wargå Jakarta lan sakupêngipun klêbêt Jabodetabek ngraõsakên pigunanipun, jawah agêng ingkang sampun punèngêtakên dening BMKG ing wêkdal pintên dintên kapêngkêr èstunipun bõtên kadadõsan.
Pangupadõs kålåwau mujudakên pangrekå dåyå sacårå tèhnik ingkang punsêngkuyung sêsarêngan dening Wings Udara 1 Skuadron 2 TNI AU, Badan Riset dan Inovasi Nasional (BRIN) lan Badan Nasional Penanggulangan Bencana (BNPB).
Kitå minångkå warganing masarakat sampun têmtunipun ngaturakên panuwun dhatêng pamarentah utaminipun dhatêng têtiganing organisasi dhapukan kang wênang, saengga pitunå bênå/banjir agêng sagêd kasil dipun tanggulangi. Sadâyâ pangrekâ tèhnik kålåwau mbotên sanès awit saking kêparênging lan pitulunganipun Gusti Allah Ingkang Maha Kawåså.
Puji sokur Gusti angrumêntahakên bêrkah ingkang agung punika... Amin 🙏
JM, lingsir siang 291222
✍ eNPe ️✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar