NGURMATI PANDHEGÅ (PANGUWÅSÅ)

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0MMvpR3AwsTaSxu7xabKoozVD4UZ9sZTpQSJqEipSD6hb8D8aGzXtJgsKb2vLHoySl&id=100053518547586


Sing jênênge pandhegå, pamõng, pangarêp, panggêdhe, panguwasa (pemimpin. Ind) duwèni tanggung jawab jêjibahan sing ora ènthèng jroning urip bêbrayan ing masarakat.

Pamõng kang ambêk siyå (awatak ålå) biså njalari bêncånå, bêbåyå, piålå. Kõsõk baline panguwåså kang ambêk darmå luhur bêbudène, adil, wicaksånå biså anggawe bêrkah kanggo wõng akèh andhahane kang kapandhegani.


Pangarêp, pamõng, pandhegå, panguwåså sawijining kumpulan åpå bae wiwit såkå kang êndhèk tatarane nganti tlatah kang åmbå/dhuwur/gêdhe/nêgårå, kapilih lan katêtêpake dening kang wênang miturut undhang-undhang sing dadi paugêran. Mulå mangkono kang kajibah nêmtõkake tåtåcårå pamilihan lan panêtêpan prayogå kudu duwe kajujuran lan kawicaksanan.


Ing sawijine pakumpulan utåwå nagårå tumrap panêtêpan kang wus ditêmtõkake, dening anggota masarakate ora beda-bedakake kabèh kudu ngugêmi/nuhoni/ngurmati. Yèn ånå wargå masarakat kang dadi wêwêngkõn pangawasane ora mituhu marang paugêran, wargå kasêbut olèh pêpancasan paukuman.


Dene samångså kabèh wargå bångså dipandhegani dening pamong kang adil lan wicaksånå rakyate bakal nåmpå katêntrêman lan bêrkah. Dene yèn pandhegå tumindak ora pinuji/ambêk siyå, mulå warganing masarakat bakal kêtaman ora bêcik kang tumuju bubrahe tatanan urip bêbrayan. Pamõng (pemimpin) kang bêcik, adil lan wicaksånå sêjatine minangkani wakile Gusti Allah ing têngahing umate.


Sajroning ngayahi uriping bêbrayan wargå bångså, Gusti dunungake pårå pamõng (eksekutif, legislatif lan yudikutif) kang sinêdyå murih nuntun/mimpin masarakate tumuju katêntrêman, adil lan makmur.

Prêlu tumraping kita kabèh minångkå titahe Gusti Allah duwèni wêwatak luhur, jujur lan duwèni wêwênang bebas milih pårå pamõng, pêmimpin kang têguh ing janjine ngêmban darmaning tugas minångkå pandhega/pangarêp/pêmimpin. 


Jêjêre pangarêp/pêmimpin ing tataran êndhèk dhewe tumêkane kang dhuwur dhewe ing pakumpulan åpå bae kudu bisa ngêmban janji marang kawajibane ing pundhake klawan wasis, wicaksånå lan adil linandhêsan lan mituhu marang paugêran kang wus samyå katêtêpake.

Wargå masarakat kang dadi wêngkõne wus sayogyå pådhå ngurmati lan sayuk-sayuk rukun bêbarêngan gõtõng-rõyõng nyêngkuyung pêmimpine kanggo mulyaning bångså lan nagårå.


Ayo pårå kadang kinasih kitå pådhå asung ngrêksa karukunan, ora prayogå pådhå rêgêjêgan rêbut mênange dhewe ora maèlu marang sapêpådhå têmahan åpå kang sinêdyå biså ambyar, bubrah såkå tatanan.

Sumånggå kitå ngayahi darmaning piyambak-piyambak, mugi Gusti ambêrkahi lan tansah sinung karahayõn... Amin 🙏


JM, lingsir kulõn, 281023

           ✍️ eNPe ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN