LINGGIH PÅDHÅDENE ÊNDHÈK, NGADÊG PÅDHÅDENE DHUWURE

           #pangangên esuk

    kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02zisWWWFEGYccVp7yifA8VKQ9zJ6Sih5H8tmpQpqNJw3BbtxY4whvLugboSNR743zl&id=100053518547586

*Linggih pådhådene êndhèk, ngadêg pådhådene dhuwure* yåiku patrap ngrênggani urip kang pinuji lan mulyå. Yèn salah siji linggih lan liyane ngadêg, carane nyawang kahanan ugå bakal bedå.

Ing ngarsane Gusti saliring manungså pådhå drajate, awit Panjenengane kang nitahake manungså miturut gambar lan pasemõn-Ne.

Ing ngarêpe anggêr-anggêr /paugêran nagari saliring wargå bångså pådhådene hak lan kuwajibane, ora ambedakake siji lan sijine.


Ngucapå jroning atimu, "Aku kinajènan ing PamirsaNe". Luwih bêcik kajèn ing Ngarsane Gusti tinimbang ing pandêlênge manungså, jalaran pangajine manungså asipat sawêtårå wêktu, nanging Makuthå Kauripan kang wus Gusti cawisake mring kitå asipat langgêng salawase.


Mulå mangkono, sayogyå sliramu åjå ngêgungake utåwå ngasõrake dhiri pribadi utåwå sapêpadhamu. Rêksanên karukunan ing antarane sapêpådhå, sabab Allah wus sinung kaluwihan lan kakurangan dhewe-dhewe, prayogå siji lan sijine pådhådene ngganêpi lan angajèni.


JM, Ahad esuk, 231022

         ✍ ️eNPe ✍️

       [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN