B Ê B Ê N D U
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02bsGm4m3CHZ4ech8cdMQdgVLCmmg8s1Syafs6bPDzQwT2ZfftQ6EB86FKU7qmbpJjl&id=100053518547586
Nyumurupi ing wêktu-wêktu wêkasan iki akèh kêdadean alam awujud patåkå, bilai kang nggêgirisi.
Ngarêpake gumantine mångså akèh kasêngsaran kang tumibå durbålå, iyå banjir ing ngêndi-êndi agawe rusake samubarang, gunung mblêdhõs awune ambyar têkan ing plataraning nagari iki.
Mulad-mulading bêbêndu kang wus kadhawahake dening Pengeran awit iyå såkå polah tingkahing manungså kang mblasar såkå Dhawuhe Gusti.
Gumlêgêrê swårå kaprungu mawantu-wantu.
Anggêgirisi ing madyå ratri kang sêpi.
Sêpining jalmå manungså kang wus pådhå kasilêp ing alam impèn.
Glêgêrrr!… krosak!… gembrõjõg têkaning tirtå tan kanyånå-nyånå nggêgirisi.
Anrajang nasak-nasak gubug dalah nglêlêpi sesawahan kang lagi ngarêpake mångså panèn.
Ambyar sanalikå kêprungu jêriting båpå-biyung lan tangising bocah-bocah samya.
Sawêrnaning ubårampe amblas kèli sauruting ombaking tirtå.
Samudåyå lêlabuhan prå kadang sirnå tan ninggal sawijiå.
Mendah nglangut rinujit-rujit råõs-raõsing kalbu nyumurupi kawontênan duhkita.
Dhuh Gusti kêparengå Padukå wêkasi bêbêndu punikå.
Kasinungåna pangaksåmå samudåyå doså kawulå lan saisining jagad kang sarwå mblasar saking dhawuh Padukå.
Nyadhõng Sih-kadarman Padukå pinaringakên mring prå jalmå sadåyå.
Kauwalakên saking bêbêndu punikå… Amin.🙏
JM, parak-esuk, 121022
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar