SI KUCING KÊTULÅ-TULÅ -dongèngipun bu guru-
kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0276RupP6WqKNiuAHmxih2RSA9sdoLFMGrBrgoxgy5PfGQcetz71TZbMi6UssnJaQxl&id=100053518547586
Ing sawijining kithå agêng, wõntên lare alit naminipun Joni gadhah kucing lucu ingkang dipuningah wiwit alit. Joni gêmatõs lan opèn sangêt dhatêng kucingipun kang punsukani têtêngêr si Meõng.
Ing sawijining dintên båpå-ibunipun Joni tindakan dhatêng njawi kithå. Sadèrèngipun nglajêngakên tindakipun, båpå-ibunipun mampir ing toko dolanan, lan mundhut 'vidio game' nuntên wêling kaliyan pramusaji toko supådõs ngintunakên dhatêng alamat griyå kangge Joni putrå kinasih. Joni bingah sangêt, mila nuntên sadintên muput nggêthu, kêtungkul dolanan vidio game ngantõs nglirwakakên wajibing nyukani têdhå kucingipun dadõsakên kalirên. Èstunipun si Meõng kesah nglimpe nilarakên griyå bõtên kauningan dening Joni.
Sasampunipun sawêtåwis jam, Joni nêmbe kèmutan nginguk kawontênanipun si Meõng, piyambake kagèt si Meõng kõk bõtên wõntên ing panggènan ingkang biasanipun punangge tilêm. Joni enggal madõsi si Meõng, nanging bõtên kêpanggih. Pungkasanipun Joni nêtêpakên nêdyå madõsi si Meõng dhatêng sakupênging kithå. Kirang langkung sawêtawis 5 jam Joni bõtên sågêd manggihakên si Meõng. Wusananipun Joni mantuk griyå. Sarêng dumugi griyå Joni bingung badhe matur mênåpå mangkenipun dhatêng båpå-ibunipun?..
Båpå-ibunipun Joni nalikå konduripun ing margi mirsani si Meõng ing cêlak pambucalan uwuh kaliyan ngopat-apitakên buntutipun lan sikil dhukir-dhukir larahan katõn kêtulå-tulå sajak kelirên bõtên kopèn. Sanalika ugi båpå-ibunipun Joni nyêpêng si Meõng tumuntên kalêbêtakên ing bagasi mõntõr. Dumugining griyå, båpå-ibunipun Joni enggal andangu Joni : "Nang ngêndi kucingmu kõk ora katõn?" Joni atur wangsulan bilih si Meõng kesah jalaran kêsupèn bõtên punpakani. Båpå-ibunipun bõtên kõk dukå, nanging ndhawuhi Joni bikak bagasi kapurih ngandhapakên barang-barang. Nuntên...., Joni kagèt kaliyan cêlathu : " Lho... kõk kucinge sagêd wontên lêbêt bagasi pak..?".
Wiwit mênikå Joni janji bõtên badhe nglirwakakên malih, badhe nyukani têdhå lan ngopèni si Meõng klawan gêmatõs.
JM, gagat bangun, 071022
✍ eNPe ️✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar