HEE.., TILINGNÅ ANAKKU

   kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0331LuHaNxDt1oBnfB113ncGuRsWvE5yu2e2WMrfhmkHmbeKdwMv88czVgYjk9EPYHl&id=100053518547586


Hee.., tilingnå anakku

pitutur kang kaparingke wõng tuwamu,

cikbèn dåwå umurmu

sarwå têntrêm rahayu kang tinêmu.


Aywå nganti asih lan kasêtyanmu

sartå kaluhuran uwal såkå sliramu,

ukirên ing jroning atimu

sartå kalungnå ing gulumu.


Pracayåå mring Gustimu

aywå sumendhe marang pangrêtènmu,

ngakõnånå, ngabêktiå Panjênêngane ing uripmu

têmah kalêncêngake lakumu.


Kawucalnå mring pangawåså Gustimu

sukåpirênå dalah duhkitå kang kinêsdu,

panggahå nyadhõng pitulungan Gustimu

têmah saliring durbålå siningkirnå èstu.


JM, parak esuk, 251022

          ✍️ eNP ✍️

        [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN