BÅLÅDEWÅ ILANG GAPITE

   kapacak ugå ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0NU2mCtSkGTMBCsn5inxfxjuth3LWeLsF4kEcZez5kSqrMXwL5vau4jbCKkQNeUFCl&id=100053518547586


Saliring pamõng, panguwåså, pêmimpin, pandheganing pråjå duwèni kawênangan kang luwih tumrap pårå andhahane utåwå masarakat kang winêngku ing rèhrèhane.

Kawênangan, pangawåså sêjatine mujudake jêjibahan kang kudu sinånggå dening pårå pamõng, panguwåså. Wus dadi wajibing kang nyandhang pêmimpin anggõne ngayahi darmaning kapracayan kang sinandhang, bêcik yèn kajujuran iku kang utåmå kadhisikake. Ora prayogå yèn banjur tumindak sawênang-wênang aji mumpung klawan pangawasane lan kakuwatane nindhês malah tegå patine mring andhahane. Nindhês biså wêrnå-wêrnå wujude, kåyåtå nyigêg/munggêl utåwå matèni sumbêr panguripan/rêjêkine wõng liyå nganti kang kasigêg kangèlan/ora biså nindakake gaweane mênèh.

Tumindak sawênang-wênang racake linandhêsan kesrakahan lan råså irèn, sêngit ugå råså butarêpan (mèri) njalari kanêpsõn duwèni pandakwa yèn garwå/bojone didhêmêni mring liyan (iki akèh-akèhe kang dadi panyêbab tumindak sarwå ora pinuji kåyåtå kaculikan, kadurakan, kadurjanan lsp.)


Kadyå kauningå ing pawartå sing lagi kondhang/viral kadadean wêktu-wêktu samêngko iki, panguwåså sawijining badan kêamanan kang kudune dadi pangayõm masarakat yå awit såkådene råså butarêpan mring andhahane nganti tumêkane tegå mêrjåyå /numpês nyåwå andhahane. Minångkå panguwåså rumångså kaurmatan/pangajining kulåwargå kaidak-idak ora kajèn, kasêpêlêkake (nadyan alêsan iki isih durung kabuktèn).

Wusanane panguwåså kasêbut kadlarung nggugu karêpe dhewe ing råså batine nganti mijil krêntêging nålå tumindak kang ora pinuji, tundhõne dening pimpinane liwat pangadilan kêpatutan kapêkså ditêtêpake pêpancasan kalèngsèrake /karucat såkå kalungguhane. Conto ing kadadean iki paribasane 'BÅLÅDEWÅ ILANG GAPITE' utåwå ilang kakuwatane/kaluhurane. Pasêmõn iki anggambarake Bålådewå ing wayang kulit sing tanpå gapit (ilang garane) mung kari salêmbar kulit/walulang dadi lêmês ora duwe dåyå.


JM, lingsir wêngi, 221022

          ✍️ eNPe ✍️

         [^__^]  [^__^]

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN