KABUTUHAN URIP MANUNGSÅ
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02uwN3ahnhD6Gumq275UArMTFWbtdVqdHhvjNcFVkak5ezKtWXm6Yg1F6Mse8zKBbrl&id=100053518547586
KItå manungså duwèni manekå warnå kabutuhan urip.
Kabutuhan-kabutuhan iku biså kitå gõlõngake miturut bangêt prêlune utåwå kapêntingane. Kadyå kang kadudud såkå buku-buku èlmu adhigåmå (pengetahuan), kabutuhan kaperang dadi têlung gõlõngan yaiku :
- kabutuhan utåmå/põkõk (Primèr), contone pangan, sandhang lan papan
- kabutuhan kapindho/tambahan (Sèkundhèr), contone parabõtan, piranti têtunggangan lan pendhidhikan
- kabutuhan panguwat/pangukuh (Tèrsièr). contone plêsiran, pêrhiasan lsp.
Tuladhane bab kabutuhan mau kitå wus pådhådene nyumurupi kabèh.
Kabutuhan utåmå (primèr) mujudake kabutuhaning manungså kang kudu disaranani/dicukupi, lamun nganti ora, biså andadèkake gorèhing urip sabanjure biså-biså tumêkane pati, kåyåta pangan yèn ora kacukupan mangane biså dadi kalirên, mangkono uga kurang sandhang lan papan manungså biså kasikså gampang sinêrang lêlårå.
Dene kabutuhan tambahan (sèkundèr) kang mujudake kabutuhan kanggo ngupåyå nambah kabêgjan, kabagyan ing panguripane. Kabutuhan iki biså kasumênèkake/disêmåyå/diundur dhisik saranane sawuse kabutuhan utåmå nyukupi sacårå wutuh, kåyåtå kabutuhan parabõtan omah, pit mõntõr, kõmputêr lsp. Manungså isih biså urip yèn kabutuhan iki ora disaranani/dicukupi.
Kabutuhan pangukuh (tèrsièr)
Sajroning wêktu wêkasan iki, asring kêprungu têtêmbungan kang kondhang (viral) yaiku 'HEALING /penyembuhan' yaiku pangusådå murih bali pulih kakuwatan rohani/batining manungså kang nembe kataman kasusahan, duhkitå. Srånå healing kitå biså pikolèh råså gumbirå, sênêng lan bagyå ing nålå sabanjure nambah sêmangating napaki urip têmahan biså njalari sehat bagas waras ing sarirå. Contone plêsiran, tamasya, ngayahi kêkarêman sing bêcik (hobi), kumpul-kumpul sanak-kadang, silaturahmi lsp.
Kanthi lumakune jaman, kabutuhan manungså ugå tansah owah miturut bangêt prêlune tumraping manungså iku dhewe, sipate ora dadi pêpêsthèn (ora mutlak)
Kabutuhan põkõk antarane manungså siji lan sijine ora pådhå.
Contone, minångkå kadang tani, pacul mujudake kabutuhan utåmå, nanging kanggone pak pulisi pacul ora klêbu kabutuhan põkõk.
Minångkå siswå sêkolah, buku mujudake kabutuhan utåmå, nanging kanggone juru amèk iwak (nêlayan) buku biså mujudake kabutuhan tèrsièr kanggo nambah wawasan... lsp lsp.
Ngawekani kabutuhan pribadi lan milah ing têlung golongane iku prêlu tinindakake.
Kang diangkah supåyå kitå luwih wicaksånå mangêrtèni êndi kabutuhan kang kudu dicukupi dhisik lan êndi kang biså disêmåyå/diundur. Umpamane, duwe omah prêlu kadhisikake tinimbang tuku mõntõr sarwå wah.
Nyumanggakakên pårå sutrêsnå PBJ 🙋✋️ Andharan kabêtahan punikå wau namung urun rêmbag, bõtên dadõs pêpêsthèn. 🤝👏
Mugi sarwå rahayu kang pinanggih,.... Gusti ambêrkahi... Amin 🙏🙏
JM, gagat-bangun, 141022
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar