BUDÅYÅ PAKULINAN URIP RÊSIKAN -sawijine tulådhå-

   kapacak ugå ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02Hj2dTMRi7LM4xMNZtvQENbjrB8H2B8NyKMW7SsXSpYPK72XeAxiGkSjg1qVAJrtl&id=100053518547586


Jêpang salah sijining nêgårå kang digandrungi dening masarakat nêgårå liyå jalaran akèh kaelõkan kang mligi, budåyå, panganan sêdhêp enak-enak sartå tlatah sakupênge asri lan rêsik bangêt. Bab karêsikan, iku winujud awit wõng-wõng Jêpang duwèni råså darbèni mring papan sakupênge (lingkungan) lan tumåtå kamapanan kanthi têrtib.


Pakulinan åpå bae kang kaêtrapake wõng Jêpang nganti nêgarane dadi rêsik bangêt?


*️⃣Prêduli mring papan sakupênge.

Budåyå anjågå karêsikan wõng Jêpang pancèn wus digulåwênthah, diwulangake wiwit ing bangku sekolah rakyat. Pårå murid diajari lan wajib rêsik-rêsik kêlas dadi pakulinane. Ugå diwajibake ngrêsiki tilas ubårampe sing kaanggo bêbarêngan (asah-asahan piring, toilet umum lsp. lsp.) kaangkah supåyå såpå bae sing nganggo sawuse iku bakal ngrasakake nyaman amargå wus rêsik ora ånå tipak rêgêdan. 👍

Mangkono ugå ora tinêmu uwuh, larahan /sampah ing sêmbarangan ngênggõn amargå pakulinane wõng Jêpang nêdyå nggåwå mulih uwuh yèn ora ånå tõng sampah. Budåyå urip sarwå têmåtå kådyå ngene iki sing prêlu dituladhani! 👍


*️⃣ Anggatèkake bangêt karêsikan pangan.

Jalaran budåyå karêsikan wus diwulangake wiwit cilikane bocah, ora nggumunake dene wong Jepang uripe sarwå njågå rêsike panganan. Akèh-akèhe toko jajanan lan rõti ing Jêpang mbungkus kanthi satiti lan rapi, kanggo jågå supåyå panganan têtêp rêsik lan ora kêtaman kuman. Ora digêlar bukaan ing pinggir dalan. 😷


*️⃣ Pakulinan milih têtumpakan umum.

Wõng-wõng Jêpang luwih sênêng nunggang têtumpakan umum supåyå ora kenå macêt. Iki biså kalêksanan margå têtumpakan umum aman, nyaman lan rêsik, nyudå håwå såkå lêbu, asêp lan kêluk (ngurangi polusi).

Kêjabå iku ubårampe kapêrluwan umum pancèn wus disêdiyani dening nêgårå lan masarakate uripe wus têmåtå nurut mring aturan-aturan lan pêpakõn (taat hukum).


*️⃣ Pilah-pilih larahan /uwuh miturut jinise.

Negårå dadi rêsik, salah sijining aturan wajib ing Jêpang, uwuh kudu dipisahake miturut jinise, (ing Indonesia nembe digalakake giyaran pilah-pilih sampah ing TV-TV). Jêpang ugå duwe tåtåcårå pambuwangan uwuh sing wus temåtå kanthi bêcik (kapan neg kitå biså kåyå mangkene?).

Contone, uwuh plastik, kêrtas, kalèng, bõtõl lan sterofoam diklumpuke ing kanthõng måwå warnå bedå-bedå ngangkah biså kaolah mênèh (konsèp ekonomi sirkulèr, didaur ulang).


*️⃣ Ajêg migunakake Disinfèktan.

Pakulinan kang wus dadi budåyå masarakat Jêpang yåiku srêgêp nyemprõtake disinfèktan anti bakteri mring sabên barang lan põjõk-põjõk omah. Luwih-luwih saplõke tumêkane pagêblug C-19, wõng Jêpang dadi luwih pangati-atine anjågå karêsikan awak lan omah.


JM, dêrês sore, 041022

           ✍️ eNPe ✍️

         [^__^]  [^__^]

  (kacritakake kadang kang nembe mulih ngumbårå såkå nêgêri Sakura).


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN