KINGKIN MRING PANGAUBANNYÅ

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02vyegwDszYVy84FYBb9q41M96QHv1HUddZ4pxoXAnqSwSZx5Pezs2KnC5U17XbGu6l&id=100053518547586


Kingkin mring pangaubanNyå, dununge têntrêm-ayêm samyå,

ing kånå tansah sukå piŕênå lan bagyå.

Ing pangaubanNyå nêdyå usådå kuwur lan uwasing nålå,

mrånå, mrånåå.. ibå dahat kangênnyå,

kang wus kawuryan dening pårå pujånggå.


Ing pangaubanNyå tinêmu katêntrêman sanyåtå, datan ånå ing marcåpådå,

sinubyå kêkidungan dening p'rå jåwåtå lan dwijå.

Dalah p'rå satriyå wicaksånå pujå angaståwå,

mrånå, mrånåå.. ibå dahat kangênnyå,

sumadyå dening Kang Murbå Wiseså.


JM, grimis esuk, 201022

            ✍️ eNPe ✍️

          [^__^]   [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN