SAMPUN NGÊNDHE-ÊNDHE

  kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02MKxJDwB2chNiEN33fMgsHyhytmPqLVQSeUvmDA4ShFYPfzrPam25FqAzwXJBYpnMl&id=100053518547586


Pårå kadang sutrêsnå PBJ, bokmanåwi kitå nate mirêng têtêmbungan, "LAMUN SABARANG SIRÅ BISA ANGLAKÕNI, BÊCIK ENGGAL TUMINDAKNÅ!". Têtêmbungan ingkang ngêmu pitutur punikå anggadhahi têgês ingkang lêbêt lan ombèr.


Tuladhanipun kintên-kintên makatên, ampun/sampun(aja) sêpisanå ngêndhe-êndhe damêlan, awit wêwêngan (kesempatan) punika dèrèng kantênan sagêd punambali/winêngå malih. Pramilå mapagi/nêmahi samukawis kang sampun(uwis) wontên ing ngajêng kitå, mênawi pancèn kitå kaconggah ngrampungaken, prayogi enggal kitå tandangi sampun(åjå) ngantõs... kosak-kosik ahh... sagêd-sagêd karumiyini dening ngasanès. Tumuntên kitå namung sagêd nggêgêt driji bõtên pikolèh mênåpå-mênåpå aliyas ngaplo. Sanepan kasêbat utaminipun kaêtrapakên ing têtandhingan punåpå kemawõn ing gêsang puniki, kadõstå bab dagang dõl-tinuku (bisnis), wêwêngan padamêlan, têtandhingan kasagahan sêni lsp.


Sampunå ngêndhe-êndhe awit wêwêngan kang sampun wõntên ing ngajêng pandulu, sampun ngantos ical musprà. Makatên kintên-kintên ingkang sagêd kaandharaken ing ngriki. Bokbilih pårå kadang sutrêsnå ngoncèki langkung wiyar têmahan sagêd langkung rowå ugi ing pratelanipun... Sumånggå... 👍👏


sõrõgan :

sampun (k) : 1. uwis (n), 2. åjå (n)

pc. ampun (k) : åjå (n)

    cathêtan : (k) kråmå, (n) ngoko, pc. pacêlathõn


JM, gagat-bangun, 151022

          ✍️ eNPe ✍️

        [^__^]   [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN