SANG ALFA lan SANG OMEGA

   kaunggah ugå ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0gM6h28CcrUYYzSht11dZZKoHsKPFr245Y1trGrFAevbf6jiFyvuKmANYbGXNyFS5l&id=100053518547586


Ing titi wanci pungkasaning jaman, bakal dumadine langit lan bumi anyar, awit langit lan bumi kang kapisan (lawas) wus sirnå, lan segårå ugå wus ora ånå manèh. Donyå kang lawas kang kêbak dening doså lan samubarang kadurakan bakal kaanyarake.


Nalikå Gusti Allah manunggal karo manungså ing alam kêlanggêngan; "Panjênêngane bakal ngusapi sakèhing luh såkå mripat umate lan bakal ora ånå pati manèh, kasusahan lan pasambat åpådene karubêdan iyå wus ora ånå manèh, amargå samubarang kang lawas wus kapungkur." (Why21:4)

Iku mahanani/nyasmitani sumbêr panglipuring tumrap umate Gusti kang pracåyå yaiku Urip Langgêng ånå ing ayunane Gusti. Bab iku bakal kêlakõn jalaran Allah iku SANG ALFA lan SANG OMEGA, kang Murwani (miwiti) lan kang Mungkasi.


Alfa lan Omega kadyå åpå kang wus kitå kawuningani yåiku såkå aksårå kapisan lan pungkasan aksårå Yunani. Kanggo nggambarake kasampurnane kang wutuh (Måhå Sampurnå) Gusti Allah miwiti sakabèhane lan ngrampungake sakabèhane kanggo karahayõn umate.


Urip iku kaibaratake kadyå têtandhingan (pertandingan). Kamênangan nelakake såpå bae sing biså tumêkane pungkasan kanthi rahayu. Bab kang luwih wigati (penting) dudu ing kawitane, nanging ing pungkasaning urip. Kitå kabèh umate Gusti wus kaparingan udhu, sangu, talenta, akal lan budi, sing dadi gêgayuhan ora sêpirå suwene urip kitå nanging kêpriye anggõne nglakõni jroning urip kitå. Kabèh gumantung kitå biså angudidayå gêgayuhan mau wiwit saiki sabab ora ånå kamênangan tanpå pangudidåyå (perjuangan). Têmtu kabèh iku pinangkane awit såkå kêparênge Gusti piyambak linambaran Sih Kadarmane Gusti Kang Måhå Asih.... Amin 🙏


JM, Ahad esuk, 061122

          ✍️ eNPe ✍️

        [^__^]   [^__^]


(pratelane ing bs. Ind kurang luwih mangkene) :


Pada saat datangnya akhir jaman dinyatakan bahwa akan datangnya langit yang baru dan bumi yang baru. Bumi yang lama, yang penuh dengan dosa dan kejahatan, akan digantikan dengan bumi yang baru. Itu adalah dunia yang diperbarui.


Saat Allah bersekutu dengan manusia dalam kekekalan, "Ia akan menghapus segala air mata dari mata mereka, dan maut tidak akan ada lagi; tidak akan ada lagi perkabungan, atau ratap tangis, atau dukacita, sebab segala sesuatu yang lama itu telah berlalu" (Why21:4). Itulah sumber penghiburan bagi umat Allah: hidup kekal. Hal itu hanya mungkin terjadi karena Allah adalah Alfa dan Omega, Yang Awal dan Yang Akhir.


Alfa dan Omega adalah huruf pertama dan terakhir dalam abjad Yunani. Ungkapan itu menunjukkan kesempurnaan dan totalitas. Allahlah yang memulai segala sesuatu dan menyelesaikan segala sesuatu. Dan, semua itu diperbuat-Nya bagi orang yang menang.


Hidup itu bagaikan perlombaan. Kemenangan adalah kala seseorang bertahan hingga akhir perjalanan hidupnya dengan selamat. Hal yang terpenting bukanlah awal, namun akhir hidup; bukan berapa lama hidup kita, namun bagaimana hidup dijalani! Bagi dialah hidup kekal itu. Itulah yang mesti kita perjuangkan dalam hidup sekarang ini. Sebab, tiada kemenangan tanpa perjuangan! Tentu semuanya karena tiada lain hanya kehendakNya yang berasal dari Belas dan Cinta Kasih Tuhan Yang Maha Kasih.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN