PAMRAYOGÅ NINDAKAKE KABÊCIKAN & KAWICAKSANAN
Åjå nyandhêt gawe kabêcikan marang wõng kang wênang nampani, mångkå kitå sêjatine biså tumindak mangkono.
Kitå åjå nyêmõni sapêpadha: “Lungåå!, lan baliå mênèh!, sesuk bakal dakwènèhi,” mångkå nyatane kitå duwe åpå kang dibutuhake.
Têtêmbungan ing ukårå iku wêrdine, kitå prayogå ora ngêndhe-êndhe tumindak kabêcikan marang sapêpådhå, sabisane, saduwene, sakuwate kitå kaconggah nglakõni iku têmtu gawè pigunå marang kang butuhake. Åjå nganti nundhung klawan ora sumanak åpå manèh karo ngrèmèhake sajak ngece lan sêmêngit /nylêkit.
Åjå ngrancang gawe piålå marang sapêpådhå, kamångkå anggõne têtunggalan karo kitå tanpå sulåyå lan sånggå-runggi (curiga. Ind.)
Åjå padudõn karo wõng datan sabab; manåwå ora nandukake/gawe piålå marang kitå.
Ing ukårå kasêbut ngêmu tulådhå, åjå tansah duwèni pandakwå ålå marang liyan kang ora dhêdhasaran matõn nganti njur gawe rancangan dahwèni malah nyilakani nganti tegå-tegane gawe patine. Têmtune iku nêrak paugêran ngaurip kadyå kang wus dadi anggêr-anggêring Pangèran Gusti Kang Murbèng Agêsang.
Bêgjå wõng kang wicaksånå lan duwe kapintêran/kawasisan.
Kuwi ajine ngungkuli salåkå, lan rêgane ngungkuli êmas murni.
Kawicaksanan kuwi luwih aji katimbang karo watu aji, ngungkuli sabarang sing dènpêpengini.
Têtêmbungan ing ukårå kasêbut, mratelakake dene sing såpå duwèni kawicaksanan lan jêmbar pangêrtène luhur bêbudène iku kadunungan urip karahayõn. Patrap kawicaksanan iku wõhing kanugrahaning Gusti kang ora biså kajajag måwå ukuraning /takêraning manungså.
Budidayåå supåyå olèh kawicaksanan kang pinangkane såkå Gusti, marsudiå supåyå olèh èlmu lan kapintêran, åjå ndleyå /nglirwakake lan nyimpang såkå têtêmbungan pitutur luhur.
Salam têntrêm rahayu kang pinanggyå 🤝
JM, gagat-bangun, 241122
✍️ eNP ✍️
[^__^] ]^__^]
Komentar
Posting Komentar