SIMBAH ÕMPÕNG lan MUKIDI

   kaunggah ugå ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0aHYyCyMCGnj6DghjCDusXfcA51wf1X2Aps7gVUBEfrWkXDvuWMH4X6YNXVYZ626il&id=100053518547586 


😎"Kojahe kadõs pundi mbah..? Kulå Mukidi tanggi sisih kilèn ngriki..."

👴"Oh.., iyå..rene lungguhå.." ngendikane simbah..


Pas bangêt nalikå ngõbrõl ing mejå ånå kacang mete satõplès..


😎"Mbah, kulå nyuwun kacang metene nggih ..?" ujare Mukidi.

👴"Iyå, iyååå, jupukên kånå..", saute êmbah.

Saking enake ngõbrõl, ora kråså Mukidi wus telap-tèlêp ngêntèke kacang mete satoplès..

😎"Wah Mbah, kacang metene kulå têlaske ngapuntên nggih.."

👴"Ora åpå2... Simbah wus ora biså mangan kõk, ora têdhas... untuku wus õmpõng, ora biså mamah... Sokur yèn biså êntèk... Wus suwe Simbah nglumpuke kacang mete iku.."

😎"Ooo... ngastå piyambak tå mbah..?"


👴"Ora le.., iku såkå Coklat *Silver Queen* Simbah êmut Nganti êntèk Coklate, kari kacang metene Simbah klumpuke nganti kêbak satoplès, yèn Mukidi ngêntèke yå sokur ora mubasiiir...??"🤪

🤪"Wadhuh mbahhh.... kõk mbõtên ngêndikå wau waune...!! 😛😛😛


Åpå tumõn..?? Mukidi kêcangar ora baèn-baèn ... hihihi 🤭🤫😷


Sugêng sõntên pårå mitrå kadang ... 

Ayo ngguyu .... 🤣🤪

ngguyu mênèh... 

yèn ngguyu åjå sêru2... bèn ora ketõk õmpõngmu .... simbah simbahh...😃😄... mukidi mukidii... kapõkmu kapan??...🤪🤪


JM, ndungkap angslupe srêngenge, 061122 

         ✍️ eNPe ✍️

        [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN