PILIH NJÊJÊGAKE /NGÊNÊRAKE HAM (HAK ASASI MANUSIA) ÅPÅ AKLAK ANAK KITÅ BÊJAD

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02nLj8wX6KHkt71tPPzJzTd2GLy7fuQEwN2xtBeoTZ2RWm3d59dWhnUTNsEtGCPuUTl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz


HAM ora nate tumindak åpå-åpå nalikå aklak bocah rusak /bêjad, nanging nalikå bocah dijiwit gurune kanggo budidåyå patuh mring panêtêpan (disiplin), HAM lagi ngõmõng sêru /bêngõk. Iku kang kadadean ing jagating pawiyatan /pamulangan /pendhidhikan ing jaman saiki. Ibå bangêt gawe girising ati nalikå kitå krungu pawårtå ånå guru dilaporake pulisi jalaran njiwit, napuk utawa nabok muride sing nakal sênêng gawe ribut ing kêlas, wus dielikake guru isih bae dibolan-balèni mênèh.


Ånå sawijining kêdadean sing ngagètake, sang hakim kang lagi ngadili ing prakaran kang kadakwå (terdakwa), ora kanyånå-nyånå ngadêg ninggalake kursi nuli mudhun nyêdhaki kang kadakwå njur nyalami karo ngêsun tangane.


Sing kadakwå minångkå jêjêring guru SD ugå kagèt lan gumun tumindake sang hakim. Sadurunge kêbacut-bacut anggõne kagèt, sang hakim ujar, "Mênikå mujudakên raõs pamatur nuwun lan urmat bêkti kulå katur panjênêngan båpå Guru."


Datan kinirå, jêbul kang kadakwå iku gurune hakim rikalå ing SD, nganti saiki dhèwèke isih mulang SD kasêbut. Dhèwèke minångkå kadakwå sawuse dilapurake dening salah sijine wali murid, gårå-garane guru iku nuthuk /napuk raine salah siji muride. 

Kang lagi dadi kadakwå iku ora kênal manèh yèn sang hakim iku tilas muride, ananging sang hakim iku ngêrti bangêt lan pêrsis yèn priyå sêpuh sing lagi lênggah ing kursi kadakwå iku sêjatine gurune.


Hakim sing biyène dadi muride guru iku ngêrti bangêt yên guru iku anggõne napuk murid dudu tindak panyiksan. Panapuke /pangantême iku ora ndadèkake lårå lan natõni. Amung pangantêman alõn /ènthèng bae kanggo supåyå murid-muride mangêrtèni aklak/ tåtå sopan lan murih luwih ngugêmi wêwatõn (disiplin). Pangantêman iku sêjatine sing nglumantarake biså dadi hakim kåyå saiki.


Jaman biyèn rikålå kita tambêng lan ndhugal, guru adade ngukum kitå. Malah bokmènåwå tau nuthuk /ngantêm /ngêplak /njõtõs kitå. Lan nalikå kitå wadul marang wõng tuwå kitå, kitå malah dituturi supåyå kitå ngowahi tandang tanduk kitå manut dhawuhe guru. Prasasat ora ånå wõng tuwå nalikå samånå sing ngluputake guru margå ngêrti lan pracåyå dene ukuman guru mênyang muride iku mujudake gumêlare anggõne dhidhik budi pêkêrti ora amung mulang èlmu bae. Kocapå bakal ngundhuh pakarti ngêrti sopan santun, duwèni budi pêkêrti luhur lan luwih ngugêmi paugêran kang kaanut (luwih disiplin). Kita biså tuwuh lan dadi pribadi-pribadi kang ngajèni marang guru lan wõng tuwå.


Banjur nalikå kitå dadi wong tuwå ing jaman samêngko iki, ora sêthithik malah kêpårå akèh wong tuwå nglapurake guru jalaran njiwit utåwå njèwèr lan ngukum anake ing sêkolahan. Nganti wus mujudake kêdadean sing kalumrah bae, kadyå kang kapacak ing layang kabar lan wartå-wartå tv yèn ing sawijining dhaerah pårå guru ngêculake /ngêjarake murid-muride saparipolahe dhewe, sing pênting guru ngayahi tugase mulang kawruh (keilmuan) bae. Ora ndhidhik ... dadi jêjêr adêging (fungsi) pêndhidhikan wus ilang amargå ora ånå sinêngkuyunge (bab budi pêkêrti) wõng tuwå lan masarakat marang guru.


Ora prayogå ngluputake guru yèn murid-murid saiki ora duwèni budi pêkêrti /aklak kåyåtå gêlut rame-rame (tawuran), 'geng motor' tumindak begal, prakaran narkoba njur pikolèhe pêndhidhikan ora kåyå sing disêdya pårå wong tuwå.

Ora kõk guru ora gêlêm ndhidhik muride dadi luwih apik aklake, nanging pårå guru kuwatir yèn dilapurake dening wali murid kadyå kang dialami kåncå-kåncå guru liyane.

Wus akèh sawêtårå guru kudu urusan karo pulisi. Malah ånå guru kang kêpêkså mlēbu krangkèng, guru mung njiwit muride sing tambêng njur oleh ukuman pidhånå, kabèh mau alêsane nêrak HAM (Hak Asasi Manusia, Undang2 Perlindungan Anak)...; Nanging nalikå anak turun kitå ambyar /bêjad aklake.. Åpå tau HAM lan sabangsane iku gawe aksi mrakarakake kanggo ngowahi aklak anak-anak bångså supåyå dadi luwih apik? Ora! .. Ora ånå!..., anane mung mbisu mênêng bae kåyå-kåyå cucul tangan.


Tulisan iki mugå-mugå tumraping kitå minångkå wõng tuwå utåwå wali murid biså ambangun sêsambungan bêbrayan luwih salaras lan cundhuk /cõcõg karo gagasane pårå guru. Kitå guyub nyawisake turun kitå (generasi) mijil dadi turun kang duwèni sipat luhur bêbudène, jêmbar kawicaksanan lan kawruhe, dudu sêsambungan bêbrayan kang linandhêsan kadyådene dõl tinuku sing gampang nglapur-nglapurake mburu lupute liyan.


JM, gagat esuk, põncõt wulan nopèmbêr rongèwu rolikur.

              ✍️ eNPe ✍️

            [^__^]  [^__^]

Sumbêr kajarwakake lan karingkês saka unggahan ing grup-grup WA pårå kadang kang mrihatinake pêndhidhikan budi pêkêrti sing wus luntur ing pawiyatan-pawiyatan dhasar nganti têkan pamulangan dhuwur (pendidikan tinggi), nuwun 👏

  SUGÊNG MÈNGÊTI "HARI GURU"


*ANDA PILIH MENEGAKKAN HAM (HAK ASASI MANUSIA) , ATAU AKHLAK ANAK KITA BOBROK???* 


HAM *TAK PERNAH BERBUAT APA APA* KETIKA AKHLAK ANAK RUSAK, tetapi ketika anak dicubit untuk didisiplinkan HAM berbicara *LANTANG*


 *(Sebuah Pelajaran Berharga untuk orang tua / walil murid)*

Hakim itu mengejutkan semua orang di ruang sidang. Beliau membebaskan terdakwa kemudian meninggalkan tempat duduknya lalu turun untuk mencium tangan terdakwa.


Terdakwa yang seorang guru SD itu juga terkejut dengan tindakan hakim. Namun sebelum berlarut-larut keterkejutan itu, sang hakim mengatakan, “Inilah balasan yang harus kulakukan sebagai rasa terima kasihku kepadamu, Guru.”


Rupanya, terdakwa itu adalah gurunya sewaktu SD dan hingga kini ia masih mengajar SD. Ia menjadi terdakwa setelah dilaporkan oleh salah seorang wali murid, gara-gara ia memukul salah seorang siswanya. Ia tak lagi mengenali muridnya itu, namun sang hakim tahu persis bahwa pria tua yang duduk di kursi pesakitan itu adalah gurunya.


Hakim yang dulu menjadi murid dari guru tsb mengerti benar, pukulan dr guru itu bukanlah kekerasan. Pukulan itu tidak menyebabkan sakit dan tidak melukai. *Hanya sebuah pukulan ringan untuk membuat murid-murid mengerti akhlak dan menjadi lebih disiplin.* Pukulan seperti itulah yang mengantarnya menjadi hakim seperti sekarang.


*Dulu, saat kita “nakal” atau tidak disiplin, guru biasa menghukum kita. Bahkan mungkin pernah "memukul" kita. Saat kita mengadu kepada orangtua, mereka lalu menasehati agar kita berubah. Hampir tidak ada orangtua yang menyalahkan guru karena mereka percaya, itu adalah bagian dari proses pendidikan yang harus kita jalani. Buahnya, kita menjadi mengerti sopan santun, memahami adab, menjadi lebih disiplin. Kita tumbuh menjadi pribadi-pribadi yang hormat kepada guru dan orangtua.*


Lalu saat kita menjadi orangtua di zaman sekarang… tak sedikit berita orangtua melaporkan guru karena telah mencubit atau menghukum anaknya di sekolah. Hingga menjadi sebuah fenomena, seperti dirilis di Kabar Sumatera, guru-guru terkesan membiarkan siswanya. Fungsi mereka tinggal mengajar saja; menyampaikan pelajaran, selesai. Bukan mendidik...... Fungsi pendidikan sudah hilang krn tdk adanya kerjasama antara guru, orang tua dan masyarakat.


Jangan salahkan guru jika murid sekarang kurang mengerti ahlak dan hasil pendidikanya tidak seperti yg diharapkan orang tua.

Bukannya tidak mau mendidik muridnya lebih baik, mereka takut dilaporkan oleh walimurid seperti yang dialami teman-temannya. 

*Sudah beberapa guru di Sumatera Selatan dilaporkan wali murid hingga harus berurusan dengan polisi*.

*Di bantaeng guru disel....di jawa tengah guru sd mencubit siswanya dipidanakan...semuanya atas nama HAM...undang2 perlindungan Anak....tapi ketika moralitas hancur akhlak generasi bobrok pernahkan HAM dan dedengkotnya membuat aksi nyata menuntut perbaikan moral & akhlak anak bangsa ???.*


Semoga tulisan ini, bagi kita para orangtua atau walimurid, bisa membangun hubungan yang lebih baik dengan guru. Kita bersinergi untuk menyiapkan sebuah generasi masa depan. Bukan hubungan atas dasar transaksi yang rentan lapor-melaporkan.


Mohon di share ke grup lain.. 

Kalo ada grup yg banyak gurunya spy ada gunanya.. 

Bukan mencari pembenaran.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN