GURIT SACANDHAKE
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0WYmrh2bZrYDDSSmo2wmmqoF5x24pAtQbTBL5q9nkStQXiMrJ2Zn6i2UBT2yrZWc1l&id=100053518547586
Yågene kaanane pråjå sangsåyå kisruh;
pêndhak byar tan nate têntrêm;
Samångså prå jalmå dhå umyêk;
ngayahi darmaning ngaurip;
Ombyaking kadurakan lan kamungkaran;
tan kêndhat såkå ing paripolahnyå.
Kaanane wõng iku kadyå uwit;
kang tinandur sapinggiring kali;
Kang mêtõkake wõh ing kålå mångså;
gõdhõnge tan nate alum gõgrõg;
Ingambåhå rêribêd ngrepõti;
tansah lêstari kang dèn lampahi.
Tan mêngkono mungguh wõng duråkå;
nanging lir mrambut kabur ing angin;
Nora biså tulus ing pangadilan;
lan ing pasamuwane pårå mursid;
Wõng mursid rinêkså ing Pangèran;
wõng ålå tumibèng karusakan.
JM, lingsir wêngi, 151122
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar