PANGADILAN PUNGKASANING JAMAN

   kapacak ugå ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0qk47AnrJYK1XVebvVtnHSKmE6w4qxXz97eW2mFWBa5xU7yzRpywQT4a29w7FAKW4l&id=100053518547586


Ing kitab Wahyu 20:12 tinulis,   "Aku tumuli wêruh wõng mati, gêdhe cilik, pådhå ånå ing ngarêp dhampar, banjur ånå kitab-kitab kang pådhå kabukak. Lan ånå kitab liyane manèh kang kabukak, yåiku Kitabing Kauripan. Wõng-wõng mati mau tumuli pådhå diadili miturut panggawene adhêdhasar åpå kang katulis ing kitab-kitab mau."

Ing kene nelakake /mratelakake Pangadilan Pungkasaning Jaman (kiamat) sawuse donyå kasirnå såkå ing pangayunane Gusti Allah. Rawuhe Gusti ibå ngebat-ebati nganti langit lan bumi sirnå.


Sajroning pangadilan iku samubarang wus kacathêt. Ora ånå timbangan kanggo ngetung åpå uwõng iku luwih akèh kadurakane utåwå luwih akèh kabêcikane. Ånå ing Pangadilan Pungkasaning Jaman ya Pangadilane Gusti Allah ora nyritakake pandakwane jêkså, panglimbange pokrul (pengacara) lan panêtêpane hakim. Nanging kang dumadi hamung panêtêpan Sang Hakim minångkå Sang Juru Wilujêng miturut åpå kang kacathêt ing Kitab Kauripan kang isi solah tingkahing manungså. 

Kabèh wus kacathêt, manungså diadili miturut solah tingkahe, manungså ora biså selak, mung biså pasrah nåmpå panêtêpan pêpancasan Allah Gusti Kang Måhå Adil.


Samångså kålåsångkå ngumandhang lan jaman kandhêg..

plêthèking pajar anyar kang langgêng..

samångså mêngko winacakake jênêng pråjalmå tinêbus,

amung krånå Sih Kadarman Nyå ing wêktu iku kitå klêbu ugå.


JM, pajar-sidik, 011122

           ✍️ eNPe ✍️

          [^__^]  [^__^]

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN