PAGÊLARAN SÊNI LAN BUDÅYÅ ING G-20 GWK

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02avMpxsUHmxAjJqVQ2FmzcaVDF62BmZgYTPhNARxaSntyy7tBSnmv4M1yfqSS8zuRl&id=100053518547586


Presiden RI Jokowi ing dinå Selåså bêngi 15Nop'22 sumêdyå atur pambagyå pårå tamu agung pandheganing nêgåri KTT G-20 ing adicårå Gala Diner. Pamarèntah Indonesia nyawisake bujånå dhaharan dalu kang pratyekå (istimewa) såhå pagêlaran sêni lan budåyå nuswantårå ing Garuda Wisnu Kencana (GWK) Bali. Ing gêlar pasugatan budåyå mau mendah nêngsêmake pårå pamirså iyå pårå tamu undhangan agung arupå tari-tarian kairing musik dhaerah såkå Sabang tumêkaning Merauke. Kabèh iku ciptå riptaning pårå sêniman dhaerah kondhang kang kaanggit lan rinacik klawan elõk.


Tarian Garuda Paksi, Kecak lan Bujang Ganong katõntõnake ing wêwêngan kawitan klawan ngusung kêkitir 'Challenge' tantangan. Banjur kasambung lagu 'Damai' nggambarake katêntrêman kang kairing måwå tarian Kijang, Pecak, Kupu-kupu lan Enggang. Tarian kasêbut ngusung kêkitir 'Nature' Alam, salaras karo kekitir Presidensi G-20 Indonesia.


Pasugatan candhake ngusung kêkitir 'Recover Together' Pamulihan Bêbarêngan, mitõntõnake tarian kêndhang mligi (khas) Indonesia yåiku kêndhang Sundhå, Beleq suku Sasak lan Dõl Bengkulu, ugå ngusung kêkitir 'Alam'.


Tarian Topèng Bêtawi, Bêrlian Bawo, Randai, tari Lala lan tarian Papua ugå angiringi ing pagêlaran kang bangêt elõke. 


Ing pungkasan, klawan kêkitir 'Recover Stronger' bali luwih kuwat, luwih prakoså /roså kadyå sêsorahe mbah Marijan "Roså! Roså! Roså!" 💪💪💪. Ing pagêlaran panutup sumaji lagu Malam Indah kairing tari Kipas lan Payung sartå musik dhangdhut. 🎶🎵💃💃


Sakabèhane tamu utusan agung nêgårå-nêgårå KTT G-20 katõn ing swasånå rêgêng kêbak ing sukårênå ngrahapi dhêdhaharan kang cumawis dening pårå pramusaji pilihan sinambi midhangêtake lan migatèkake sêni budåyå pawiwahan agung kanthi pêrmati lan katõn guyub rukun ing antarane tamu nêgårå siji lan sijine. Pårå pamirså kabèh ora ånå sing mingkêt panyawange tumuju panggung.


JM, ngarêpake plêthèking bagaskårå, 161122

                 ✍️ eNPe ✍️

               [^__^] [^__^]




       







Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN