TIMBANGAN DHARMMAYUKTI (Kaadilan) ABOT SÊSISIH
Solah tingkahe sing padhadene prêkaran ing pangadilan katitik ånå bae saperangan gêgõlõngane pårå kadang sing duwe patrap kang kêkêh ora matõn.
Kadyå pêpeling sing asring digiyarake, yaiku :
Ora prayogå mbênêraké wõng salah lan nyalahake sing bênêr ånå ing pangadilan. Sing kajibah ngajõkake pandakwå prayogane sing waspådå åjå nganti nyimpang såkå paugêran.
Dene wõng sing kadakwå lan luwih dhisik olèhe ngandharake prêkarane ånå ing pangadilan, kuwi kåyå-kåyå sing bênêr dhewe lan kêkêh kêpårå ngèyèl, nganti lawan sing prêkaran ngajokake pitakonan kanggo niti prêkarane.
Sing såpå ngucapake pasêksi gõrõh ånå ing pangadilan bakal nåmpå paukuman; wõng mau bakal ora biså nyelaki /uwal. Iku wus ånå paugêrane, mulane kudu disumpah.
Hakim sing melikan gêlêm nampa bêsêl (sogokan), supåyå ndhõyõngake /ngenggõkake dalan kabênêrane kaadilan, åjå nganti timbangan dharmmayukti (justice, kaadilan) abot sêsisih. Mulå mangkono iku kudu ånå sing ngawasi supåyå råså kaadilane masarakat orå kapidak-pidak dening pangwasane.
Iyå kåyå mangkono iku sing jênênge pangadilane manungså, ora ånå rasaning kaadilan kang jêjêg miturut paugêran kang kaanut (undhang-undhang), ånå bae bõlõngan kang isih biså kadhebat dening kang prakaran nganti ngajokake bandhing, kuwi wus jamak.
Ing kahanan kåyå ngene iki jêjêre sawijining hakim bênêr-bênêr diuji kajujurane lan kasêtyane mring sumpah pangukuhan (jabatan) minångkå pangadêging /punggawaning hukum. Ora kênå timbangane abot sêsisih, anggõne nibakake palu kudu patitis, ora kêplèsèt ngiwå utåwå nêngên klawan kabujuk main måtå lirak lirik. Sang hakim anggone nêtêpake pêpancasan ukuman mring kang kadakwå bakal olèh sõrõtaning masarakat åjå nganti ndleyå /ngênêr karêpe dhewe ora maelu maring tatanan hukum sing kaanut (undhang-undhang).
JM, lingsir wetan, 261122
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar