SAMÅNGSÅ URIPKU SAMUN LAN ANGLANGUT

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid038DRanDHt1DypMJwUjJ9k2E5ocASkRTWYeAT5zdZEt3MHAtyuh9qPjNqZwCh7F1eel&id=100053518547586


Samångså uripku samun lan anglangut,

mitrå sinåråwèdi kang dakgêgadhang,

Sabdaning Gusti dakrungu, "Sun angiring sirå,

aywå gumêtêr, aywå kuwur, pracåyåå!"


Aku datan kêpêncil, datan nate!

daksumarah ing nålå konjuk Gustiku,

sirnå luhku, ilang råså was sumêlangku,

aku datan kijènan mênèh, datan nate!


Lamun sirå kingkin mitrå rumakêt,

hamung Gusti kang mangantyå,

umarêkå, sumungkêmå marang Panjênêngane,

kang datan kêndhat sumadhiyå pisowanmu.


JM, lingsir wêngi, 031022

            ✍️ eNPe ✍️

          [^__^]   [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN