PANYÊBARAN WARTÅ PALSU (CACÅYÅ)

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02RSV6oVpe5YMmWZNqJv3KWNsB4nTei2LuFB7Yw66DqL9vLVJrVZk4YpLRpzFu9Gtvl&id=100053518547586


Kamajuan 'informasi tehnoligi (IT)' rikat bangêt ing wêkasan iki. 'Media sosial' (medsos) mujudake sarånå kang digandrungi dening masarakat.


Yèn kitå tlisik /titi-prikså medsos biså mujudake sarånå kang asipat migunani lan ugå ngapitunani.

Asipat migunani cêthå bangêt lan kitå akõni dene medsos biså ndadèkake sarånå kang sarwå rikat kanggo kirim pêsên åpå bae, luwih-luwih nalikå manungså lagi kêtaman pagêblug Covid-19. 

Asipat ngapitunani yåiku medsos akèh kang migunakake kanggo nyêbar wartå apus-apus, cacåyå, palsu (hoak), pitênah lan nyêbar sêsêngitan sartå agawe wirang antaraning wargå medsos utåwå masarakat.


Akèh masarakat kang gampang anggêr bae nåmpå wartå-wartå cacåyå, apus-apus, palsu (hoak) sing nyêbarake ujar kabêncian nggugah (mancing) rasaning ati (emosi) bab SARA. Saperangan masarakat lumrahe anggêr bae nåmpå/ngêlêg wartå-wartå mau tanpå niti prikså bênêr orane. Iyå kåyå mangkono iku sing nguwatiri biså gawe ambyar (mecah-belah) råså guyub rukun ing têngahing masarakat.

Kahanan iki njur dipigunakake dening wõng-wõng utåwå gõlõngan wõng kanggo golèk untunge dhewe kadadèkake sumbêr pangupå jiwå nåmpå pêsênan krånå adõl wartå-wartå palsu iku nora prêduli gawe rugining utåwå wirange liyan. 


Masarakat têmtu biså luwih wicak ngadhêpi kahanan iki. Ayo kitå pådhådene gõlõng tekad ambêsmi wõng-wõng utåwå gõlõngan kang dhêmên nyêbar wartå palsu yå kanthi lapur marang pulisi måwå bukti-bukti sing biså kapracåyå.


JM, sirêp-jalmå, 121122

          ✍ ️eNPe ✍️

       [^__^]   [^__^]


   >Sõrõgan panulis PBJ<

Pårå sutrêsnå PBJ, kêparêng kulå atur salam rahayu 🤝


Ngengingi ngrêmbag babagan media sosial, 

ing lêmbar laman Põjõk Båså Jåwå (PBJ) punikå, kêparêng kulå atur uningå bilih sêratan-sêratan ing PBJ ngriki bõtên sanès hamung arupi orèk-orèkan sapålå mawi båså Jawi (Jåwå), mliginipun kangge kulå piyambak ingkang ngrumaõsi taksih kirang kapårå kathah kirangipun lan cubluk ing babagan panulisan/panyêratan båså Jawi mawi têtêmbungan lan aksårå latin.


Gandhèng ing jaman 'digital' sapunikå ingkang punjangkêpi dening kêmajêngan 'informasi tehnologi (IT)' kanthi mijilipun 'media sosial' ingkang kondhang puncêkak 'medsos", kulã lajêng kadêrêng damêl orêk-orèkan lêmbar laman PBJ ingkang suwaunipun kasêrat lan kapacak ing blog pribadi wêdalan google sinêbat 'blogspot'. Kulå mêrsudi ngangsu kawruh dhaténg kåncå-kåncå kadõs pundi caranipun sagêd adamêl sêratan-sêratan lan kainggah ing blogspot wêdalan google wau. 


Pintên-pintên wulan anggèn kula nyobi-nyobi ing taun 2011 nyinaõni lan nglêlantih sartå angrancang damêl tulisan, orèk-orèkan sakêcandhakipun kabiantu dening rencang ingkang sampun langkung wasis ing bab IT.

Puji sokur, ing wulan Juli 2011 kulå kumawantun ngêdalakên blõg pribadi mawi canthõlan (link) www.enpeoke.blogspot.com mawi irah-irahan Blog Pojok Basa Jawa ingkang mligi ngêmõt sêratan båså Jawi. Sinaõså nalika sêmantên rèngrènganipun taksih katingal kirang asri kasawang ing layar kåcå 'komputêr'.

Gandhèng blogspot dhêdhasaripun tehnologi web mbõtên patõs kondhang ing têngahing masarakat tinimbang medsos sanèsipun kadõstå Facebook (FB). Ing salêbêting wêkdal danguning dangu, kulå anggadhahi krêntêg lan madõsi bagean sisih pundi ing FB ingkang sagêd kangge nglêmpakakên sêratan-sêratan wau. Èstu kêpanggih ingkang naminipun 'halaman FB'. 

Nalikå wulan Februari 2016, wontêning akun FB kulå,  kulå wiwit damel ing halaman FB måwå cantholan www.facebook.com/pojokbasajawa lan kadamêl sagêd samidene sêsambêtan antawisipun blogspot kaliyan halaman FB, wêrdinipun punapå ingkang kainggah ing blogspot ugi kainggah lan sagêd kapirsanan ing halaman FB, makatênå ugi kõsõk-wangsulipun.


Makatên mênggahing sêjarah mijilipun lêmbar PBJ ing blogspot punåpådene ugi ing halaman FB, têmtunipun taksih kathah kirang jangkêp lan cèwèting têtêmbungan kulå nyadhõng pangaksami sâhâ nyuwun wêwêngan sêsuluh pårå winasis, pårå dwijå lan guru båså Jawi kanthi pangajap murih sampurnå lan rêngênging laman PBJ punikå.


Salam têntrêm rahayu mugi kasalirå wõntêning kitå sadåyå.... Amin 🙏

     nuwun 👏 , eNPe


Akhir2 ini kemajuan teknologi informasi begitu cepatnya.

Medsos mrpk sarana komunikasi yg digandrungi masyarakat luas (warganet).


Kalau kita simak medsos bisa mrpk sarana positif dan negatif.

Bersifat positif karena bisa menjadi sarana komunikasi kirim pesan secara cepat. Adapun negatifnya seringnya digunakan utk mengirim berita palsu (hoax), fitnah dan menyebarkan ujaran kebencian yg bisa mempermalukan antar warganet itu sendiri.


Banyak masyarakat warganet menerima begitu saja berita hoax yg menyebarkan ujaran kebencian tanpa terlebih dahulu mengecek kebenarannya. Ya keadaan seperti itulah sangat membahayakan bisa memecah belah kerukunan & kesatuan bermasyarakat.

Situasi seperti ini yg kmd dimanfaatkan oleh orang2 atau golongan ttt utk keuntungan sendiri dan dimanfaatkan sbg sumber pendapatan dg menjual berita2 hoax itu tdk peduli membuat kerugian pihak lain.


Para warganet tentu diharapkan bisa lbh bijak dlm menghadapi situasi seperti ini. Ayo kita sama2 bertekat & sepakat membasmi oknum2 / golongan2 yg suka menyebsr berita hoax tadi dg melaporkan kpd polisi dg bukti2 yg bisa dipercaya.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN