PUJI SOKUR lan PUJÅ ASTÅWÅ -dongå pangataging driyå-

   kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0yBmxpM5n8Gurj3mfaw4jjRHaKSyvCkMVpJrEMBro3Yfjw7EGLtrovdUu173GPoyl&id=100053518547586


Sih Tuwan dhuh Allah kulå

kang amêngku sajagad rat

Pêparing Tuwan matumpå-tumpå siyang ratri 

Sawarnining titah Tuwan linubèr kanugrahan

Mratandhani kasampurnan ing sih Tuwan tan jajag.


Sih kang murbå ing buwånå

Sih kang nitahkên prå jalmå

Manci umuring prå ambå klayan sapatitisnyå

Sih kang ngrèh salampah kulå tinakdir sapinanggih

Klayan mirmå kang pinujå kraharjan kang sinuprih.


dhuh Allah Gusti kawulå..,

Mugyå dirgå ing yuswå lan basuki, sagung rêribêd tinêbihnå samyå pinanggyå raharjå

Pangataging driya mugya sêsakitnyå kausådå ing AståNyå

Kasarasan pulih hamung krånå Sih kawlasantå

Atur konjuk dhuh Gusti pujå aståwå awit Sih Palimirmå Padukå.


JM, tatas rahina, 201122

          ✍️ eNPe ✍️

          [^__^]   [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN