Postingan

Menampilkan postingan dari Maret, 2018

Ebun esuk : TETEMBUNGAN WICAK

 Kapacak uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2063663663912760&id=1684548218490975 Nora prelu anglakoni bab-bab kang datan piguna supaya katon wah. Ngati-atia lan waspada mring kamajuane 'media informasi', akeh wong kanthi mayar gawe warta njlomprongake nyebar pitenah mring sapepadha. Manungsa temtu nora luwih digdaya tinimbang kilat lan bledhek uga nora luwih kuwat katandhing langit lan bumi. Samubarang bisa angel sadurunge dadi gampang, mangkone uga jroning urip prayoga sumarah lan nyadhong pitulungane Pangeran. Jodho nora mesthi kanggo uriping manungsa, samono uga pepesthen kanggo kamatiane. Ejarna wong liya sing biji awakmu, aja ambek-sura bisa-bisa wong liya anganggep umuk. Wedhak pupur nora bisa nyaput kukul lan gawe alusing pipi. Obat pait bisa gawe usada, tembung pait bisa gawe gendra. Wong kang wicak tansah anglimbang sadurunge tumindak lan medhar pangucape. JM, parak esuk, 21318 kaklumpukake lan rinonce       den...

PANYERATAN ÉJAAN & SWANTEN BASA

Anglajengaken babagan basa jawi ing warsa 2018 punika kepareng kula ngambali malih atur seratan ingkang sampun naté kula pacak ing kaca FB "Pojok Basa Jawa" 4 Feb 2017  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=1840839299528532&id=1684548218490975 lan ugi  23 Feb 2016 bab panyeratipun éjaan lan swanten basa.  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=1685970831682047&id Panyeratan éjaan & swanten basa ing basa jawi kathah ingkang bingungaken. Wonten sawetawis priyantun jawi (jawi tengah tlatah Sala & Yogya) menawi nyerat swanten "å" sinerat mawa aksara "o" contonipun sendhika nyeratipun sendhiko, bisa sinerat biso, upama sinerat upomo. Sadaya kala wau pangucapipun samidéné leresipun nganggé swanten "å". Déné tiyang jawi tlatah kilèn pangucapipun kados punapa ingkang kaserat, contonipun panyeratan "apa bisa" pangucapipun tetep nganggé swanten "a" utawi "A" kaimbuhan swanten êk (ngapak2) , ...

LAGU2 DOLANAN KUNA

Gambar
Sinten ingkang taksih kemutan lagu-lagu dolanan jaman alitan... mangga katuran ngemut-emut. 1. OTOK  OTOK. Otok otok unine tekek Cino klontong dioyak singkek Mlayu mlayu kepleset telek Tiba ndhodhok kathoke suwek. 2. IBU KULA Ibu kula nyuwun arta Ing jawi wonten kere Kere lumpuh tuwin wuta Sambat ngelak lan luwe Enya iki wenehana Sega  iwak lan banyu Lan kerene kandhanana Kon mrene saben minggu 3. PAMAN. Pamanku ing paprangan Amimpin pra wadya Wadya bala dharatan Pujiku slameta Pujiku slameta Lha kae ana upas teka Semune ngwatiri Anggawa layang kabar Yen paman wis mati Yen paman wis mati . 4. APA KOWE Apa kowe ra kelingan Nalika isih bayi Yen nangis ngower ngower Yen turu mesti ngompol Saikine uwis gedhe Uwis ora tahu ngompol Uwis dadi bocah pinter Suk gedhe dadi dokter. Saikine  uwis gedhe Uwis dadi bocah pinter Tumpakane montor mabur Wis padhà dadi insinyur 5. SRENGENGE NYUNAR Srengenge nyunar kanthi mulya Angi...

RAHARJA & SENENG

Tembung raharja/rahayu lan  arsaya/bungah/seneng  sering duweni teges jumbuh dening saperangan kita. Rong tembung iku padha dene duweni wujud semu ing rasa lan pangrasa. Nanging saklorone ana bedane sing baku. Apa kuwi? Raharja dumununge dudu ing bagean rasa nanging dununge ana ing jroning ati iki minangka sumber pikiring nalar manungsa. Dene Arsaya/Seneng mujudake apa kang luwih saka sing dirasakake. Ya mangkono iku.... Raharja tansah kairing rasa tentrem rahayu kebak suka-rena. Dene arsaya/seneng hamung kairing rasa suka bae. Bagya mulya utawa rasa karaharjan biasane kairing saka puji sokur, jroning ati bisa nampa apa kang diduweni utawa apa kang ora diduweni, apa kang digayuh utawa apa kang durung/ora digayuh kabeh mau disokuri kanthi tulusing ati. Dene arsaya/seneng, kairing saka ing jroning rasa suka amarga apa kang ginayuh bisa mawujud, apa kang diduweni marga sarwa katurutan pepenginane. Ringkese kaya mangkene, Karaharjan duweni sipat kang kukuh ora ...

PASEMON KABECIKAN

  kapacak uga ing :  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2060641137548346&id=1684548218490975 Lamun kita nedya arep nangkep pitik, * aja dioyak-oyak *, bisa-bisa kita kekeselan lan pitike sangsaya ngadoh. Wenehana beras lan pakan liyane, mengko rak teka marani karepe dhewe.  Ya mangkono iku uga rejeki, njangkaha klawan bener lan becik, aja kekencengen olehmu ngoyak karo ngotot, malah bisa-bisa kita nora oleh asil. Sisihna lan wetokna pisungsung/sedhekah mengko rejeki bakal sumilir yen wus wancine (kanthi muji sokur dene kabeh mau pinangkane saka Gusti piyambak). Yen kepengin ngingu kupu, aja kok oyak karo ngincup kupu-kupu iku lha malah bisa mabur. Coba nenandura taneman kembang maneka warna, ora let suwe kupu-kupu mau rak padha nyedhak njur ngegrakake swiwine kang endah.  Malah ora mung kupu-kupu sing padha neka, nanging sawernane kewan liyane uga padha nyedhak : tawon, kinjeng lan liya-liyane nambah asrining warna-warni kang mencutake....

DALANING URIP

(kapacak uga ing :  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2058937647718695&id=1684548218490975 Uriping manungsa nalika kalairake kadya lembaran kertas putih kang tanpa cacat.... dene yen kertas mau kabur kanginan kang ora ener njur kecemplung jogangan peceren ya bilai tenan kertas iku dadi lan glaprut regedan. Mangkono uga manungsa yen mlaku ngambah dalan kang ora ener lan ora becik bisa ketularan ora becik lan tumindak kang ora prayoga bisa tumekane duraka. Mula he para kadang udinen lan upayanen anggon kita nglakoni urip iki dipadha ngati-ati aja nganti kajeglong, kabujuk pepenginan lan samubarang iming-iming kadonyan. Ngambah lan mlakua ing dalan kang bener. Ana pitutur mengkene : ( Mat 7:13,14 ) Padha lumebua liwat lawang sing ciyut, awit lawang sing amba lan dalan sing jembar kuwi anjog ing bilai! Kamangka akeh wong sing padha milih dalan mau. Kosokbaline lawang sing ciyut lan dalan sing rumpil kuwi tumuju marang urip rahayu, lan mung sethithik cacahe wong si...

PILIHAN WICAKSANA

( kapacak uga ing :  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=1863130060632789&id=1684548218490975  ) Hajatane bangsa kang ngêntèkake wragad kang ora sethitik yaiku sing karan Pilkada yaiku Pilihan Kepala Daerah. Sabên-sabên nyetèl TV anane mung ngrêmbug kahanan politik ya para ahli, para pamêrhati, para sekuthone paslon sing gaweane pancèn ngomong ngothak-athik ombyaking politik. Racake ngrêmbug paslon sing lagi padha mèlu tandhing, wêrna-wêrna kae pêprincène anggone mbiji yèn si A ngene ... si B ngene ... lsp. Kabèh mau ora ana liya kanggo nyebar kawruh mbujuki para kawula ya calon pamilih supaya bisa kepencut nyoblos paslon sing diagul-agulake. Malah salah sijine para sekuthone paslon ana sing nyêbar pitênah nyêrang paslon liyane. Ohh... iku tumindak sing ora wicak... eling yen para kawula duwe penemu lan biji dhewe-dhewe tumrap para paslon mau, rakyat sangsaya wicak anggone aweh biji kanggo dhasaring olehe nemtokake pilihane kanthi wicaksana kang kabukten ing ...

Piwelinge Ki Lurah SEMAR BADRANAYA

 ( kapacak uga ing :  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=1950191415259986&id=1684548218490975  ) Copas : *KI LURAH SEMAR BADRANAYA* Paring piweling . Laaee, Laee, Laee, Laee. Mbegegeg ugeg ugeg sak dulita hemel hemel. Tholeeee ........ Gareng Petruk lan Bagooong. Rungokna tholeeeee tak meling nyang kowe kabeh ....... Bukaken kupingmu ...... Tatanen atimu ......... Weningna pikirmu ........ Ngrasakkeee urip ing *jaman edan* kaya saiki iki, kowe kabeh kuduuuuu ngati-ati. Kuduuuu eling lan waspada. Jalaran akeh  macan kekudhung kulit wedhus. Singa kekudhung lulang sapi, bajul kekudhung lulang kebo. Ana maliiiiing nganggo klambine polisi. Ana garoooong macak memper kyai. Ana genthooo gayane sesinglon santri. Ana rampooook omongane niru rama lan pendhita. Ngalor ngiduuul sing dikempit kitab suci. Ngalor ngiduul sing dikojahake prekara agama. Laeee, Laee Laee Laeee ....... Jubulane akeh ngulama adol agama. Akeh pandhitaaa adol dong...

KEBAK PRIHATIN

Saben pendhak byar tansah keprungu pawarta kang ora becik. Negara kadya ana paperangan memungsuhan antaraning bangsane dhewe. Banget mrihatinake .... Kapan bangsaku iki bisa rukun ambangun praja?... Udreg-udregan, regejegan, nyebar warta kang bisa gawe miris ya nyebar winih sesengitan antarane golongan siji lan sijine. Kabeh mau pikolehe apa... ora ana liya amung gawe kisruhing swasana urip bebrayan ing tengahing masarakat. Apa maneh wekasan iki para duratmaka tumindak wengis kamitegan natoni luwih-luwih nganti tekan patine sapepadha.... oh kok ya nggegirisi kahanan iku. Kang kasuwun... dhuh Gusti pinaringana para kadang kawula sami pikantuk pangaksama awit saking tumindak mblasar. Mugi Gusti sinung karukunan tumraping bangsa Indonesia.... tinebihaken saking bebendu Paduka.... Rinaketaken pasedherekan nunggil bangsa.... ajen-ingajenan, kebak raosing sih-sinihan...., ageng pangapuntenipun kadosdene Paduka sinung pangapunten dhateng kawula temahan saged tumujweng masarakat go...

PRIHATIN

  He para sadulur sadarum dikaya anggon kita padha sumurup bab lelakoning urip kang sumaji saben dinane. Iba mrihatinake!... tansah kaprungu tumindak blasar para abdi nagara iya kang wus kapiji dadi panguwasa apadene masarakat liyane kang nembe arep maju ing tandhing pamilihan.   Marga saka iku kita kudu luwih titi anggon kita nggatekake apa kang wus kita rungu, supaya kita ora kentir katut ombak lan ilining banyu.   Akeh wong padha mung mikir marang awake dhewe lan karem bandha, padha gumunggung, lan mamerake dhiri pribadi, bakal dadi tukang mitenah, bakal wani karo wong tuwa sarta ora duwe panarima, ora mreduli marang pranatane agama,   Padha dieling manawa alam jembar iki pinangkane amarga katitahake dening sabdane Gusti Allah, temahan samubarang kang kita deleng iku wus tumitah saka kang ora bisa kita deleng. Mula ayo kita peperti bebarengan amrih bisoa murakabi tumrap uriping manungsa titahe Pangeran Gusti Kang Maha Agung. JM, parak esuk, 170218   ...

DUMUNUNGE URIP

Dumadine manungsa iku pinangkane saka ing kersane Gusti Allah samono uga saisining jagad raya tinitahake dening Pangeran Gusti kang Murbeng Gesang. Dene urip iku dumununge ana ngendi? Sejatine ya ana ing nala iki! Wiwit jabang bayi mula uriping manungsa kadya kertas kosong putih suwe ning suwe kaisenan sawernaning tatanan samubarang laku kang nora nate kandheg. Iya kaya mangkono iku kertas datan kebak lan tansah bisa katulis, kaya banyu mili ing kalenan saben dinane. Sumurupa dene srengenge mlethek, srengenge angslup, banjur enggal-enggal bali maneh ing panggonan kang bakal mletheke. Angin sumilir midid mangidul, banjur mbalik mangalor terus-terusan mubeng-mubeng, lan sajrone mubang-mubeng iku angin mau tumuli bali maneh. Sakehing banyu kali iku padha mili menyang ing sagara, ewasamono sagara ora banjur dadi kebak, panggonan anjoge ilining kali iku tetep dadi dhoking iline kali. Samubarang kabeh iku anggone gawe sayah nganti ora kena kacaritakake dening manungsa; mripat ora war...

ANGANTU GUSTI PANGERAN

Iba batos kula ngantu-antu karawuhan Gusti Pangeran, kawula kaluwarana sing tyang remen memengsahan, sestu katedahna margi kayekten Paduka, namung Paduka pribadya sumbering tentrem raharja. Margining kawilujengan sampun Paduka cawisna, nanging umat Paduka nedya nyelaki datan guna, "He wong dosa dhasar dalanira jembar bungah yen dilakonana, nging sira tan nduga kang rekasa yeku kang anjog mring nagri baka." Tan wonten pangauban sestu namung Paduka, etuking pitulungan tumrap tyang kang nalangsa, yen kegunturan sedhih miwah nandhang sangsara, sinten kang nglipur malih inggih namung Paduka. JM, ndungkap enjing, 9318         dening eNPe

ANDHAP-ASOR & LEMBAH MANAH

* Mung sakecap tembung kang nylekit bisa gawe serik lan lara ati kang ora bisa kalalekake. * Swasana suka rena lan bagya sanalika bisa kesaput lan kasirep krana tembung nyerikake ati mau. * Yen ana wong sing pitakon Kena apa? sliramu mangsuli : "Tembung-tembunge banget olehe nyerikake ati." * Apa ya bener yen tetembungan mau banget nyerikake? * Utawa atimu sing gampang serikan? .... Ora!    ngono kira-kira wangsulanmu. * Sliramu ora serikan lan tetembungan nylekit iku ora ana apa-apane. * Sejatine prakarane iku Atimu sing kaku lan gumunggung (tinggi hati bs. Ind). * Ati Gumunggung njalari gegedhen rumangsa, gumedhe ati, kaku ati, ora lembah-manah, cumepak kanepsone lsp. * Ati gumunggung agawe sliramu tansah rumangsa kajen, rumangsa mulya, rumangsa bener dhewe, pinter dhewe ora gelem disaruwe/diwaoni. * Tandang tanduk kaya mangkono iku sing njalari sliramu gampang diububi atimu, kacenthok ati, serikan ati, duwe panduga ala lan nyepelekake mring liyan. * Ju...

DONGA IMAN PRACAYA

Akèh wong duwé pangaggep yèn dedonga iku gampang, hamung kari ngomong. Éwa samono supaya bisa mengertèni lan nyelarasaké karo kersané Gusti Allah iku sejatiné angèl. Amarga kapentingan pribadhi biasané ngemen-ngemenaké apa kang dadi pepénginané. Sajroning dedonga kang baku iku dikanthèni keyakinan/iman klawan nyadhong pangapura kanthi lembah manah, tanpa kaya mangkono Gusti nora bakal mirengaké donga kita. Pandongané wong mursid, kang kaunjukaké kalawan kayakinan iku gedhé banget dayané. Rikala Indonesia ketaman kekisruhan  ékonomi, pamomong sawijining panti asuhan ing Jawa Kulon dedonga klawan kebak keyakinan nyenyuwun déné supaya kabutuhan mangan bocah-bocah panti bisoa kacukupan. Sarampungé dedonga dumadakan ana sing nothok lawang omahé lan ana pawongan mènèhi pirang-pirang karung beras lan bahan lelawuhan liyané kanggo kapreluané bocah-bocah panti asuhan. Gusti Pangèran Kang Maha Kawasa paring garansi déné donga kang tulus diklawan kayakinan kebak ing kapracayan bakal ki...

KAMULYANING GUSTI

Pangeran murbeng jagad rat kang ngrimati pra titah, surya kang mlampah tan kendhat nggih krana rehing Allah, saliring kang dumadi nelakken sihing Gusti. Mugi Gusti nggih karenan isining manah kula, gung panggunggung mring Pangeran pangayoman sanyata, pinujia tan kendhat Panebusing pra umat. JM, lingsir wengi 6318 ( kadudut saking kpka 39:3,4)      dening eNPe

PITENAH / UJARAN SESENGITAN

Jaman saiki (jaman now) ing donyané politik gampang banget warta-warta apa baé sumebar. Kaya mangkono iku bisa baé kedadéan amarga kamajuan èlmu utamane babagan kawruh panyebaran pawarta wus jamak ing tengahing masarakat. Lha ya kuwi masarakat banjur gandrung padha duwèni tilpun pinter sing tansah ngancani ing paran ana ngendi baé. Mula rikat banget warta-warta sumebar ing donyané maya ya warta ala lan becik. Warta ala awujud pawarta pitenah antaraning mitra-kadang siji lan mitra-kadang liyane ya mung marga béda aliran politik uga béda keyakinan, béda suku lan béda-béda liyané. Cilakané pawarta-pawarta pitenah awujud ujaran sesengitan / kabencian gampang sumebar liwat mèdsos sing digandrungi masarakat. Hé para mitra-kadang, aja padha ngrasani lan nenacad liyan! Sing sapa ngrasani utawa netepaké luputé seduluré, ateges nacad lan ngluputaké marang dhawuhé Gusti Allah. Yèn ngluputaké dhawuh-dhawuh mau ateges kita ora sumuyud, nanging malah dadi hakimé. Mangka sing maringaké dhawuh l...

NGOWAHI CARANE MIKIR

Owahana caramu mikir bakal mawujud owah uga nasibmu! Pangucapmu nemtokake pepesthene lelakonmu (nasibmu) dudu nasibe wong sing kok ucapake! Ana murid pitakon marang gurune.. Murid : "Kenging punapa pak guru ing salebeting gesang punika nggadhahi kathah prakawis?" Guru : "Dudu urip kang kebak prakara nanging ya pikiranmu iku". "Kowe tansah duwe panduga kang ala mring apa lan sapa bae, iku sejatine kang ndadekake sumbering prakara." Murid :"Lho nyatanipun gesang kula kathah prakawis." Guru :"Ya iku amarga pikiranmu sing duweni prakara. Saben-saben kadadean ing urip iki asipat samadya (netral), ya jroning pikiranmu sing anganggep duweni prakara utawa kosokbaline." Murid :"Cethanipun kadospundi?" Guru :"Contone Udan iku mujudake prakara apa malah gawe begja?" Murid :"Kangge kula damel repot nalika nunggang motor boten beta mantol". Guru :"Njur kanggone bakul bakso lan ojek payung apa y...

SUCI ING JANJI

Jalma jaler-estri saeka-prapti tekadnya abangun bale griya Muji panuwun mring Gusti rahayu kang kasuwun salaminya Mendah nea rahayu tyang semahan klayan nunggil tresnanya mring Gusti Runtang-runtung denira sih-sinihan klayan saeka-praya lan budi Sadinten-dinten sami ngajeng-ajeng mring idi Tuwan sarwi memuji Ing satitah nrimah klayan pitajeng saha tresna dumugi suci ing janji JM, madyaning ratri, 121217     rinonce dening eNPe

RINOBAN BERKAHING GUSTI

Kula tansah nenuwun lan nyadhong berkahing Pangeran, menggahing gesang kekadangan mugya tansah rinoban karaharjan. Kula rinoban ing begja rinten dalu datan kendhat, ing lelampahan prasaja dalah srana mukjijad. Kula rinimat ing Gusti dalah sagunging titah, mangsa kang silih gumanti tumujweng pinanggih sarwa endah. Kula pikantuk pemimpin kang darmalaksana, anggenira tumindak adil mring kawulaning nagara. Kula nggih binerkahan lantaran mitra kadang sesarengan, sumanaking sesrawungan datan wonten memengsahan. JM, parak enjing, 260218              eNPe

REREPÈN WANCI WENGI

Nalika kita nyipati lintang kang abyor ing wengi kang sepi; Iba rasaning wardaya dennya memuji kaagungannya Gusti; Ya Gusti kang nitahake kabeh saisining bumi; Dalah pra umatnya kang Gusti tresnani. Nanging ya gene pra umat tansah tumindak blasar; Nora ngugemi dhawuhe Pangeran liwat dalan nyasar; Tumindak lan polah kang bisa njalari ambyar; Payo kita enggala samya oncat sing tumindak kasar. Puji puji Gusti ... mugya Paduka paring pangauban mring kawula sadarum; umat setya tuhu dhumateng Gusti tan badhe nilar kawula umat kagungan Paduka. JM, sirep jalma, 250218          dening eNPe

UBENGING JAGAD

Cahyaning Sasadara ya sang rembulan kang kesaput mendhung ngendhani petenging ratri Nggremet lakune ing brang kulon. Alon-alon...... jagading nuswantara kawiyak sunare sang Raditya Sakesuk pra jalma anggone macaki dalan. Kumleyang gambaran lelakon kang wus kalampahan Pra umat lelumban gegancangan andon gawe. Cemruwit swara bocah-bocah tumujweng pawiyatan Angudi elmu kanggo sanguning urip tembe buri. Ing antarane gegodhongan manuk mabur-menclok nambah asrining swasana Warna-warnining puspa katon endah sumorot sunare sang Bagaskara. JM, lingsir wetan,120617          dening eNPe

Gurit PASEMON

Watu pancen anteb, wedhi iya ana bobote, kang luwih abot tinimbang iku, nandhang serik marga paripolahe wong bodho. Panasing ati iku daksiya, lan nepsu iku ngamuk, nanging sapa kang kuwat nyangga butarepan? Becik pameleh kang blaka, tinimbang katresnan kang sinidhem. Mitra iku anggone nggebug kanthi sedya kang becik, nanging pangambunge wong sengit iku ngluwihi wates. JM, wanci sidhem, 140617          dening eNPe kadudud Wul Bebasan 27: 3-6

NAMBAL BOLONGAN

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid09bbtNCxAidXr1tjbroCGqKCg5MQdEGSkLZPWmYMrDLyWmgQgjnhcQGpdeV96cxuEl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Tukang cet lagi disambati/dikongkon nyaput prau mawa cet (ngecet prau). Anggone 'ngecet' migunakake cet warnane kaya kang dijaluki tulung dening sing duwe prau. Nalika lagi ngecet dheweke nemoni dene ing badane prau ana sing bolong arepa mung cilik bolonge. Banjur tukang cet iku nambal bolongan mau kanthi permati. Rampung olehe ngecet tukang cet mau sawuse nampa bayarane nuli pamit mulih. Sawetara wektu sing duwe prau nemoni si tukang cet karo menehake salembar Cek kang gedhe ajine. Si tukang cet kaget lan celathu :"Panjenengan rak sampun maringi bayaran kula ta pak?" "Nanging iki dudu bayaran anggonmu ngecet bae nanging sliramu uga wus nambal bolongan ing badan prau", wangsulane sing duwe prau. "Lho punika rak namung pedamelan alit pak, panjenengan boten prelu maring...

LELABUHAN URIP

Sangganing urip tan kena kapenggak; maju mundure kawula myang pakarti; kinubeng sesrawutan angayuh padayantra; tumreceping ganda asep montor agawe seseking dhadha. Menyang isuk mulih surup; tan nate ketemu sumoroting radite; sadalan-dalan peteng kang tinemu; kadikaya sumpeking nala kang sulaya. Ya amung lelabuhane wajibing urip; ya darmaning kulawarga den ayahi; anyadhong berkahing Gusti; mugya kasembadan kang kaesthi. JM, parak esuk, 090517            eNPe

KORUPSI OHH... KORUPSI

Yagene ta para panggedhene bangsa padha wringuten lan gatelen? Saliring angen-angennya tansah tanpa guna gawe bubrahing tatanan bebrayaning nagara. Anane amung anyenyugih dhiri nora maelu kamakmuraning bangsa Tumindak kang nora pinuji nampa besel amrih nglairake katrangan palsu. Ing ngatase pandheganing praja kang kudune jujur ngudi resiking praja Malah gawe kapitunaning bangsa aweh besel mring kang ngayahi darmaning nagara. Korupsi oh.. korupsi! kapan NKRI iki bisa oncat saka kaanan iki? Apa ya kang dadi sesorahing bangsa bisa mawujud? Masarakat adil makmur tentrem raharja? cathetan : "korupsi" anggambarake bab anyenyugih dhiri kanthi ngunthetake brananing praja/bangsa. JM, lingsir sore, 290517    rinakit dening eNPe

BABAD GURU lan MURID

  kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3204451443167304&id=1684548218490975 Ing sawijining sekolah ana guru wali murid kelas 5 kang mulang kanthi tulus lan bener-bener ngupayakake gawe swasana kelas sing nyenengake tumraping para muride.     Ana salah sijine murid kang sandhangane katon reged lan awud-awudan. Bocah iki lungkrah asring telat lan wegahan / kesed sarta ngantukan ing jero klas.    Nalika sakabehing murid liyane padha ngacungake tangan mangsuli pitakon-pitakonan sang guru, bocah siji iki ora nate ngacungake tangane. Guru iku nyoba upaya, nanging nyatane ora bisa nyenengi bocah mau. Lan embuh kapan wiwite sang guru iku dadi sengit marang bocah iku. Nalika tengah semester, guru iku nulis ing rapot apa anane bab ala lan kakurangane bocah iki.   Sawijining dina sang guru nyumurupi cathetan ing rapote bocah iki nalika isih klas 1. Ing kono tinulis : “Ceria, menyukai teman-temannya, ramah, bisa mengikuti pelaj...

GURIT SACANDHAKE

Yagene kaanane praja sangsaya kisruh; pendhak byar tan nate tentrem; Samangsa pra jalma dha umyek; ngayahi darmaning ngaurip; Ombyaking kadurakan lan kamungkaran; tan kendhat saka ing paripolahnya. Kaanane wong iku kaya uwit; kang tinandur sapinggiring kali; Kang metokake woh ing kala mangsa; godhonge tan nate alum gogrog; Ingambaha reribed ngrepoti; tansah lestari kang den lampahi. Tan mengkono mungguh wong duraka; nanging lir mrambut kabur ing angin; Ora bisa tulus ing pangadilan; lan ing pasamuwane para mursid; Wong mursid rineksa ing Pangeran; wong ala tumibeng karusakan. JM, mamring jalma, 080517                eNPe

GURIT DUNGKAP UMUR

Kita.. yaiku.. warga wus satengah umur.. maksih katon cahyaning pasuryan mencutake.. keruting pakulitan wiwit kawistara.. esem kang nengsemke maksih katon.. uga panggah  guyon suka renanira.. tetembangan lawas dadi mitranira... Duksemana menyang pawiyatan bebarengan.. lamun dalaning urip dhewe-dhewe.. ..... Dungkap umur tuwa.. FB/WA dadi talining paseduluran.. srana ambayangake nalika isih padha enome.. Payo kita gegilut bebarengan kanthi sukarena.. sadurunge siji baka siji ngadhep mring Kang Murbeng Gesang.. sadurunge kayekten iki dadi muspra.. Matur nuwun mitraku rikala mudha.. matur nuwun kadangku maksih bisa  sesrawungan bareng ndungkap umur tuwa.. kang kebak sih pangapurane lan gedhening rasa paseduluran.. Mugya kita tetep kasinungan sehat.. bagas sarira rahayu kang tansah tinemu.. bagya mulya kasembadan kang kasedya.. masiya dununge ing ngendi bae.. Rumaketana talining silaturahmi ing antaraning kita.. aywa nganti bubrah lan pedhot pasedulura...

GUMANTI MANGSA

Mangsa datan langgeng salaminya.. mangsa udan gumanti mangsa ketiga.. kadya rodha pedhati tan kendhat ubengira.. mangsa urip mulya samangkya bisa rekasa. Mangsa silih gumanti, wanci peteng ganti padhange awan.. mangsa tetandur gumanti panenan.. kasusahan gantya kabungahan.. swau kita tetunggilan samangkya kita pepisahan. JM, ebun esuk, 020717       dening eNPe

BELA-RASA

Bela-rasa yaiku melu ngrasakake / nepakake mring apa kang dirasakake liyan lumrahe sinebut tepa-slira. Bela-rasa awujud sumarah dhiri mring liyan. Bela-rasa yaiku awujud asih. Nora ana asih datanpa pasrahing dhiri mring kang diasihi. Wong kang prigel sumarah dhiri iku wong kang sumadhiya nampa kakurangan, nampa kasusahan lan aweh pangorbanan mring liyan. Wani angasihi ateges wani nampa kasusahan, ora nengenake kabutuhan lan kepenake dhewe bae, nanging bisa ngrasakake susah lan kasedhihan mrangguli kasusahane wong liya. Samangsa kita andadekake sumbering karusakan tumrap sabarang titah dadi lan cuthesing panguripan, ngancem panguripaning sapepadha utawa gawe crah lan bubrahe patunggilan lan paseduluran, iku mratandhani yen jiwa kita nora sehat. Mulane bela-rasa iku kaprelokake ana ing sawernaning pasrawungan temah bisa agawe rukun. Sabanjure rukun agawe santosa mengkono suwalike crah agawe bubrah. JM, grimis esuk, 19217           - eNPe -

PADHA DIANDHAP-ASOR

Ana pitutur : “Aja ngungkuli apa kang tinulis,” supaya ing antaraning kita aja nganti ana kang kumalungkung kanthi ngegungake kang siji ngremehake sijine. Urip bebrayan ing tengahing masarakat iku jembar kaanane, kebak wewatak antarane siji lan sijine ya wewatak kang ana sing ambek siya ning uga ana kang kebak sih katresnan, ana kang ambek luhur ana uga kang judhes, ana kang ambek sura ana uga kang jirih, ana kang ambek darma ana uga kang sakarepe dhewe. Awit sapa ta kang nganggep kita iku kinacek lan linuwih? Lan apa ta kang kita darbeni kang nora saka anggon kita tampa? Dene yen marga saka anggon kita tampa, yagene kita kok kumalungkung, kaya-kaya nora saka anggon kita tinampeni? Saka endi kabeh kang kita darbeni yen nora ana sing maringi? Ya kabeh kang kita tampa iku pinangkane amung saka Gusti Kang Murbeng Wisesa ya kang akarya jagad saisine. Ing ngarsane Pangeran kabeh umatNya padha dene dhuwur lan endheke nora ana bedane! Ana pasemon mangkene : Aku kang nenandur, sliram...

ANAMBUT KARDI & SINENGKUYUNG BEBARENGAN

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3185057198440062&id=1684548218490975 Urip ing ngalam donya iki masiya sepira gedhene kakuwatan kang kita duweni nora bakal bisa ngrampungake dhewe bot-repote kang nembe kita sandhang. Iya lamun kita bisa ngrangkul panyengkuyunge pra kadang, sepira gedhe lan abote kang nembe kita adhepi bakal bisa rinampungake kanthi entheng, kaya mangkono iku kang kaaranan gotong royong. Sajroning kita anambut kardi bebarengan endahneya yen ta apa kang kita ayahi sinengkuyung rame-rame bebarengan nora padha regejegan sikut-sikutan rebut menange dhewe. Samono uga jroning urip bebrayan nagara nora ana pikolehe yen salire pra warga ya pra pandheganing praja samya padha udreg-udregan rebut kwasa tumindak kang nerak pranatan & wewalering praja kang wus tinulis ing kitab undhang-undhang. Payo para kadang padha gegandhengan bebarengan anambut kardi kanggo mulyaning nagara ya kanggo kamakmurane bangsa samya anyengkuy...

AMRIH LESTARINE ALAM

Pracaya iku dhasaring samubarang kang kita arep-arep sarta tetengering samubarang kang ora katon.    Marga saka pracaya kita sumurup, manawa alam jembar iki wus katitahake dening sabdane Gusti Allah, temahan samubarang kang kita sawang iku wus tumitah saka kang ora bisa kita deleng.    Samubarang kang ana ing ngalam donya iki katitahake Gusti Allah wus sampurna miturut apa kang dadi kersaNe. Mula wus samesthine kita manungsa kang katitahake luwih dhuwur drajade tinimbang titah liyane dening Gusti Allah anjaga amrih lestarine alam ora malah gawe rusaking alam. JM, dungkap wengi, 070116           eNPe

ALAM KALANGGENGAN

    kaemot uga ing  https://www.facebook.com/share/p/162hDa826s/ Nalika kita dungkap tekane ajal, nora ana sing prelu dikuwatirake, masiya wancine jantung mandheg. Apa sabanjure kang kedadean : 1. para kadang arep ngetokake kita saka omah kita 2. para kadang bakal ngupakara jasad kita 2. sawernane bandha kasugihan kita bakal pindhah tangan. Pracayaa!! - dene donya nora sedhih awit saka mengker kita saka ing ngalam donya! - sabarang kang wus ana bakal mlaku kaya adad saben nora ana sing owah awit saka mengker kita! - pagawean kita bakal ana sing nyulihi! Sing sepisanan ilang saka kita yaiku "jeneng kita". Nalika kita tilar donya wong-wong padha pitakon : "Nang ngendi layone?"  ora kok nyebut jeneng kita. Jeneng kita ya mung dadi 'kenangan' /pangeling-eling. Uga nalika para kadang dongakake kita ing dalem pangibadah padha ujar :" Gawa rene layone!" nora nyebut jeneng kita. Iba rikate jeneng kita ilang! Tuladhane mangkene : - aja keb...

RUKUN AGAWE SANTOSA CRAH AGAWE BUBRAH

 kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2263305683948556&id=1684548218490975 He para kadang kinasih, pigatekna  semut iku, lakune titenana lan dadia pinter. Sanadyan semut iku ora ana kang mimpin, ora ana kang ngatur lan ora ana kang manggedheni, iya padha keklumpuk rejeki ing mangsa panas, lan tandho pangan ing mangsa panen. Endahneya lamun uriping manungsa kadya tumindake semut, guyub rukun bebarengan ngayahi pakarti ngudi gegayuhan kang kaesthi, sayuk-sayuk rukun bebarengan karo kancane gotong royong kanggo katentreman lan kamulyaning bangsa. Tanpa piguna lan nistha wong kang urip kalawan cangkem kang cidra, kang atine ngangen-angen kaculikan, kang tansah ngrantam-rantam piala, lan kang njalari tukar padu. Padha dieling : "Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah!" JM, lingsir sore, 180517        dening eNPe

ORA BISA ANDUM APA KANG ORA KITA DUWENI

       - unggahan balen- Sawijining dina ana kenya ngadhep sang Dwija Guru wicak & sareh, "Guru kenging punapa nggih kathah tiyang ingkang damelanipun pendhak dinten namung ngawon-awon tiyang sanes mawi tetembungan kasar lan nylekit pedhes??"... "Kenging punapa kula boten nate mireng sepisana kemawon ngalem tiyang sanes, sinaosa ketingalipun ngalem nanging wusananipun nyemoni/nyindir lan nylekit damel serik..?" Kanthi alus sang guru wicak ngendika... "Ngene ya nak,  yen sliramu amung duwe gula sing bisa kok wenehake mring wong liya rak ya gula kang legi...." "Mangkono uga lamun sliramu amung duwene sambel kang bisa kok wenehake marang wong liya rak ya amung sambel kang pedhes...." "Mulane lamun ana wong kang tansah ngomong nylekit lan pedhes marang wong liya, bokmenawa pancen duwene ya amung kaya ngono...!!! lan ora ana liyane maneh sing bisa dheweke wenehake marang wong liya.." "Lha sing dadi pitakonan, SLIRAMU SA...

PILIHAN WICAKSANA

Hajatane bangsa kang ngêntèkake wragad kang ora sethitik yaiku sing karan Pilkada yaiku Pilihan Kepala Daerah. Sabên-sabên nyetèl TV anane mung ngrêmbug kahanan politik ya para ahli, para pamêrhati, para sekuthone paslon sing gaweane pancèn ngomong ngothak-athik ombyaking politik. Racake ngrêmbug paslon sing lagi padha mèlu tandhing, wêrna-wêrna kae pêprincène anggone mbiji yèn si A ngene ... si B ngene ... lsp. Kabèh mau ora ana liya kanggo nyebar kawruh mbujuki para kawula ya calon pamilih supaya bisa kepencut nyoblos paslon sing diagul-agulake. Malah salah sijine para sekuthone paslon ana sing nyêbar pitênah nyêrang paslon liyane. Ohh... iku tumindak sing ora wicak... eling yen para kawula duwe penemu lan biji dhewe-dhewe tumrap para paslon mau, rakyat sangsaya wicak anggone aweh biji kanggo dhasaring olehe nemtokake pilihane kanthi wicaksana kang kabukten ing dina coblosan. Wong wicaksana kuwi wibawane luwih gedhe tinimbang karo wong rosa. Pancèn mengkono, kawruh kuwi luwih w...

UDAN

    kapacak uga ing  Ing madyaning ratri, sidhem tanpa swara dènya sami, pra jalma dalah pra wak mami, ing tilamrum maksih anggegilut impi. byurrr!..... glegerr!!.... byarr!!.... dumadakan keprungu swara nggegirisi, gragap tangi pra kadang sadarum, krekep mancal kemul bola-bali, krasa kekes rumasuk tumeka ing balung sungsum. udannn..... datan kendhat sedina muput, sing prayoga ayo padha gumbrégah, énggal tumandang kanthi kasengkut, darmaning kulawarga wus panggah. JM, parak ésuk 251016           - eNPe -

NGUDI MULYANING NKRI

  kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=1829926480619814&id=1684548218490975 Umyeking hawa cecongkrahan tansah rinasa ing sawernaning solah bawané pra kawula. Méndah néya ta yèn pra abdining praja samya nggegilut guyub ing karya kanggo mulyaning nagari ya NKRI kang jaré kita tresnani. Aywa padha regejegan sikut-sikutan rebut kursi pangwasa. Padha élinga hé pra abdiné praja sadarum nyawijia binarung samya anyengkuyung kasembadan kang wus sinedya. Anadéné samudaya kang wus rinancang amrih bisoa kagayuh kanggo karahayoning kawula nagari ya adil lan makmur kang dadi sedyaning kasarujukan, padha sinengkuyunga. Payo! dohna saka ing tumindak ala!, serik lan mèri ing liyan, laku goroh, drengki nora bisa nyumurupi kabagyaning sapepadha! Gawé pitenah iku ya gawé kapitunan mring liyan. Coba ta digagas lamun kita bisa nyingkuri sipat lan tumindak ala mau lha ya bisa kapesthèn déné ngudi kamulyaning NKRI bakal winujud kanthi becik. JM, 131216   ...