Postingan

Menampilkan postingan dari 2025

NGANGGUR KOK DIRAMPAS?

Gambar
    kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1BJBxd5zKm/ Ing donya iki pancen aneh-aneh nanging nyata!🫠 Kadya irah-irahan (judhul tulisan) iku sabenere pitakonan sing lumrah lan ngambrah-ambrah. Coba ta kita gagas-gagas, dhuwit celengan dianggurake saora-orane punjul seka telung wulanan kok njur ana sing ada-ada dibeslah/dirampas dening negara.  Piye jal nalare?, wiwit biyen jaman isih padha sekolah diprayogakake supaya sregep nyelengi kanggo sangu lan jaga-jaga supaya mbesuke yen wis nglumpuk bisa kanggo tetuku kebutuhan (buku-buku sekolah, lan kebutuhan liyane).  Lha bareng wus padha diwasa lan nyambut gawe pakulinan nyelengi diwujudke ning ora nganggo " celengan jago " sing sawayah-wayah bisa dipecah. Olehe nyelengi disaranani dening pamarentah awujud "Tabungan Nasional" TABANAS ing Bank-Bank. Iku cikal bakale masarakat rame-rame padha nyelengi ing Tabanas lan tabungan liyane ing rekening bank. Akeh masarakat sing padha buka rekening tabungan ing b...

KÊKIDUNGAN PANUWUN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/14QzH3jgR7s/ Wus titi wancine wõng-wõng pådhå kêkidungan puji panuwun munjuk sokur : " Dhuh Allah, kawulå kêparêng caõs sokur dhumatêng Padukå amargi Padukå ngukum kawulå, ananging samangke sampun kêparêng linuwaran.. Aa_aamin 🙏" Allah sing ngluwari aku; aku bakal kumandêl lan ora kuwatir, mêrgå Allah sing paring kekuwatan marang aku. Panjênêngane kuwi pêpujanku, lan tuke pitulunganku. Kaya banyu gawe sêgêre wõng ngõrõng, mêngkono ugå umate Allah pådhå bungah sukårênå samåså dipitulungi dening Allah, Gusti Kang Måhå Wilåså lan Måhå Asih. Pådhå ngunjuknå kêkidungan mêmuji kêAgungane marang Gusti Allah, mêrgå Panjênêngane ngrumêntahake kaelõkan akèh. Karêbèn wõng salumahe bumi pådhå krungu bab pakaryane kang elõk nuli pådhå kumandêl twin pracåyå marang panguwaõse. Salam têntrêm rahayu kang pinangkanipun saking Gusti mugyå kasarirå mring kitå sadåyå kulå lan panjênêngan umat kinasihipun.... Aa_aamin A__aamin 🙏🙏 JM, mad...

PANDONGA KAGEM PARA PEMIMPIN NEGARI

Gambar
    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/172z6hfMV7/ Dhuh Allah Kang Ma' Wilasa lan Ma' Asih, keparenga para pemimpin negari kang mengku kuwaos mugi Paduka wucal tumindak adil miturut dhawuh Paduka, lan para pangrehing praja mugi kaparingana margi kaleresan miturut Paduka piyambak. - Murih panjenenganipun ngerèh warga bangsa sadaya kalayan adil, tebih watak kang kamitegan nindhes warganing masarakat lan samya mituruta dhawuh Paduka. - Mugi negari menika kaparingana tentrem-rahayu, saha gesang adhedhasar kaleresan. - Keparenga mugi para pandheganing negari nandukaken kaadilan dhateng tiyang kesrakat, paring pitulungan dhateng tiyang mlarat saha numpes tiyang ingkang ambek siya mring sasama. - Mugi para pemengku kuwaos kang piniji dados lantaraning berkah, kadosdene jawah ingkang dhawah ing tetaneman, ingkang nyiram bumi adamel seger lan tentrem. - Mugi kawula sabangsa sanegari tinebihaken saking bebendu Paduka, tansah winengku ing pangayoman Paduka. Samya ruku...

SAKÊDHÈP NETRÅ

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1FByZypEhU/ Sakêdhèp netrå kaêcap langit kadyå diwangkårå jumêdhul wayah esuk. Aku dhèglèg, kamitèngèngên anyulam gumun jroning dhådhå. Langkahmu lêmbut kadyå sutrå ngêlus blêduk datan katõn netrå. Pocapanmu ngeglå tan sabåwå nangèkake jiwå kang wus pralåyå. Oh, kêpriye datan mokal nyåtå kaelõkan biså dumadi ing bantålå sartå antårålå datan butarêpan twin mångså tanpå sujanan? Wusananyå.., saindhênging donyå nandhang bramantå håwå sumlêngêt saantero jagad råyå. jêjêrit prå titah wit rusaking ngalam donyå. JM, ndungkap esuk, 04825             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

PANGAREP-AREPE MASARAKAT WONG CILIK

 - nawala tinarbuka lan nitip pesen katur para panguwasa- (versi ngoko)     kaemot uga ing  https://www.facebook.com/share/p/16ZyRB3BEW/ Pangarep-arepe masarakat wong cilik kanggo sapa bae kang wus nampa panetepan lan pangukuhan dadi jejering panguwasa, pemimpin, menteri, pamong praja lan pandhegane pamarentahan liyane. Salam rahayu 🙏 Awit saka karsaning Gusti, dipadha nuhoni lan mbangun turuta marang sedhengah tata pamarentahan kang adhedhasar paugeran, undhang-undhang kang lumampah lan kaanut. - Maring pamong dalah kabeh kang wus kapiji dadi pandheganing pamarentahan, dadya kang nyekel panguwasa kanthi wasis wicaksana ngayahi darmaning negari tumuju kamakmuraning bangsa. Aja kemaruk panguwasa lan bandha donya. Elinga wajibing sira mikul tugas mulya kanggo kemakmuraning bangsa. - Maring para gubernur, bupati walikota dalah para pamong praja, dadya kang nduweni kuwasa netepi ngadili wong-wong kang padha tumindak piala (aja nganti malah kang diadili??), lan ngajenana...

TATA CARA NANGKEP DURJANA -saderma kawruh umum-

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1B72rsPKpf/ Apa pulisi kudu nggawa "Layang Parentah Nenangkep" (Surat Perintah Penangkapan)? Sacara kelumrahan (umum), YA! Pulisi kudu nggawa Surat Perintah Penangkapan yen arep ngrangket/nangkep uwong. Iki katata/katetepake ing  > Pasal 18 ayat (1) KUHAP (Kitab Undang-undang Hukum Acara Pidana) : " Pelaksanaan penangkapan terhadap seseorang dilakukan oleh petugas panegak hukum (kepolisian negara Republik Indonesia) wajib memperlihatkan surat tugas dan memberikan surat perintah penangkapan kepada orang yang ditangkap, serta menjelaskan secara singkat mengenai perkara yang disangkakan …” .  Iku ateges pancen wus ana landhesan ukume diatur ing Undhang-undhang KUHAP. Ananging, ana ing sanjabane katemtuan, yaiku Kepriye yen pulisi nemoni tumindak kadurjanan langsung ketangkep tangan? Sajroning ketangkep tangan, pulisi kena bae nangkep tanpa Surat Perintah Penangkapan. Iki uga diatur ing KUHAP  > Pasal...

KIDUNG PAMUJI GUSTI MA' AGUNG

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/15ddhTBAVe/ Gusti Allah Agung mulyå, paring sih datan kêndhat, gêsang kawulå binêrkahan, tansah kasinungan sih rahmat. Mbotên sirnå sing pangayõman, katrêsnan langgêng salaminyå, sêmbah sõkur kawulå unjukên, saking salêbêting driyå, matur nuwun Gusti Ma' Agung. Nalikå ndalu pêtêng praptånyå, pêpadhang saking Paduka, Gusti. Nalikå sisah twin kuwur, Gusti rawuh angayõmi. Kêbak sih katrêsnan suci, njangkungi sabên langkah kawulå, puji sokur panuwun kawulå unjukakên, Gusti tansah linangkung, luhur sih rahmat tanpå upami. Dhuh Gusti, panuntun gêsang kawulå, mugi karså Padukå kababaraken, kulå sumarah samudåyånipun, ing astanipun Padukå. Nadyan båjrå nggêgirisi, iman dipunkiatakên, puji sokur kaluhurakên, Asmå Padukå wontêning kamulyan ing ngaluhur, Gusti, kêparêngå tinampi kidung pamujan kawulå...Aa_aamin 🙏 JM, pajar sidik, 25725             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️           ...

PÊPÊSTHÈN KANG MOKAL DENING MANUNGSA

Gambar
  #pojokbasajawa   kaemot uga ing  https://www.facebook.com/share/p/18x8mXogEU/ Padha dieling dene mokal lamun manungsa bisa nêmtokake pirang puluh tahun manèh donya iki bakal bubrah lan sirêp.  Samubarang kabèh sing kêlakon ing donya iki kêlakone ing wêktu sing wus katêtêpake dening Gusti Kang Akarya Jagad saisine. Ana mangsa tandur ana mangsa panên lan uga ana mangsa mbêdhol, ana wêktune golèk ana wêktune kelangan, ana kalane pul-kumpul uga ana kalane pepisahan lsp.. lsp. Gusti Allah nitahake samubarang kang becik ing wanci sing ditêtêpake, malah ndunungake urip langgêng ing atine manungsa, nanging manungsa ora diparingi kawruh kanggo njajagi pakaryane Allah sasampurnane. Dadi sing bêcik dhewe kanggone manungsa kuwi yèn bisa urip kanthi sênêng lan gawe kabêcikan sajêrone isih urip.. eling lêlakone urip iku amung sêdhela! Kita kabèh kudu padha mangan lan ngombe sarta ngrasakake kanikmataning pamêtune olèhe nyambut-gawé, nora prêlu nggrangsang. Kabèh iku mujudake gan...

MITRA SEJATI & MITRA RAKET

    kapacak uga ing   https://www.facebook.com/share/p/1Hpnu1acXb/ Memitran ora amung pasrawungan kang banget rumaket, nanging luwih saka iku ana pangorbanan, padhadene silih kapracayan, menehi pitutur sing kalamangsa rada sereng. Ana mitra raket ( sahabat) kadhang ngelingake kita mawa tembung-tembung sing ora nyenengake malah sok kepara kasar nanging sajatine dheweke lagi ngupaya nyingkuri bebaya marang kita kang bisa luwih bilaeni. Kosok baline, mungsuh kang nyalawadi bisa bae katone bisa gawe kita seneng nanging datan kinira blithuki lan jlomprongake bebaya kang bisa luwih bilaeni.  Lamun kita duwe mitra kenthel (sahabat) prayoga pracayaa marang dheweke. Senadyan dheweke katone ora ngerti apa-apa, paling ora, pigatekna pepelinge. Matrapi mitra raket kanthi grapyak sumanak iku bab kang becik-becik bae, nanging kang luwih becik sing bisa kita wenehake marang mitra yaiku kapracayan kita. Krana mangkono memitran sejati bisa padhadene pasaduluran aweh kapracayan kanthi...

TRÊSNÅ ASIH IKU SABAR

    kapacak ugå ing  https://www.facebook.com/share/p/1B79ArVDyc/ Trêsnå asih iku sabar, trêsnå asih iku lêmbah manah. Asih iku nora sujanan, nora umuk lan kumalungkung, nêdyå ngalah. Trêsnå asih iku sabar, asih iku gêdhe panarimane, Trêsnå asih nora srakah, nora ngêmênke kabutuhane dhewe.  Trêsnå asih iku sabar lan jêmbar pangêrtène sanyåtå, andum sukå utåwå duhkitå sapêpådhå. Nora mbedakake jroning manekå jinis bedå, awit ing ayunaning Gusti, sadrajad samyå. Trêsnå asih iku sabar, trêsnå asih iku kêbak pangapurå, trêsna asih iku adõh ing kanêpsõn nora ngrantam nedyå maekå. Sih katrêsnan iku endah, asih iku tulus ing driyå, tansah ambêktå katêntrêman twin sukarênå. JM, anganggit råså, 20725             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

ESUK KANG ENDAH

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/v/14DpAMe6Q5o/ Ing wanci esuk kang mubyar, langit biru lembut soroting raditya mbrabas nembus gegodhongan. Ing ngarep sawijining omah ana kanoman priya ngadeg karo mesem tangane dhadha-dhadha..., " Sugeng enjing! .." sapa aruhe semangat. Ing suwalike jendhela kayu, jumedhul kenya ayu, males sapa aruhe sinungging esem manis, " Sugeng enjing uga!.. " wangsulane sumringah. Ora let suwe, kanoman sakloron iku sarujuk mlaku-mlaku bebarengan. Petamanan cilik ing cedhak pomahan kono dadi tujuane. Ing sadalan-dalan sakloron mlaku sajajar sinambi ngresepi hawa seger wanci esuk. " Seneng bisa mlaku-mlaku wong loro kaya ngene iki, jeng!" , clathune si priya karo nglirik. " Iya mas, aku uga seneng! ", wangsulane sang kenya, mripate katon blalak-blalak bening sajak sumringah. Ora adoh saka kana, priya kanoman iku nudingi sawijining bangku taman ngisor uwit kang edum, " Yuk, lenggah ing bangku iku!" ...

MBUDIDAYA MENGKONI ING PIREMBAGAN

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/171jAcuY3C/ Mbudidaya mengkoni, nguwaosi, ngereh ing pirembagan punika mujudaken patrap kirang wicaksana klebet boten sae kang pikajengipun mbokbilih boten punrumaosi dening kathah-kathahing tetiyang. Sacara kajiwan, patrap makaten punika  dipunjalari/dipunsebabaken nggadhahi pangraosing raos kirang 'pracaya dhiri' utawi gadhah raos sanget-sanget kuwatosipun. Ngeyakini prakawis kang sampun sumebar (viral) senadyan dereng kantenan leres botenipun lan sajak angel punsrekal, pramila bilih angadhepi/manggihi lawan wicara sepintena yuswanipun, status sosial lan gelar, boten prelu mbudidaya nguwaosi salebeting pirembagan. Ngemutana lamun dene wonten pitutur, " Sapa sing bisa mekak obahing lathi, iku kang duwe akal budi ", mratelakaken sangsaya kathah tembung ingkang kaucapaken, sangsaya ageng bebayanipun anggenipun damel kalepatan, mila mekak obahing lathi kaprayogakaken patrap kang wicaksana. Kita perlu nglelantih ngem...

KI SADA WANGI dongenging wong wicaksana

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1ArJQrxPgj/ Ing perenging gunung Sumbing, ana sesepuh wicaksana jejuluk Ki Sada Wangi. Dheweke urip samadya nanging dieringi lan diurmati, jalaran tansah mbiyantu warga mawa pangobatan tradisional, pitutur lan elmu kanuragan. Pendhak dinane, warga teka lir gumanti, ana sing sakit, ana sing bingung oleh impen suker, ana uga sing kelangan enering urip. Ki Sada Wangi mbiyantu kang padha usada/jejampi klawan sareh lan sabar gawe rasa tentrem sarta tanpa pamrih. Senadyan umure wus sepuh, nanging badane tetep pideksa, lan saka anggane ngganda arum mula dijuluki Ki Sada Wangi. Sawijining dina, ana bocah desa cedhak kono ilang ing alas pereng gunung Sumbing. Warga bingung lan golek pitulungan. Ki Sada Wangi melu-melu urun tetulung, migunakake olah batine lan bisa nemokake dununge si bocah, slamet ing jeron jurang kasaput pedhut. Nalika kabar Ki Sada Wangi sumebar, teka Tumenggung Kerta, bangsawan sesongaran (angkuh) asal njaba...

SANG MILIUNER PUPUT UMUR KRANA TAWON CILIK (LEBAH)

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/19XyimU4jV/ Sunjay Kapoor saka negeri India, ahli waris krajan peralatan otomotip India kang misuwur. Uripe dikupengi kamewahan sarwa wah, akses kesehatan, pangan sarwa wah, jet pribadi, klub olah raga misuwur lan sadheret kabegjane urip kadonyan liyane. Salah siji kabegjan liyane yaiku Sunjay tau dadi bojone Karisma Kapoor, artis Bollywood kang kondhang banget, sulistya ing sarira. Bandha, kakuwasan, wanita (3's Ta : harta, tahta, wanita) ndadekake uripe Sunjay Kapoor sarwa komplit ing donya. Ananging..., 🤕 kabeh mau ora bisa ngalangi sawijining titah cilik yaiku lebah 🦟 njalari lumantare mungkasi uripe. 😈 Kadadean critane kira-kira ringkese mangkene : Sawijining dina, Sunjay Kapoor lagi main jinis olahraga Polo ing Guard Polo Club Inggris sawijining klub misuwur dhewe ing donya. Panggonan pakumpulane para bangsawan, para pengusaha sugih lan artis misuwur liyane. Nalika sajroning patandhingan polo lagi lumaku, Sunj...

TRÊNYUH ATI (Macapat Dhandhanggula)

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1AjMHBRQ6M/ Rinênggå sêpi ing wêngi, Sumilir angin ngrujit ati, Kèlingan janji lumintu, Sumunar pasuryanmu, Nanging adõh katõn samar, Kang tyas mung kari lårå, Jêroning ati susah, Nangis tan katõn êluh, Lir têmbang alam impi, Trênyuh ati, dudu pangangên-angên. Tansah nyimpên ing råså, Trêsnå tan biså ngucapnå, Sa-kêdhèp ra ngilang sliramu, Kåyå lintang ing langit, Padhang nanging ora têkan, Adõh nanging tansah katõn, Bangêt trêsnå, ringkêl ati, Yèn sliramu ora bali, Ati iki mung kari, Swårå têmbang kang ngrêrujit ati. JM, anganggit råså, 12725             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^]  sorogan :  nuwun sewu bokbilih rakitanipun tebih saking paugeran rumusan Macapat Dhandhanggula (awit taksih gegladhen, cobi-cobi twin sinau ngrakit) ✌️✍

AJI LAN BIYUNGE SING KALALEKAKE

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/15XSBVUhCv/ Ana bocah lanang jenenge Aji, urip bareng karo biyunge ing desa cilik kang tentrem. Bapake wis kapundhut nalika Aji isih cilik, lan biyunge sing ngopeni Aji kanthi sabar lan tulus. Saben dina, biyunge dodolan sayur ing pasar kanggo nyekolahake Aji. Suwening-suwe, Aji saya gedhe lan mundhak pinter. Dheweke banjur mangkat menyang kutha niate golek gawean. Aji olèh pakaryan sing apik lan uripe saya makmur. Nanging emane, atine Aji saya adoh saka biyunge, malah kepara wus nglalekake. Nalika biyunge menyang kutha arep niliki anake, eee.... Aji malah isin lan ethok-ethok ora kenal. > “ Nyuwun pangapunten, Ibu. Kula mboten mangertos panjenengan sinten ,” ujare Aji klawan nyenyengit ora ngenakake ati. Biyunge mung mlenggong, ngempet sakit penggalihe lan muwun. Nalika biyunge bali menyang desa atine remuk kelara-lara, nadyan mangkono tetep ndongakake anake. Lumakuning wektu pirang taun kepungkur, Aji tansah urip ...

PASADULURAN PRASAJA MUJUDAKEN SEJATOSING KABINGAHAN

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1CQGxD8rFE/ Enjing punika langit sumunar, srengenge mlethèk saking brang wetan. Sumiliring bayu ngusap kulit, mbekta raos asrep lan tentrem. Joko, Danu, lan Wiro ingkang sami sekolah ing kitha kabupaten nembe preenan wangsul dhusunipun lan sampun sami kangsenan/janjian badhe pit-pitan sesarengan blusukan ngubengi sawah lan kampung. Joko ngampiri griyanipun Danu, “ Wis siap, Danu? ” sapa aruhipun Joko kaliyan mesem. Danu mangsuli, “ Uwis! Ayo budhal, Wiro wis ngenteni ana pojok desa kaya biasane .” Sasampunipun pinanggih, lare tiga nunten nyengklak pit gowes sareng. Marginipun sepen, namung kapireng swanten ocehanipun peksi lan swantenipun ban nyakruk kerikil. Kadhang sami gegujengan, sami nyanyi lon-lonan klawan sumringah ketingal semangat! Dumugi ing pinggir lepen, sami mandheg sekedhap. Ing ngriku, angin langkung sumilir, toyanipun lepen mili bening, tetuwuhanan lan ron-ronan ijem sami goyang kadya jejogetan kesapu s...

MONTOR MABUR WURUNG MIBER (ludrug sababak)

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/16stDXQ59w/ Aku nemu tulisan ing latar akunku FB narik kawigatenku kathik lucu sisan, mula ben luwih nges aku pengin andum/ambage meneh nganggo basa Jawa ya (punten, dialoge diselingi nganggo ďhangdhut koplo 😝). Kira-kira critane ngene : Ngesuk mau montor mabur   (pesawat) Garuda Indonesia tujuan Surabaya - Jakarta wis ancang-ancang arep miber ndadak nganggo wurung budhal, gara-gara swara ribut-ribut ana penumpang klas Ekonomi jenenge Saridin lagi sepisanan nunggang pesawat asale saka Bangkalan ngotot bin ngeyel pengin tetep lungguh nang kursi 2B klas Bisnis. Alex (penumpang nomer kursi 2B iku) ujar, "Ngapunten pak, niki kursi kula!"  Saridin, "Sampyan sopo tah?" Alex, "Aku penumpang pak sing duwe kursi nomer iki." karo nuduhke bording pas-e. Saridin, "Penumpang??... aku iyo penumpang, dho-padho penumpang, dho-padho bayar.., ta iyeg..., gak usah tor-ngatorlah, enak ae rek!" 🫣 Alex njur lapur...

RÊRÊPÈN SAMASTÅ

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/16gN16FnZd/ Radityå esuk sumõrõt rêrêmêngan tètès êbun nêlêsi gêgõdhõngan. Angênku mungkur ngukur jaman  jroning winêngku donyaning kauripan. Ing sêlåning rèncèk kayu sumilir bayu kêmricik lirih ilining kali tirtå katêntrêman sidhêm sêtyå tuhu ing gumlêgêre latar rat måyå. Oh alam, têmbangnå marang aku kidung trêsnå asih kang wêning èstu. Tuladhanånå munjuk sokur sumungku ing sabên wêktu kang mêrdu. Abure pêksi anganggit akåså megå jêjogètan ing cåkråwålå. Aku kapêlêng sumungku ing ayunanNyå rumångså ålå datan suwålå. Ing sangisõr abyõre lintang aku sumarah pasrah datan kêpalang. Wit ing ayunan jagad råyå sumadhiyå dununge aso jiwå.   -Samastå, panggahå ngrêrêpi!-     -salaminyå jroning laras ati.-   JM, anganggit råså, 06725             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

SACUWIL CARIOS PENSIUNAN -renungan enjing-

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1EzzewrGE1/ Sarwa pas-pasan sacara ekonomi kangge tumut reuni mujudaken salah satunggal perang batos ingkang awrat piyambak nanging nunjem ing 'rasa pangrasa' telenging nala tumraping sawetawis pensiunan. Raos kepengin ndhatengi lan kepanggih malih kaliyan para mitra kadang lami asring winatesan manggihi cumpenipun dana. Kinten-kinten makaten andharanipun perang batos, sisan minangka paring 'empati' lan tumut ngraosaken pangraos. Perang Batos: Sarwa pas-pasan sacara ekonomi salebeting ndhatengi reuni tumraping pensiunan. 1. Kapenginan ingkang boten jumbuh kalian kamapanan. Pratelan : Salebeting manah, wonten raos kapang, kangen saged kepanggih, ngemuti samangsa kuliah, aben-ajeng kadang lami. Ananging, nalika nguningani ragad panginepan, tetunggangan utawi malah wragad urunan, pepenginan wau kedah punempet ...inggih, punika kasunyatan ingkang punadhepi/punajengi/punpanggihi.  Swanten batos : "Aku banget pengin t...

URIP SEHAT ADOH SAKA MANEKA LELARA AWIT LINGSIRE YUSWA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/19AbXvvTJN/ Miturut Dr. Wada (dhokter saka Jepang) manungsa sing ngancik yuswa 80 taun kagolong "Manungsa Begja", dene pesen-pesene supaya sinebut begja, mangkene : 1. Terusa lumaku lan ngobahake angga (olah sarira) supaya badan ora kaku kabeh. 2. Narik ambegan dawa lan jero nalika kita kacentok ing ati (tersinggung). 3. Ngombe banyu (cairan) sing akeh samangsa hawane panas. 4. Sering mamah nggayemi (ngunyah), badan lan utak/polo kita amrih duwe tenaga kekuwatan. 5. Singkuri lan sabisa-bisa ora prelu ngombe obat akeh-akeh. 6. Ora prelu banget-banget ngedhunake tensi (tekanan getih) lan kandhutan gula ing rah. 7. Tindakna apa sing kok senengi, dudu apa sing kok sengiti. 8. Apa bae sing kadadean, sakbisa-bisa aja amung ngurung dhiri nang ngomah bae, prelu nglodhangake wektu kanggo mlaku-mlaku. 9. Mangan apa bae sing kok senengi, anggere aja nganti kalemon. 10. Singkurana wong kang kok sengiti utawa sing nyengiti awakmu. ...

MBAH SURIP DUWE WEDHUS AJAIB

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/14DwzcZxWND/ Ing sawijining dina, mbah Surip lunga menyang pasar karo wedhusé. Nanging wedhusé ora kaya wedhus biasa, jenengé Si Menda. Si Menda nduwèni padatan anéh: yen krungu lagu dhangdhut, geyal-geyol kaya njoged tayuban. Sakdurungé budhal, bojone mbah Surip wis ngelingké, > “ Aja nganti mbukak speaker HP ing pasar, bisa-bisa Menda malah jogedan nang tengah pasar, ngisin-isinaké! ” Mbah Surip mung manthuk, " Iya, ya Bu. Aku wis ngerti!" Nanging ya kuwi, kakehan manthuk durung karuan ngerti tenan mbah Surip-e. Tekan pasar, mbah Surip kepengin pamer. Dheweke nyetel lagu dhangdhut saka HP-ne. Lagu "Goyang Nasi Padang" nggembreng nyuwara. Menda langsung megal-megol, muter-muter, truss... jogèd kaya penyanyi dhangdhut kondhang! Wong-wong pasar padha nglumpuk, ana sing ngrekam nganggo HP, ana sing nggeblak ngguyu kepingkel-pingkel nganti lali tuku sayuran. Satpam pasar teka, ngucap sora : > “ mBah, iki pasar...

PAK TUWÅ TUKANG SÕL SÊPATU

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/16fo2TZHsG/ Ing põjõk pasar pinggir warung sate Pak Tuwå lungguh gêthu but gawe. Tangan kriput kêbak tatu tuwå njait tlapak trompah ngrakit critå. Sabên bolah katarik alõn mbrõjõl nora amung ngrakêt cikal sõl. Ning ugå pangarêpan kang kaèsthi tumrap kang trus lumampah pinêsthi. Sêpatu rusak lir-gumanti praptånyå sinambut sumèh tan nate ngrêsulå. Nora akèh wicårå, nora nyadhõng pinuji srêgêp grêgut pinångkå swårå ati. Pak Tuwå, sirå dudu pahlawan gêgaman prang-yudå ning kapi-adrêng buwang wêktu siså yuswå. Sabên langkah sêpatu kang kõkopèni sinêlip yasan kang sêring sinupèkake puniki. Ibå gumunku tanganmu prigêl lan roså ugå landhêping pandulumu kang kêbak råså. Jroning kêsaput lêbu kõktuladhani kawicaksånån lamun mêmpêng tumandang, biså mijil kasampurnan. JM, pangalêmbånå råså, 28625             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

SIMBOK MENYANG PASAR

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/15u3iDGN2N/ Esuk iki hawané isih seger, srengéngé durung padhang banget. Ing desa cilik sing tentrem, Simbok wis tangi luwih risik tinimbang biasané. Dhèwèké nyepakaké sarapan, nggorèng tempe, nyawisaké wedang jahe anget, lan nata kranjang mligi kanggo menyang pasar. Sawisé rampung sarapan, Simbok nganggo kebaya alus lan jarik sing resik. Ing kranjangé ana sayur asem, klapa, lan jajanan liyane. Nalika padha dandan, Rini, putriné sing ayu lan pinter, nyedhak lan takon alus, " Simbok, arep menyang ngendi kok macak peni? ", takone Rini sajak karo gumun awit ora kaya biasane. Simbok mesem, banjur mangsuli, " Simbok arep menyang pasar, Nduk. Arep dodolan asil kebon lan tuku kebutuhan pawon ." Rini nyengir lan ngesun tangane Simbok, " Ati‑ati Simbok. Aja lali oleh-olehe permen asem sing abang kanggo aku ya!... hehe heheee.. " Simbok mesem manis, nerangké, " Nggih Nduk cah ayu, yen ana rejeki, mesthi Simb...

MUKIDI GAWE ULAH ING WARTEG

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/18ggnD8xHt/ Wanci awan hawane panas banget, Mukidi mlaku kalem tumuju warteg ing pinggir dalan. Wetenge kroncongan, mripate blalak-blalak ndeleng etalase kaca sing kebak lelawuhan sajak ngawe-awe : rendhang, ayam goreng, tempe orek, sambel trasi, ndhog dadar lan sayur lodheh isih kemebul. Tanpa ba, bi, bu, Mukidi nuli nudingi, :" Bu, sekul satunggal..., rendhang kalih, ayam sepotong, orek tempe kaliyan lodhehe nggih.   Oo..nggih, sambele sing kathah nggih, kersane mak nyoss..!" Bakul warteg manthuk-manthuk sinambi nyendhoke sega salawuhane nyang piring. Mukidi lungguh klawan ndemenake telap-telep karo sesepisan nyruput es teh legi. Piringe entek ludhes cepet banget mung etungan menit wae. Rampungan mangan, Mukidi mlaku menyang kasir, ngomong karo mesem lan teteg : " Bu. kula nedha sekul kalih sayur lodheh mawon tambahe es teh! Pinten Bu?" Bakule gumun (heemm.. karo nglirik piringe kosong sing maune kebak lela...

PRELUNIPUN KAULETAN, TEKAD LAN KEYAKINAN

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/18yrJwX7cu/ Manungsa gesang boten saged ngendhani saking momotan ingkang dados tanggel jawabipun. Lumantar nyanyian saged minangkani sarana ngedhaleni isining manah lan gagasan raos, ngesupenaken samukawis sesangganing gesang kang punraosaken awrat temah saged mbangun semangat enggal. Pranyatan punika ngemutaken mring kita bab prelunipun kauletan, tekad lan kayakinan salebeting nglampahi darmaning gesang. Senadyan makaten salebeting nglampahi sawernining pacoban, rekaosing bot-repoting gesang, sayogya kita tansah mituhu saha ngugemi kapitadosan kita mring Gusti Kang Ngawengku Gesang inggih Gusti Kang Murbeng Wisesa. Kita dipunwucal supados tansah ngandhelaken kekiyatan kuwaosing Allah salebeting saben jangkah tumapaking gesang ing kawontenan punapa kemawon, sisah utawi bingah, ngunjukaken puji sokur wonten ing samukawis kawontenan, punika sampun mesthi lan kedah puntindakaken. Samangsa manggihi reribet, godhan lan pep...

AJA MUNG PASRAH MARANG KAHANAN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/16qzRELBP6/ Ana bocah cilik jenenge Niko sing manggon ana ing sawijining desa ing lembah gunung. Pendhak dina, Niko mlaku adoh menyang sekolah, liwat dalan ndeder lan alas kang rungkut. Nanging dheweke ora tau ngresula, malah tansah semangat sinau. Mulih sekolah, Niko kerep ngrewangi bapake tandur pari lan ibune nggarap kebun. Nadyan uripe prasaja, Niko nduweni impèn gedhe, pengin dadi guru kanggo mbiyantu anak-anak desane sinau. Lumakuning wektu, Niko tetep sregep. Panas, udan, angin, ora kendho tekad lan semangate. Dheweke uga seneng maca buku sewan saka perpustakaan sekolah. Guru-gurune nganti kagum, gumun banget, amarga bocah cilik kuwi pinter lan ngajèni sapa bae. Sawijining dina, ana tandhing pidhato antaraning sekolah-sekolah. Niko wani melu, sanajan mung nganggo klambi prasaja lan sandhangan lawas. Nanging pidhato Niko  babagan prelune pawiyatan/pendhidhikan lan rasa sokur mencutake ati, nggèndèng ati gawe...

MUKIDI PRIKSA DHOKTER TALIRASA (dr. Syaraf, Sp)

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1C7ZJN5gKa/ Sawijining dina Mukidi ngrasakake pikirane ruwet nganggo judheg. Kadhang lali jeneng bojone dhewe, kadhang nyebut kulkas nganggo sebutan "sayang". 🫡 Sidane netepke priksa nyang dhokter talirasa (dr. Syaraf, Sp). Dhokter : " Mangga pinarak Pak Mukidi. Sing diraoske napa Pak ?" 🫴 Mukidi : " Ngeten Dhok!. Wekasan niki kala-kala kraos aneh. Kala-mangsa kula ngobrol kiyambak, kadhang ngguya-ngguyu kiyambak tanpa sebab. Kadhang kula ngundang kucing tanggane mawi nami 'mantan' !??...pripun niki, Dhok!" 🫠🤗 Dhokter (nyathet) ✍️ : " Hmmm... kadose enten gangguan ing sistim talirasa polo (utak) pusat. Napa nate supe bab-bab penting ?" Mukidi : " Nggih, Dhok! Wingi kula supe mantuk griya. Kula nginep ing pos rondha merga nginten niku griya kula (lha rak blaik nan iki!). Pas tangi, kula nesu-nesu merga semah boten ndamelke kopi ??.. Kamangka sing kula seneni niku pak RT!"...

BAKSO SETAN

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1AiZYgPiHW/ Sawijining bengi, Jono lagi lungguhan ing emper ngarep omah nalika krungu swara sing ditunggu-tunggu.  " Bakso... baksoo!..., Bakso Setan!" Klawan semangat... Jono mlumpat mlayu metu ngendheg si tukang bakso. Jono : " Abang! bakso samangkok ya, ning sing pedhes banget lho! " Tukang bakso: “ Siap Mas. Ngersake tataran (level) pinten? "  Jono : " Level satus! sisan kanggo nguji kewanen! (nyali) ", pratingkahe sajak sok-sokan kae. Tukang bakso mesem cengar-cengir nyalawadi, " Nah, iki lagi entuk tantangan!" Pirang menit sabanjure, samangkok bakso pedhes teka. Jono tanpa ba, bi, bu... langsung nyerbu baksone karo nggaya sok jagoan. Kocapa...!?... lagi sasendhok, raine katon abang mbranang kaya kesomot mawa panas, mripate kaca-kaca mbrebes mili, lan wiwit watuk-watuk ora karuan. Kanthi susah payah, dheweke ngucap, :" Bang, iki lomboke pira!?" Tukang bakso : " Ha nggi...

PANGÕN SÊJATI KÊBAK KAMULYAN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/16fya9XFuT/ Ing ngare lumaku datan sabåwå esuk grêgut angiring mendå. Alus jumangkah mrabawani ing tutur båså sagunging kamulyan tansah nggèndèng nålå. Sêsidhêman ing wicårå,  nora kêmaruk ing pangalêmbånå. Sihnyå nyåtå ing solah båwå pangõn sêjati kêbak kamulyan ing sumõrõting cahyå. Amadhangi limênging rat måyå pêpajar mring kang kaêngõn sanyåtå. Ambêktå katêntrêman jagad råyå siningkur saking prå duratmåkå.      Mugyå gêsangnyå ånå jroning wêwêngkõn    lan panuntune Sang Hyang Manõn.     JM, gagat bangun, 12625             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

BOCAH ANGON MULYA BEBUDENE

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1AsL4gXXJV/ Ing perenging gunung Merbabu, urip bocah lanang arane Thole. Dheweke dudu anake sesepuh desa, dudu anake kepala kampung, dheweke mung bocah angon sing pendhak esuk nggiring wedhus-wedhus duweke tanggane menyang ara-ara pasuketan. Senadyan urip sarwa kekurangan, si Thole duwe kaluwihan sing bisa gawe wong sadesane nggemateni lan nresnani yaiku awit saka akhlak utawa luhur bebudene. Saben-saben ngliwati omahe warga sing wus sepuh utawa nandhang sesakit, dheweke nglegakake rewang-rewang, kaya ta nggolekke kayu bakar, nggodhoke banyu wedang, ngisi banyu jedhing lsp. Ora tau njaluk opah. " Yen kita bisa enthengan tetulung, bau isih kuwat, kenapa mesthi kudu ngenteni dikongkon? ", osiking batine si Thole. Sawijining dina, desane lagi ketaman paceklik lemah garing kasatan. Sesuketan padha garing, kewan ingon-ingon padha kaliren. Akeh tukang angon liyane padha ngumbara ninggalake desa, nanging si Thole panggah ora ...

BOCAH MULYA ATINE

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1GvvtxWe6r/ Bocah wadon jenenge Gendis klas 4 SD manggone ing kampung cilik pereng gunung. Bapake buruh tani, simboke mider dodol goreng-gorengan. Kulawarga iki klebu uripe pas-pasan, nanging si Gendis tansah katon sumringah. Pendhak dina sadurunge budhal sekolah, Gendis nimba banyu sumur lan ngrewangi simboke mbunteli gorengan. Banjur dheweke mlaku menyang sekolah dohe 3 km-an. Sandhale wus amoh, tas-e suwek, ewasamono Gendhis semangat banget anggone sekolah. Ing sekolah, Gendis kerep nggawa sangu saanane, sega tempe utawa kadhang mung lawuh krupuk. Ananging nalika kancane sabangku, Jojo jenenge, ora nggawa sangu merga ibune gerah.  Gendis ambage sangune paroan karo Jojo, " Kita mangan kembulan bareng ya, ben tambah enak rasane! " celathune Gendis marang Jojo. Iya kaya mangkono iku Gendis, dheweke kerep mbiyantu kanca sing lagi kasusahan, njupuki larahan ing klas tanpa dikongkon, lan tansah ngucap matur nuwun nad...

GUSTI ALAH ESTU MAHA ADIL LAN MAHA WISESA

Gambar
    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/16GfmNueS4/ Para sutresna gegladhen basa Jawa, punika wonten seratan (ingkang sumebar ing medsos), duka leres punapa boten lan duka sinten ingkang nyerat sepisanan lan narik kawigatosan. Ingkang cetha bokbilih wonten pigunanipun, kula badhe ambage pengalamanipun tiyang sanes ingkang nandhang sakit ginjel, saged mantun awit saking ngunjuk, nginum toya klapa ijem. Kadospundi larah-larahan critanipun? makaten : Ing warsa 2001 sonten magrib, kula ngraosaken sakit sanget nalika badhe bebucal toya (pipis), kraos mampet, gumrobyos, benter-asrep ngempet sakit. Toya pipis abrit ngandhut getih, raosipun boten kantenan. Pranyata menika ingkang punwastani 'sakit batu ginjal' salajengipun kasebat sakit watu ginjel. Saderengipun, kula nyumurupi kangmas kula ngantos muwun gero-gero nandhang sakit sami kaliyan ingkang kula alami. Sasampunipun ngunjuk werni-werni obat boten kodal (ora ndayani apa-apa), kangmas kula estunipun pikantuk r...

SEPATU PARINGANE BAPAK

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/16Mb7Fc4GM/ Ing sawijining dhusun, urip ibu lan anake (12 taun) jenenge Panjul. Bapake wis kapundhut Gusti rong taun kapungkur awit kacilakan ing pagaweane. Wiwit iku, ibune gregut/mempeng nyambut gawe nampa jaitan kanggo nyukupi kabutuhan pendhak dinane. Panjul saben dina budhal sekolah nganggo sepatu sing wis amoh, warnane lethek, tapak sepatu ana sing bolong-bolong. Senadyan kerep dibebeda/dipoyoki kanca-kancane, Panjul mung bisa meneng bae. Dheweke ngerti Ibune tansah tekuk-ringkel kanggo urip padinane. Sawijining dina, sekolah nganakake tandhing nulis layang kanggo wong tuwane. Panjul gawe layang kanggo Bapake,  > " Bapak, kula kangen sanget. Kula pengin crita kathah bab sekolah. Ugi bab sepatu lami kang sejatosipun sampun boten pantes, nanging kula tetep ngangge awit ngendikanipun Ibu kita kedah ngopeni kanthi temen punapa kang kita gadhahi. Kula janji badhe dados lare kang kiyat kados Bapak. Nyuwun donga...

PANGUPAYA BAKUL TEMPE

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1BksNWxG7p/ Ing sapinggiring desa alit simbok bakul tempe pendhak dinten damel tempe piyambak lan punsade ing peken kecamatan wetan desanipun.  Sawijining enjing umun-umun kados adat sabenipun simbok bakul tempe tata-tata nedya mbekta tempenipun dhateng peken. Nanging, piyambakipun kaget nalika nyumurupi tempenipun dereng dados taksih setengah mateng. Kamangka pekenipun bikak enjing lan menawi sapunika boten kasade, dinten punika boten angsal yatra kangge nyekapi kabetahan kulawarganipun. Salebeting kuwur / bingung, goreh, piyambakipun lajeng ndedonga klawan sumungku nenuwun dhumateng Gusti Allah supados tempenipun salebeting mlampah dhateng peken ingkang kinten-kinten satunggal jam-an (amargi tebih) sageda enggal dados. Kanthi estu-estu kebak pangajengan, piyambakipun mbuntel lan ngrukupi tempenipun mawi kain lan plastik ngangkah supados tetep anget. Ing lebeting manah, bakul tempe punika pitados  lan yakin ...

NIKMATING DONYA NGGODHA ATI

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1ALLBdzDJP/  1: Nikmating donyå nggodhå ati,     mikat kitå dimèn nêbih Gusti,     lan kabèh iku tan nguripi,     nging nggèndèng kitå mring têlênging pati. Rèf.     Åjå randhat umarêkå,     sowanå ing dinå iki ugå.     Gusti wus ngantyå mring sirå     lah Pangayõmanmu kang tuhu sêjati.  2: Mårå mbuwangå sêngsêmirå,     wit iku panyidrå lan pamblasar,     ninggalå doså lan duråkå,     ngungsi mring Gusti sirå mêsthi luwar.  3: Marêk mring Gusti tan suwålå,     aywå kalungsèn kadaluwarså.     Puputing nyåwå tan kanyånå,     mula èstõknå di enggal marêkå. kadudut : kpj 57 JM, sandyåkålå, 29525             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^] [^__^] 

GAJAH CUPET PIKIRE

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1BXpW3kLif/ Ing satengahing alas ketel lan rungkut, ana sawjining gajah arane Liman. Dheweke gajah kuwat lan wicaksana nanging wiwit cilik tau ngalami kadadean sing agawe cupet pikire sarta jinja (trauma) kaweden njangkah adoh. Critane rikala isih cilik, Liman tau dibanda nganggo tali cilik dening manungsa. Liman ngupaya mberod supaya bisa ucul, nanging gagal ora kasil. Saking dene cupet pikire wiwit iku dheweke percaya yen ora bakal bisa ucul saka tali banda senadyan saiki awake wis luwih gedhe lan rosa. Ing sawijining dina, alas panggonane si Liman gajah iku kobongan. Kabeh kewan padha mlayu nylametake, nanging Liman tetep mbegegeg ngadeg ing kono, marga dheweke mikir lan mracayani yen ora bisa uwal njur mlaku adoh. Rumangsane Liman yen dheweke isih kabanda dening tali sing saprana saprene mblenggu. Rasa kaweden lan rangu ndadekake Liman kelangan wewengan wektu (kesempatan) kanggo nylametake. Dumadakan ana bocah cili...

KUPU, KUPU SING LUCU 🦋🎶🎶🦋

    kapacak uga ing   https://www.facebook.com/share/p/1AQvAvmdDc/ Kupu, kupu sing lucu mibêr ngêndi paranmu? wira-wiri åpå sing kõkluru pucuking puspå wus têmtu. Geyang-geyõng gandhulan menclõk ing êpang-pangan åpå sumiwimu nora kråså kêsêl iku? Mreneå kupu dakêncupe mêrakati swiwimu mencutake swiwimu nggèndèng ngawe-awe dakoyak... mak blêbêrrrr sajak ngece ce.... 🦋🦋 Tegå timên sliramu ninggal playu nora maèlu suwe, monêng atiku ngêntèni nunggu èsêmu. 🫰 JM, têmbang pandriyå, 25525             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^] [^__^] 

TUMINDAK KABECIKAN TUWUH SAKA ATI KANG MULYA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/19M3LD4ebZ/ Kacarita ibu-ibu banget sugihe ngadeg ing pinggir dalan jalaran montore mogok. Bola bali nyetop tunggangan montor mawa tangane nanging ora ana siji-sijia sing ngendhegi. Wektu terus lumaku... lan wiwit riwis-riwis grimis. Sangsaya kuwur atine si ibu iku marga langite sangsaya peteng. Nganti dumadakan ana montor tuwa katon ora kopen mandheg pas ing sisihe sang ibu sugih iku. Ing sopiran katon kanoman pakulitane ireng. Sang ibu iku nyawang kanoman iku uga karo migatekake montore sing wus katon amoh. Ibu sugih iku gojag-gajeg kuwatir arep melu nunggang montor iku apa ora, apa pilih ngenteni ing pinggir dalan sing wiwit peteng? Ibu iku kuwatir kasugihane kaweruhan dening sopir iku, ananging wusanane netepake pilih nunut nunggang montor iku. Sadalan-dalan, sang ibu iku ing batin dremimil donga muga-muga diparingi slamet. Sabanjure takon jeneng lan gaweane si kanoman sopir taksi iku.  " Nami kula Darmo lan d...

KAPINTERAN ING PAMBUDI LUHUR

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/18z7fYDs5L/ Sampun mratah lan kathah tiyang sepuh anganggep kapinteran lan kabodhoan adhedhasar biji rapot sekolah. Pramila tiyang sepuh ngudidaya kadospundi caranipun amrih biji rapot putranipun langkung sae. Les wulangan tartamtu dados pilihanipun. Nanging, bab kabodhoan punapa namung prakawis biji rapot? Punapa lare menawi bijinipun ing rapot sae boten badhe tumindak kabodhoan (datan pinuji)? Tumindak bodho boten pinuji (nerak budi pakerti) gampil dumados ing manungsa, awit punika gandhengipun kaliyan budi pakerti (watak). Tetiyang racakipun nggadhahi pamanggih bab kaleresan nurut alam pamikiripun piyambak. Malah, samangsa ing wekdal tartamtu boten maedahi kangge piyambakipun, saged njlomprongaken ingkang boten kininten damel serikipun ngasanes amargi nerak tatanan lan subasita. Tiyang gampil protes datan nyatiti rumiyin kasunyatanipun. Pramila, kaprelokaken sumedya pinter/wicaksana, senadyan pinter ing pawiyatan na...