NGENDHALENI HAWA-NEPSU
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1EVgvU4axh/
Tembung ngendhaleni (kendhali) racakipun wonten gandhengipun kalihan tangsul kendhali ingkang punangge ngeneraken kewan ingkang boten tutut utawi mbedhal saking garis ingkang puntetepaken.
Ngendhaleni saged pun tegesi ngempet lan nguwaosi dhiri mring pepenginan tuwin hawa-nepsu punapa kemawon langkung-langkung derenging manah mring tumindak piawon contonipun goroh, pitenah, ngasoraken lan ngawon-awon ngasanes ing ngajenging tiyang kathah, panyiksan dugeng ing merjaya ngasanes lsp...
Datan asas tetales kang kukuh kangge ngendhaleni hawa-nepsu, manungsa badhe gampil kejlungup dhawah ing jurang kanisthan/dosa. Boten ningali utawi milih-milih punapa punika jaler, estri, diwasa utawi lare-lare, kita sami dene nggadhahi sipat gampil kadereng, angot lan kagendeng bebujuking nyempal saking tata trepsila pasrawungan awit saking nuruti hawa-nepsu kalawau.
Punika asring kadadosan ing medsos, mila prayogi langkung ing pangatos-atos, murih kita saged wilujeng saking pambujuk kalawau.
Gusti Allah ngersakaken supados umat kinasihipun kaduga saha kaconggah kiyat iman pribadinipun lan anggadhahi tekad njagi kaurmatan dhiri, kulawarga twin kempalan pasrawunganipun.
Kados paugeranipun Gusti Allah :
"Sira aja laku bedhang, aja goroh lan apus-ingapusan.
Sira aja memateni sapedhanira.
Sira aja nindhes marang pepadhanira lan aja ngrebut barang darbeke. Opahe wong nyambut gawe padinan aja sira endheg nganti tumeka esuke." lsp lsp.
Sumangga, kita samya nyuwun kekiyatan lan panuntunipun Gusti Allah saha terus nggadhahi tekad datan kendhat kangge ngendhaleni hawa-nepsu, mrih makaten kita saged menang ngawonaken saking godhaning setan dhawah ing jurang kanisthan.
Mugya Gusti amberkahi...
Aa_aamin A__aamin đđ
JM, pajar-sidik, 171225
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar