K A N G E N

     kapacak ing https://www.facebook.com/share/p/16NmU3QfyG/

Esuk iku Pengadilan Negeri Semarang rame banget kaya adate. Ing antarane wong akeh sing lagi ngenteni giliran antri, katon ana bapak sepuh rikmane putih memplak klambi bathik lan peci lusuh. Tangane kriput nggujengi lembaran kertas gugatan. Mripate manglong nyawang lawang kamar sidhang.


Dumadakan keprungu, "Bapak Sosro Dimedjo?!" bengoke petugas pengadilan. 

Bapak sepuh iku manthuk alon. banjur mlaku lon-lonan mlebu kamar sidhang. Hakim Ketua nyawang nggatekake klawan satiti. Ing sisih kiwa tengene Hakim anggota liyane uga katon gumun pengin ngerti.


"Katuran lenggah, Pak". đŸ«Ž

"Bapak ngajengaken gugatan nggih? Dhateng sinten?" pitakone pak Hakim Ketua sambi buka tumpukan kertas sidhang.

"Nyuwun duka pak Hakim, kula nggugat anak kula piyambak  naminipun Aryo Satriyo Dimedjo," wangsulane pak Sosro lirih sajak bisik-bisik.

Hakim Ketua ngangkat alise, nglirik sedhela marang Hakim Anggota liyane kiwa tengen sing uga katon kaget.


Swasana kamar sidhang sidhem.

"Oo ngaten nggih pak Sosro. Saged punterangaken punapa tuntutan Bapak?"

Pak Sosro unjal ambegan jero, "mBoten neka-neka kok, Pak Hakim. Kula namung nedhi anak kula nyukani napkah wulanan miturut sagadukipun."


"Ohh, punika hak Bapak, lho. Sacara ukum lan agama anak wajib ngaturi napkah dhateng tiyang sepuhipun! Boten prelu dipun dhebataken malih!" ujar Hakim Ketua mantep.


"Nanging pak Hakim," karo ngusap kringet ing bathuke, pak Sosro mbacutke, "Kula saleresipun taksih saged nyekapi kabetahan (mampu), gadhah warisan, griya, tabungan ugi taksih cekap, kula dhongipun boten betahaken tambahan yatra!"


Kamar sidhang bali sidhem meneh.

Hakim Ketua lan Hakim Anggota padha dene pandeng-pandengan bingung.

"Loh..!! lajeng kados pundi kersanipun, Pak?", pandangune Hakim Ketua rada alus.


"Kula namung pengin nedhi yatra jajan saking anak kula, pinten kemawon, kajenge piyambake mawon.

Hakim ketua meneng sedhela. Sajake ana sing ora lumrah ing prakara iki. "Nggih  sampun. Kula badhe ngundang anak Bapak, tulung pun paringi alamatipun komplit, sokur-sokur wonten nomer tilpunipun."


Pirang dina sabanjure, ing sidhang kaping pindhone Aryo Satriyo nekani sidhang, umure kira-kira 40 taunan nganggo bathik dandanane rapi. Praupane katon kaku, bingung campur isin. Ing sisihe, pak Sosro lenggah kanthi pasuryane ora bisa dipahami.


"Sedherek Aryo Satriyo Dimedjo!?". Hakim Ketua miwiti sidhang. "Inggih.. Leres, pak Hakim." wangsulane Aryo

"Punapa pak Sosro menika keng ramanipun?", pitakone Hakim Ketua

"Inggih, pak Hakim. Panjenenganipun bapak kula!", wangsulane si Aryo.


"Keng rama ngajengaken gugatan ngersaken napkah wulanan saking sedherek Aryo. Kadospundi tanggapan sedherek Aryo?"

Aryo ngangkat raine noleh mandeng bapake sedhela, njur bali nyawang Hakim Ketua. 

"Pak Hakim, kula dados bingung. Bapak kula gadhah arta, daleme sae ageng, kagungan sawah ing Ungaran lan saperangan kios ing pasar Johar. Lha kok nunten ngersakaken napkah saking kula?", ujare si Aryo.


Hakim Ketua noleh nang pak Sosro, "Kadospundi pak Sosro?"

"Pancen ngaten pak Hakim. Nanging niki rak hak kula minangka bapakipun, ta? kula namung nedhi sekedhik kok" ujare pak Sosro kalem.

"Pinten ingkang Bapak kersakaken?" Hakim Ketua nyambungi.

"SĂškĂȘt Ăšwu kemawon sewulan cekap!" saute pak Sosro.


Wuih!.. sakamar sidhang kaget kabeh. SĂškĂȘt Ăšwu? Apa tumon, kanggo mangan sedina apa cukup ing kutha kaya Semarang iki?

Aryo Satriyo nggĂšdhĂške sirah, "Pak Hakim, niku aneh! Seket ewu kangge ngojek mawon kirang, Pak!"

"Nanging iku sing dak karepke, Aryo!" saute pak Sosro swarane geter. "Lan aku njaluk kowe ngelungke dhewe nang tanganku saben sasi, tanpa kongkonan!"


Hakim ketua wiwit nyumurupi adeg selehe apa kang kedadean 

yaiku bab 'KANGEN' sawijine Bapak marang putra kinasihe.


Ing sawetara wektu....., 🕰

"Nggih sampun!, Majelis Hakim sampun pikantuk katerangan saking pehak kekalihipun." ujar Hakim Ketua, bacute,

 "Majelis Hakim netepake :

  "Aryo Satriyo Dimedjo minangka kagugat, wajib ngaturi napkah wulanan sĂškĂȘt Ăšwu rupiah marang bapake, pak Sosro Dimedjo, diaturake langsung ora nganggo kongkonan, pendhak tanggal 5 salawase pak Sosro isih sugeng!

Sidhang ditutup" Hakim Ketua nothok palu panetepan. 🔹


Aryo mung meneng. Pak Sosro manthuk alon, tangane gemeter nalika nampani salinan panetepan.


Sadurunge padha ngadeg. Hakim Ketua ngangkat tangane, "Sekedhap pak Sosro, saged taken sekedhik?" 


Pak Sosro noleh. 😇

"Kenging menapa Bapak ngantos mekaten Pak? ngersake yatra gunggunge sekedhik kamangka Bapak sejatosipun boten mbetahaken?" pitakone Hakim Ketua.

Meneng sedhela. pak Sosro unjal ambegan, mripate kaca-kaca, eluhe wiwit nelesi pipi kripute.

"Pak Hakim,  (swarane geter karo ndhredeg.) Kula kangen sanget kalih anak kula, sampun setaun langkung boten nate nuweni kula. Piyambake iwed nyambut damel, nilpun nggih boten nate. Kamangka griyanipun satunggal kecamatan. Kula boten sereng, nanging ati punika raosipun sakit lan nelangsa. Kula sampun sepuh, duka pinten dangu malih taksih saged ningali praupane anak kula." 😭đŸ˜Ș


Aryo mbegegeg blangkemen. Raine pucet. Tangane ngepel ing pangkon. Hakim Ketua ngucek mripate, Hakim loro liyane padha ndhingkluk, kabeh wong sing nang kamar sidhang padha sesenggukan trenyuh. đŸ˜„đŸ˜ąđŸ˜­


Aryo wusanane nangis 😭 lan nubruk sampeyane bapake karo nyuwun sagung pangapurane. Dheweke janji arep nglegake wektune ing sela-selane mbutgawe sanja sowan bapake ora mung sewulan pisan, lan ngajak anak bojone.


"Aryo nyuwun sagunging pangaksama Pak"

Pak Sosro ngelus sirahe Aryo swarane geter, "Kowe ora luput, Le. Bapak mung kangen." đŸ˜Ș😭😍


Hakim Ketua nutup tumpukan kertase njur bisik-bisik mring Hakim rewange, "Muga anak-anak kita ora nganti ngenteni ana panetepan pangadilan kanggo tansah eling marang wong tuwane,  ya!" ✍️đŸ«°đŸ€—


Kamar sidhang esuk iku dikebaki tetangisan, ora merga dudu pepancasan kaadilan kang ditetepake, nanging rasa kangen sing dicidrani!?


"Oh rindu..., aku rindu...uu

aku rindu. kepadamu... đŸŽ¶đŸŽ”đŸŽ¶


Mugya tentrem rahayu kang pinanggya..... 

Gusti amberkahi...  Aa_aamin A__aamin 🙏🙏


JM, gagat bangun, 051225

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangĂȘn-