TUMAPAK NINGGALAKE WARSÅ
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1AboDuMai6/
Tumapaking wêktu datan rinåså..
wus ngancik ing pungkasaning warså..
yåå warså kang kêbak prihatin samyå..
saliring sumpênå ambyar sanalikå binarung pra kadang nalångså.
Jroning wulan mungkasi warså puniki..
dèn pangarêpan kang kaèsthi..
nêdyå angantu wujuding pakarti..
ambyar katrajang toyå anggêgirisi.
Madyaning wulan kawuri tumuju tanggap warså enggal punikå..
saperangan agêng prå kawulå sayuk rukun samyå..
paring pambiyantu bot-momotan kadang kang kêtaman duhkitå..
sing bêncånå banjir bandhang kang ngrusak bantålå.
Prå pamêngku pråjå, pandheganing nagari twin prå kawulå..
sayuk rukun bêbarêngan gyak dènnyå cancut taliwåndå..
rinå wêngi mulåsårå kurban bêncånå..
datan kêndhat anggêgilut ngrêkså.
Mendah agung Sihe Gusti muji sokur karaharjan kang tinampi..
saliring kawulaning pråjå NKRI..
samyå asung dåyå ing pambudi..
kêklumpuk tåndhå-sih nêdyå nyudå boting råså prå kadang ing kasêdhihan ati.
Salam sehat! Salam rahayu samyå!..
kitå bångså Indonesia kang mulyå..
SUGENG TUMAPAK NINGGALAKE WARSÅ..
WARSÅ RONGÈWU SÊLAWE kang kêbak lêlimêngan prå jalmå.
JM, pucuking warså, rõngèwu sêlawe
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]

Komentar
Posting Komentar